Headlines

Bagawad Gita


 

1. VISHADA YOGA
Wejangan ingkang kaping Sapisan : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Sungkawa

Sampun ka aturaken, bilih Surat Bagawad Gita punika nggelaraken Ilmu kasunyatan utawi ilmu Hakikat, minangka sangu ingkang boten kenging katilar tumrap manungsa ingkang nedya ngrampungaken evolusinipun, wangsul dhateng kasidan jati, sarana Panunggaling Kawula Gusti.

Ilmu punika kawedhraken dening Sri Bathara Kresna (Pangeran) dumateng Sang Harjuna (Manungsa Agung), nalika badhe tapuking Perang Brata Yuda (Perang prambastaning Angkara lan Murka)

Supados Prabu Drestharata saged nyekseni lampahing paprangan, Sanjaya pepatih dalem Prabu Drestarata dening Bagawan Abiyasa kaparingan Aji Panrawangan, supados saged nyariosaken lampahing paprangan saking Kraton Ngastina, dhumateng Prabu Drestharata.

Prabu Drestharata ndangu :

01. “Heh Sanjaya! Ing medhan Kuruksetra, medhan perjuangan, apa wae kang lagi di tindakake dening putra-putra Manira lan putra-putrane Yayi Pandhu, kang wus padha nglumpuk ing kono, sinurung ing semangat tempur kang makantar-kantar?”.

02. Sanjaya matur : “Dhuh sang Prabu, sasampunipun maspadakaken  pancakbarisipun  wadyabala  Pandhawa,  putra  Paduka Prabu Anom Duryudana tumuli nyelaki sang Guru Durna, saha lajeng ngandika :

03. “Dhuh Bapa Guru! Mugi kawaspadakna Wadya bala Pandhawa, ingkang tuhu nggegilani, ingkang bebarisanipun katata dening siswa paduka Sang Drupada kanthi wicaksana, siyaga nggempur mungsuh.

04. Tuhu kusumaning palagan sadaya para pangembat jemparing punika, mboten beda kaliyan Harjuna lan Bima, kadosta : Yuyudan, Wiratha, lan Drupada, ingkang sadaya sami tetumpakan wahana ingkang ageng-ageng.

05. Salajengipun, Dresthaketu, Cikatana nata ing Kasi, ingkang wanter wantu watakipun, lajeng Purijit lan Kunthiboja lan Saibiya, bebanthenging para prajurit.

06. Yudamanyu ingkang gagah prakosa, Utamanya ingkang sampun kondhang kasudiranipun, para kadangipun Drupada lan Subadra, sadaya sami tetumpakan wahana ingkang ageng-ageng.

07. Minangka tandhingipun, para sinatriya ingkang sampun sami kepareng mbiyantu kita, kanthi ngetohaken jiwa raga bandha bau, tetungguling wadyabala kita, para senapati kita, keparenga kula sebutaken satunggal-satunggalipun.

08. Ing sakawit Paduka piyambak, Bapa Guru lajeng Eyang Bisma, raka adipati Karno, Bapa Kerpa ingkang ing palagan tansah unggul juritipun, lajeng Aswatama, Wikarna, Somadati lan Jayadrata.

09. Lan taksih kathah sanget malih, para kusumaning perang, ingkang sami sukarila ngurbanaken jiwa raganipun, nglabeti lestantunipun jumeneng Manira ing praja Ngastina, siyaga gegaman ingkang maneka rupa, sadaya sami limpat ing olah kridhaning perang.

10. Punapa kinten-kinten wadyabala kita, ingkang tinindhihan dening Eyang Bisma, kiyat naggulangi panggempuring mengsah, igkang cetha sampun siyaga ing samudayanipun, sarta kapimpin dening Bima?

11. Mila sinten kemawon, sampun ngantos nilar pakemitanipun, nglirwakaken tugas kuwajibanipun, saha sami kersa-a ing sawanci-wanci asung pitulungan dumateng Eyang Bisma.

12. Murih damel ageng lan bombonging panggalihipun putra Padhuka, Sang Bisma, pinisepuh para Kurawa, nuli nyebul selompretipun. Ungelipun lir panggemboring singbarong, ngantos damel horeging angkasa.

 13. Gong, bendhe, beri, slompret, tambur, terbang saking pakuwon-pakuwon ing kiwa tengen, wingking, ngajeng, sami sesautan, ngejori panyelompretipun Sang Bisma, ngantos sundhul ing awiyat.

14. Minangka jawabaning panantang wau, Madawa (Trahing Madu

= Kresna) lan Pandhusiwi (Harjuna, ingkang tetumpakan wahana tinarik dening kuda-kuda ingkang dhawuk warninipun serta bregas lan trengginas trajangipun, lajeng sami nyebul slompretipun piyambak-piyambak, pusaka-pusaka ampuh, ingkang ageng prabawanipun.

15. Hrsi Kesya (Kresna) nyebul slompretipun ingkang winastan Pancajanya (kasunyatan lima), Dananjaya nyebul slopretipun winastan Dewadatta (Peparinging Jawata), Bima slopretipun ingkang aran Pahundra (Pangggendir).

16. Yudhistira utawi Kunthiputra nyebul slompretipun Anantawijaya (Papesthen kang luwih luhur) Sadewa lan Nakula sami nyebul slompretipun ingkang aran Sugosa (Larasing gesang lan manipuspaka (Mutiaraning kembang).

17. Makaten ugi Kasya ingkang nyangking gandhewa ageng lan Srikandi ingkang tetumpakan wahana, wiratha, Drestajumena lan Satyaki ingkang luber ing kasudiran.

18. Para santananipun Drupada lan Drupada piyambak, Saubadra ingkang pothok pawakanipun, sadaya wau sami nyebul slompretipun piyambak-piyambak tanpa kendel.

19. Ingkang damel horeging bumi lan langit, saha damel kekes lan girising penggalihipun para satukurawa.

20. Mulat wadyabalanipun Kurawa Ngastina lan para sekutunipun, Sang Harjuna ingkang umbul-umbulipun sinulaman gambaring wanara, nuli ngasta gandhewanipun.

21. Saha lajeng matur dhumateng Sri Kresna, Nata Agung Hrsi Kesya: “Dhuh Aciyutt, kersa-a mapanaken kareta kawula ing tengah-tengahipun medhan laga, antawisipun wadyabala kekalih.

22. Supados kula saged maspadakaken sinten-sinten kemawon ingkang sami ngajab-ngajab dados lawan kawula.

23. Kula kepengin nyumerepi sinten kemawon ingkang sampun siyaga ing ngriki, mbombong penggalihipun kaka prabu Duryudana, panjalmaning Murka, sarana ngatingalaken greget tempur ingkang makanthar-kanthar.

 24. Sanjaya matur : “Sasampunipun midhanget aturipun Gudha Kesya, Hrsi Kesya tumunten nglamapahaken tutungguling kereta perang dhumateng tengah-tengahing medhalaga.

25. Mboten tebih saking jumenegipun Resi Drona lan para nataning bawana, saha lajeng paring dhawuh: : Heh Parta, mara ta waspadakna salwiring wadyabala Ngastina lan para senapatine!”.

26. Ing riku sang Parta nuli priksa para kadang kadeyan. Wonten ingkang kaprenah uwa, paman, paman lan uwa saking ibu lan saking bapa, nak sanak, keponakan lan putu naksanak lan sapanunggalanipun, saha ugi para guru.

27. Salajengipun para bapa marasepuh, mitra mitra lan para tepangan tanpa wicalan. Wonten ingkang sami mbiyantu wadyabala Ngastina Pandhawa, sami kathahipun.

28. Ing riku raos sungkawa sumurup ing panggalihipun Sang Harjuna, lajeng Harjuna matur dhumateng Sri Kresna, alon, lungkrah, pedhot-pedhot wijiling suwantenipun. “Dhuh kakang Prabu, menawi kula nyumerepi para sanak, kadang kadeyan sami siyaga ing perang pupuh.

29. Lajeng lemes bahu suku kula, tutuk, cethak, gurung, kraos peret seret, mrinding saranduning badan, mengkorog githok kawula, serta njegrak rikma kawula.

30. Gandhewa mrucut saking asta. Benter kumetep raosing kulit. Kula sampun mboten kiyat ngadeg malih.

31. Kajawi punika karaos ing manah, bilih badhe timbul kedadosan-kedadosan ingkang mboten sae, dhuh Kesyawa, menawi perang punika kita terusaken. Kados pundi sagedipun tuwuh kesaenan, menawi sanak kadang sami pejah pinejahan?”.

32. Kula mboten kepengin angsal kawijayan ing medhan laga, kula mboten kepengin kanikmatan utawi ndarbeni panguwaos ing donya. Punapa pedahipun mernata lan mengkoni negari, malah punapa ta paedahipun gesang punika?

33. Saya-saya manawi kita ngengeti, bilih ing sejatosipun, ingkang kita padosaken kawijayan, kaluhuran, kanikmatan lan kamulyan punika mboten sanes inggih sanak kadang kita, ingkang ing sakpunika sampun sami nggiligaken tekad ngorbanaken jiwa raga, saha temtu badhe nemahi lebur ing paparangan.

34. Kula mboten gadah sedya ngawonaken lan mejahi para guru, paman, uwa, eyang-eyang, para marasepuh, putu-putu, keponakan lan ipe-ipe, sarta kadang kadeyan sanes-sanesipun.

 35. Kula babarpisan mboten nedya ngarah pejahipun para kadang ingkang dados lawan kita, sanajan kula badhe kaganjar kepareng mengkoni bumi punika, minggahipun kajumenengaken dados ratuning Tri Bawana (Jagad manungsa, Jin lan Dewa). Luwung kula manggih pejah ing rananggana.

36. Manawi para Drestarata-putra sampun sami sirna, kanikmatan punapa ingkang taksih saged kita raosaken ing donya punika sasampunipun nglamapahi dosa ageng ingkang mboten kenging tinebus, inggih punika sasampunipun nyirnaaken para satriya wau.

37. Sirnanipun para Kurawa Ngastina mboten badhe nambah haruming nama kita. Punapa para Kurawa Ngastina punika sanes kadang kita piyambak? Lan sok sinteno ingkang sampun mejahi kadangipun piyambak, kados pundi tiyang punika wau saged manggih kamulyan?.

38. Sanadyan lawan kita mboten ngrumaosi dosa, mejahi mitra, sanak lan kadang, margi kasurung dening angkara lan murka, punapa tumrap kita mboten langkung wicaksana, menawi kita nyingkiri pandamel ingkang nistha punika?.

39. Dhuh Dhuh kaka prabu! Kasangsaran punapa kemawon ingkang badhe timbul margi saking wontenipun pepejah ingkang tanpa wicalan punika?.

40. Manawi kautaman ingkang dados ugering kasatriyan brastasirna, tatasusila ingkang sampun dados naluri suci temtu badhe sirna, masyarakat lajeng tanpa tatanan.

41. Manawi masyarakat pinuka ical tatananipun, para wanita ugi ical kasusilanipun. Manawi para wanita sampun ical kasusilanipun, masyarakat tamtu bobrok risak, tangeh sagedipun pulih dados sae malih. Sebab manawi para wanita sampun mboten ngertos kasusuilan, temtu makaten wau badhe anjalari campuripun kasta.

42. Jalaran saking campuripun kasta, bangsa lan ingkang damel risakipun bangsa sami-sami tumuju dhateng naraka. Arwahipun para leluhur ingkang mboten binantu dening puja-bratanipun turun-turunipun, saestu badhe nemahi sangsara lan mboten kuwaos malih tumut paring pangayoman dhateng turun- turunipun iangkang taksih gesang ing donya.

43. Jalaran saking kasalahanipun tiyang-tiyang ingkang sami ambrastha para sinatriya agung, tatanan masyarakat dados risak.

 Menawi keluarga sampun ical cepenganipun bab kautamaning agesang, sirna ugi kaluhuraning budi pakerti.

44. Manawi hukum-hukuming kautaman lan kasatriyan sampun sirna ing jagading manungsa, kita prasasat gesang ing salebeting naraka. Makaten piwucalipun para pinisepuh.

45. Dhuh, dhuh kaka Prabu! Yekti kesalahan ingkang ageng sanget ingkang badhe kita lampahi, manawi jalaran saking kepengin nikmati kaluhuraning kaprabon, kita tega mejahi sanak lan kadang!.

46. Dhuh, dhuh Sri Kresna! Mugi-mugi para Kurawa Ngastina mangke, manawi kula majeng ing palagan tanpa mbekta dedamel lan tanpa sedya anglawan, sami purun mejahi kula. Mboten manawi makaten punika ingkang prayogi piyambak”.

47. Sanjaya munjuk : “Wasana Harjuna ing tengah-tengahing medhan laga lajeng ngalumpruk ing salebeting karetanipun, sarta mbucal gandhewa lan endhongipun, manah peteng, pangripta bingung, margi saking agenging-sungkawanipun.


Punika piwucal winadi, ingkang kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, Winastan : “Lawan sabda Kresna lan Harjuna”’ Wejangan ingkang kaping sapisan, “Panunggalipun Harjuna Lumantar Sungkawa”.

Keterangan : Ing ayat 42 kasebut bilih campuring kasta badhe damel risaking bangsa. Kasta punika ing suwau tegesipun warnining kulit, lajeng anggadhahi makna golongan utawi kelas. Ing India dumugi sapriki masyarakat punika kabagi dados sekawan kasta. Kasta ingkang nginggil piyambak kasta Brahmana, nomer kalih kasta Satria, nomor tiga kasta Waisya, lan nomor sekawan kasta Sudra.

01. Kasta Brahmana tugas kuwajibanipun mucal sawarnaning ilmu, ilmu lahir lan ilmu kasunyatan, sarana sepi ing pamrih tumrap dhiri pribadi. Kuwajibanipun namung damel pepadhang, sarta nindakaken puja-brata, nenuwun dhateng ingkang Maha Agung supados kersa ngluberaken Sih-Pangayoman dhateng sadaya titah. Para Brahmana sanadyan taksih gesang ing donya, kedah sampun ngungkuraken kadonyan.

02. Kasta Satria tugas kuwajibanipun mernata lan ngayomi masyarakat lan negari, serta nindakaken keadilan. Tujuanipun sarana tindakan-tindakan ingkang patitis lan tegas damel kerta raharjaning negari. “Wewatekaning Satria kedah luhur, jujur, mumpuni ing salwiring ilmu kanegaran, tebih saking ngupadi milik lan keuntungan tumrap dhiri pribadi”.

03. Kasta Waisya. Punika kasta petani, pedagang lan industriawan. Tugas kuwajibanipun ngawontenaken pasedhian barang-barang keperluan sadinten-dintenipun tumrap masyarakat lan negari. Kedah mumpuni bab ilmu ing bidhangipun piyambak- piyambak. Wewatekanipun gemi, nastiti, petung. Tujuanipun angsal kebathen, keuntungan. Tujuan makaten punika sumberipun watak murka.

04. Kasta Sudra nindakaken pendamelan-pendamelan ingkang murakabi tumrap gesang bebrayan lan masyarakat ingkang dipun prentahaken dening kasta-kasta sanesipun sarana angsal opah utawi imbalan.

Ing jaman sapunika ingkang dados sesulihipun para Brahmana, inggih punika para Ulama lan para Guru, awit saking Guru TK ngantos dumugi para Dosen, doktor lan profesor ing Universita- universitas. Ingkang dados sesulihipun para satria inggih punika para Pegawai Negeri Sipil lan ABRI, serta para pegawai Swasta.

Kasta Waisya ing jaman kuna sami mawon kaliyan ing jaman sapunika. Ingkang dados sesulihipun kasta Sudra inggih punika para pekerja lan buruh sanes-sanesipun.

Campuring kasta temtu badhe ndhatengaken campuring wewatekan, temahan badhe wonten tiyang ingkang kagolong kasta satriya anggadahi wewatekan waisya lan seneng padhos bebathen lan keuntungan. Ing sarehne ing kalangan kasatriyan (Pegawai Negeri) satuhunipun mboten wonten bidhang ingkang saged ngasilaken keuntungan, sagedipun angsal keuntungan temtunipun namung sarana nindakaken korupsi lan pemeresan. Anggota-anggota kasta brahmana (Guru) ingkang kepengin keuntungan, lajeng purun nglulusaken murid-muridipun waton angsal arta. Mekaten sakpiturutipun. Bebaya ingkang makaten punika ingkang dipun kuwatosaken dening Harjuna ing ayat 42. Ing jaman sapunika wewatekan tiyang punika sampun mboten wonten sesambetanipun malih kaliyan kalungguhanipun. Punika ingkang  dados  sebab  tuwuhipun  kekisruhan  warni-warni.

 Kekisruhan-kekisruhan punika namung saged dipun cegah sarana pendhidhikan lan seleksi, sarta ancaman hukuman, ingkang ugi dipun leksanakaken, manawi saestu wonten kekisruhan ingkang timbul.

Ayat 42 ugi nyebutaken, bilih arwahipun leluhur ingkang mboten binantu dening puja bratanipun turun-turunipun ing akherat badhe ngalami kawontenan ingkang kirang sae. Kapercayan ingkang makaten punika, saestunipun ingkang dados dhasaring naluri caos bekti wonten ing pasareyan-pasareyan ing wulan Ruwah. Tujuan nyadran ing wulan Ruwah saleresipun memuji supados arwahipun para leluhur tetep tentrem lan muluya ing alam akherat, dados mboten nenuwun dhateng para leluhur supados paring berkah dhateng kita. Sebab beja lan cilaka ing donya punika mung gumantung amal utawi karma kita piyambak.

Wejangan ingkang kapisan punika ugi dipun wastani “Panunggaling Harjuna lumantar sungkawa”. Nuwun para maos, Ing Ajaran Agami Islam, wonten kalimat ingkang mungel “Inna lillahi wa inna ilaihi rooji’un, ingkang ateges “Saka Alloh asale lan menyang Alloh baline!”. Kalimat punika saged dipun suraos, bilih ing sakawit manungsa punika manunggal kaliyan Alloh saha ing wasananipun manungsa wau manunggal malih kaliyan Alloh.

Mirid saking kalimat ing nginggil wau saged dipun tetepaken bilih manunggaling manungsa kaliyan Pangeran, utawi panunggaling Kawula Gusti mujudaken tataran ingkang pungkasan ing salebeting evolusinipun manungsa. Miturut piwucaling agami umumipun, panunggaling Kawula Gusti punika saweg saged kalampahan manawi manungsa sampun tilar donya, dados wonten ing alam akherat. Para Nabi lan Rosul ingkang sami mencaraken agami wau mucal, nalika para panjenenganipun wau masih sami sugeng, bilih manungsa punika saged sowan ing ngarsanipun utawi manunggal kawontenan kaliyan Pangeran. Kamangka ingkang dipun wucalaken dening Para Rasul punika temtunipun dhedhasar pengalaman. Mokal menawi Para Nabi wau sami ngandikakaken penggorohan utawi ngapusi.


Bab Sungkawa minangka lantaraning Panunggal.

 Tiyang ingkang saweg nandhang sungkawa, sarta ngraosaken susah ingkang ngantos nandhes dumugi telenging batin, punika salaminipun sungkawanipun dereng kabirat, sampun mboten gadhah pepinginan utawi kekajengan malih. Ciptanipun (perasaanipun) lan riptanipun (pikiranipun), sampun mboten tumandang malih. Wontenipun namung susah ingkang ngantos dumugi ing telenging jiwanipun. Ing riku menawi jiwanipun kiyat lan manahipun teguh, tiyang wau saged keturunan heneng- hening, lan manawi wonten begjanipun piyambakipun saged tampi ageng-agenging kanugrahan sarana binukanipun kasadharan lan pangertosanipun, bilih gesang sejati punika satuhunipun pangejawantahipun Pangeran. Sakedhap piyambakipun sampun saged ngalami panunggaling kawula lan Gusti. Ing riku ical sakathahing raos sungkawa, susah, sedih. Ingkang wonten namung tentrem, ayem lan kamulyan lan keagungan ingkang nglimputi alam ingkang gumelar. Kawontenan ingkang makaten wau ingkang dipun alami dening Harjuna, nalika raos sungkawa ingkang mboten wonten pindhanipun sumusup ing telenging jiwanipun. Ing Kitab Qur’an marambah-rambah dipun terangaken “Inna Alladyna amanuu wa amiluu sholihati wa aqaamuu al shalata wa atawu al zakata, la hum ajru hum yahzanuuna”. Tegesipun, : Sapa-sapa ingkang gedhe imane lan nindakake pakerti kang becik, nglakoni lan memulang sembahyang sarta menehi zakat diparengake sapatemon karo Alloh. Ora bakal kataman ing rasa was, sumelang, wedi lan ora bakal ketaman rasa susah. Manungsa ingkang salebeting gesang ing ndonya punika, sampun mboten kataman raos was sumelang lan sedhih malih, saestu sampun mboten nate pisah saking Pangeran.


2. SANGKYA YOGA 

Wejangan ingkang kaping Kalih : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Ilmu Sangkya (Tetabuhan, Gendhing, Sekel)


01. Dhumateng ingkang lemes, tanpa kekiyatan, nglumpruk- trenyuh manahipun, margi kebeken ing raos welas asih, netra kekembeng luh, Sang Madusudono (Kresna) angandika :

02. “Heh Harjuna! Ya gene ing wektu kang kaliwat gawat iki, sira mbanjur  mbingungi,  kelangan  keblat  lan  akalmu?”  Iku penghianatan, ingkang ora pantes banget tumrap bangsa Aria. Ora ana gunane lan ora njejegake kautaman.

03. Kipatna pepes-apesing rasanira iku. Ora pantes banget tumrap ing sira, heh Parta. Lha apa sira iku kadunungan atining budhak utawa sudra? Mara enggal tangiya he Parantapa!”.

04. “Dhuh Sri Kresna, kados pundi kula mangke, ing salebetipun bandawala, sagedipun nyipataken jemparing-jemparing kula, tunuju dhateng Eyang Bisma utawi Bapa Drona, kekalihipun pinisepuh ingkang wajib kapundhi-pundhi dening sok sintena kemawon?

05. Kula langkung remen nedha saking angsalipun papariman, tinimbang nyirnakaken para guru agung wau, lajeng pesta handrawina nikmati tetedhan ecam ingkang sampun karegedan dening wutahipun darah para guru agung.

06. Kados pundi sagedipun kita nyumerepi punapa ingkang ing wusanannipun langkung sae tumrap kita? Pundi ingkang langkung prayogi, kita ingkang unggul juritipun utawi Kurawa Ngastina ingkang unggul juritipun? Satuhunipun gesang kita mboten badhe wonten paedhahipun babarpisan, manawi para Drestharata putra sampun sirna sedaya? (Catatan : Punapa perlunipun gesang manawi sadaya pepenginan sampun ical?)

07. Huh Sri Kresna, tiyang ingkang was sumelang, miris manahipun, margi kataman dening raos welas ingkang damel bimbanging manahipun, tiyang ingkang saweg guncang imanipun, sesambat dhumateng paduka. Punapa ta saleresipun ingkang dados kuwajiban, punapa ta ingkang kedah dipun lampahi ingkang prayogi piyambak? Dhuh Sri Kresna! Kresna paring pitedah dhumateng siswa Paduka, ingkang tansah memundhi Paduka.

08. Tuhu kula mboten sumerep punapa ingkang saged mbengkas raos sungkawa ingkang nglumpuhaken indriya kawula. Raos-raos kula tetep mopo majeng ing palagan, sanadyan ta kula kaparingan pangawaos ingkang tanpa wangenan ing bumi punika utawi kadadosaken ratunipun para Dewa”.

09. Sasampunipun ingkang makaten punika, Sang Harjuna lajeng mungkasi aturipun kanthi ngandika : “Kulo mboten badhe majeng ing palagan!” Lajeng mboten kumecap malih.

10. Dhumateng ingkang saweg lungkrah, lampuh, nglempuruk ing tengah-tengahing medhan laga, Sang Kresna, polatan padhang semu mesem angandhika :

 11. “Sira iku nangisi papesthene para prajurit kang bakal padha gugur ing medhan laga. Nadyan kabeh ingkang sira aturaken mau wis bener, nanging mangkono iku ora perlu gawe sungkawane ati nira. Barang ingkang kanggonan utawa koncatan napas ingkang tansah manjing mijil, iku ora gawe sungkawane para sadu.

12. Durung tau Manira iku ora ana, mangkono uga sira, lan para nataning bawana kabeh. Lan ing mbesuk uga ora bakal ana kalamangsane, kita kabeh leren anggone ana.

13. Yen ingkang manggon ing sajroning badan iki wis ngalami mangsa bocah, mangsa taruna lan mangsa wredha, dheweke mbanjur ngalami salin raga maneh. Jalaran saka iku tumrap Sang Sadu urip lan mati iku ora ndadekake sedhihe ati.

14. Gepok senggole Jagad Cilik lan Jagad Gedhe bisa nuwuhake rasa panas, adhem, seneng lan susah. Ana kalamangsane teka, ana kalamngsane lunga. Anane mung kari dilakoni kanthi sabar.

15. Kang ora bisa kataman dening wolak walike kahanan, lega, rila, nrima sajroning suka lan sungkawa, heh unusaning jalma, iku temen bisa manjing ing Kalanggengan.

16. Kang ora anak iku ora bisa dadi ana. Lan kang Ana iku ora bisa tumeka ing Ora Ana. Bedane Ana karo Ora Ana iku kang bisa meruhi mung kang wus bisa waspada marang Kahanan Jati.

17. Kawruhana yen Dheweke kang dadi mula bukane kabeh kang gumelar iki, iku tan kena ing rusak, anane tanpa nganggo watesan. Mula majua ing palagan!.

18. Kawruhana yen dheweke ingkang dadi mulabukane kabeh ingkang gumelar iki, iku tan kena rinusak. Sapa kang bisa nyirnaake Dheweke kang sipat langgeng?

19. Yen badan iki pancen ana kawitane lan ana pungkasane, nanging kang sipat langgeng kang ngrasuk badan iki, iku tan kena ing rusak, anane tanpa nganggo watesan. Mula majua ing palagan tanpa nganggo was sumelang!

20. Kang ngarani yen dheweke iku gawene mateni, utawa bola- bali dipateni, karone kleru kabeh. Dheweke ora mateni lan ora bisa dipateni.

21. Dheweke iku ora nganggo lair, mula ya ora nganggo mati. Ing sarehne ora nganggo Dumadi, Anane ora nganggo uwis. Tanpa nganggo dilairake, Dheweke iku kuna-makuna padha wae. Dheweke ora melu mati, yen badan iki tumeka ing lebur.

 22. Sapa kang wus ngerti yen Dheweke iku sipat-sipate kaya mangkono, kepriye anggone bisa ngarani, yen Dheweke iku tau mateni utawa tau dipateni?

23. Yen sandhangan iku wus lawas lungsed banjur ora dianggo maneh. Minangka gantine uwong banjur nganggo sandhangan anyar. Mangkono uga tumrap badan wadhag iki. Yen wadhag iki wis lebur, sing maune menggon ing kono, banjur golek lan manggon ing wadhag anyar.

24. Ora ana geggaman sing bisa natoni Dheweke, ora ana geni sing bisa mbrongot Dhewewke, Ora ana banyu kang bisa nelesi, ora ana angin kang bisa nggaringake Dheweke.

25. Ora bisa dipecel, ora bisa diobong, ora bisa ditelesi, ora bisa digaringake, ana ing salawas-lawase sarta ing saenggon-enggon. Sanadyan mangkono panggah ora tau owah.

26. Tan kena kinayangapa, ora kena dijamah dening indriya, ora kena ing owah gingsir. Kang wus nyadari yen Dheweke iku kaya mangkono sipat-sipate, sayekti wis ora pelu nandhang sungkawa.

27. Manawa sira darbe panemu, yen Dheweke iku bola-bai lair lan bola-bali mati, mangkono iku, heh pahlawan kang gagah prakosa, uga ora perlu njalari sungkawanira.

28. Apa sing nganggo dilairake, wis mesthi bakal nemahi pati, kang mati urip maneh. Kahanan lir-gumanti kang wus ora kena disingkiri iku, ora kena njalari tuwuhe sungkawa.

29. Kawitane sakeh titah ora ana kang bisa nyeksesni, kang bisa disekseni mung madya kahanane. Wusanane kabeh titah uga ora bisa disekseni. Dadi aja sira nadhang sungkawa!

30. Ngeramake sipat-sipate Dheweke iku tumrap kang wis padha bisa nggraitani, ngeramake, lan sanadyan wus bola-bali diterangake, sabenere ora ana kang padha mangerti tenan.

31. Kang tan kena ing tatu iku dumunung ing ragane, kabeh makhluk, heh Barata! Jalaran saka iku sira ora perlu nyedhihake nasibe sapa wae, heh Harjuna!

32. Elingana lan lakonana wae apa kang dadi darmanira pribadi, tanpa nganggo was-sumelang. Ora ana barang kang luwih utama tumrap satriya tinimbang karo nempuh peperangan kang wus dadi kuwajibane.

33. Sayekti begja kemayangan para satriya, kang tanpa nganggo digoleki, tanpa nganggo diseja, diparengake nempuh peperangan kang mangkono iku. Prasasat wus diparengake manjing ing suwarga.

 34. Yen sira ngoncati peperangan mbelani keadilan iki, heh Parta, Yekti sira bakal dadi wong kang nistha, tanpa kautaman, tanpa ana ajine, marga sira dosa nglirwakake kuwajibanira kang pokok.

35. Ing salawas-lawase sira bakal dicatur nganggo tetembungan kang gawe wirang. Tumrape wong kang ngajeni awake dhewe, apa ora luwih becik mati tinimbang wirang?

36. Harjuna wus ngucireng yuda, Mangkono panemune para satriya, lan sira kang maune kajen-keringan, sabanjure wus ora kalebu petung maneh.

37. Lan akeh tetembungan kang ora patut mesthi dienggo nyatur sira. Disepelekake, diremehake dening lawan, lan apa ora cilaka banget!

38. Yen sira gugur sajroning peperangan, sira bakal antuk suwarga. Yen unggul juritira, sira bakal ndepani bumi. Mara tangiya heh Kuntiya lan majua ing palagan!.

39. Anggepen bungah-susah, untung-rugi kang sira alami ing palagan ora ana bedane. Cancuta lan siyaga-a ing yuda. Ora bakal sira kena ing pangerang-erang utawa nandang kawirangan.

40. Mangkono iku miturut wawasane Ilmu Sangkya. Mara saiki rungokena wejangane Ilmu Yoga. Yen sira bisa njajagi piwulange, sira bakal bisa luwar saka pambandane karma.

Cathetan : Yoga punika maknanipun panunggal utawi lampah minangka anggayuh panunggal.

Karma tegesipun amal utawi pandamel. Tembungipun sak punika perbuatan. Karma ugi anggadhahi teges uwohing pandamel. Ing salebeting gesang manungsa punika sajatosipun mboten gadah kamerdikan. Salaminipun gesang manungsa kadeh kapeksa nglampahi karmanipun (Pandamelan-pandamalenanipun ingkang kerep sanget mboten dados kajengipun utawi kasenenganipun piyambak. Manungsa tansah kapeksa tumandang supados saged nyekapi keperluanipun raganipun (Nafsu aluamah), nyawanipun (Nafsu amarah), Sukmanipun (Nafsu supiyah) lan jiwanipun (Nafsu mutmainah). Sadaya amal perbuatanipun wau, mboten sanes amung dhedhasar pepenginan-pepenginannipun ingkang maneka rupi. Pepenginan-pepenginanipun punika ingkang meksa manungsa supados tumandang. Manungsa ugi kapeksa tumandang jalaran kedah ndhadha uwohipun pendamelan- pendamelanipun ingkang sampun.

 Mila ingkang dipun namakaken Karsa Mandhiri tumrapipun manungsa limrah punika saestunipun namung tetembungan ingkang tanpa teges.

Ing ngajeng sampun kula aturaken, manawi tegesipun karma punika panggawe utawi perbuatan. Sawujining panggawe utawi karma punika mengku ebahipun unsuring agesang tigang warni, inggih punika ebahing Cipta (Perasaan) ingkang dados pangkalipun sadaya pepenginan, ebahipun ripta (Pikiran) ingkang anjajagi pepenginan wau saged kadumugen, lan ebahing raga, pirantos kangge ngleksanani gegayuhanipun sakathahing pepenginan wau.

Tumrapipun umum, ingkang dipun wastani panggawe punika namung ebahing raga, kamongka ebahing raga wau namung babaranipun ebah-osiking cipta lan ripta. Manungsa punika cetha saged nguwaosi ebahipun seranduning raganipun, kajawi ebahipun jantungipun (lampahing rahipun) lan ebahing pernapasanipun. Namung piyambakipun mboten saged nguwaosi ebah-osikipun cipta lan riptanipun, ingkang saestunipun malah dados biang keladinipun sadaya amal perbuatanipun. Manawi manungsa ugi saged nguwaosi ebah osikipun cipta lan riptanipun, temtu piyambakipun ugi lajeng saged nguwaosi sadaya amal perbuatan utawi karmanipun. Ing sarehning uwohing pandamel punika nemtokaken nasib utawi papesthening manungsa, mila nguwaosi karmanipun ugi ateges nguwaosi papesthenipun piyambak. Manungsa ingkang sampun saged nguwaosi ebah osiking cipta lan ripanipun, saha tumandanging raganipun, punika ingkang dipun juluki Manungsa Mardika, utawi manungsa mandiri. Papesthenipun wonten ing tanganipun piyambak. Piyambakipun saged ngoncati cakra panggilinganing lahir lan pejah. Badhe tumitah ing Alam Donya saged, mboten ugi saged.

01. Ora ana pambudidaya kang muspra. Kabeh panggayuh iku mesti ana uwohe. Ilmu iki yen bisa dingerteni sethithik wae lan di lakoni, wis bisa ngentasake saka sakeh rasa was-sumelang, kuwatir lan wedi, lan rasa susah, sedih lan sungkawa.

 02. Sawiji, mligi, tetep lan teguh kekarepaning budi iku, heh Harjuna. Nanging wong kang Budine isih miyur, pikirane mesthi pating saleweng, ora ana bongkot-pucuke lan ora ana wusanane.

Cathetan : Budi punika wahananing agesang ingkang satataran langkung inggil utawi alus tinimbang Akal. Manungsa ingkang nandangaken Budinipun, kados anggenipun nandangaken akalipun, punika gesang karukhanianipun sampun wonten ing tataranipun para Budha utawi Bodhissatwa. Piyambakipun saged weruh tanpa winarah. Mila saestunipun gegayuhanipun Pendidikan Bangsa Indonesia punika mulya sanget, Inggih punika Pendidikan Budipekerti inggih pendidikan ingkang saged anjalari tumandangipun Budining manungsa. Emanipun ingkang nemtokaken gegayuhan saha ingkang nindakaken, saestunipun sami-sami kirang mangertos kados pundi cara-caranipun supados gegayuhan wau saged kadumugen.

01. Wong-wong kang tanpa iman wau, yaitu wong-wong kang ora duwe kapercayan marang pribadine, ingkang dhedhasar kapercayan marang Ingkang Maha Tunggal, marga durung tangi Budine, senenge mung padha ngotak-athik, ngeratabasa lan molak-malik tegese tembung-tembung lan urut-urutane sak jeroning ukara. Jroning Kitab-kitab suci, kang gawe mareme atine mung edi-penine kasusastrane. Dene isine piwulang mung ditampa sarana wantah, tanpa merduli surasane kang wigati.

02. Pepenginan kang dadi nyawane, gegayuhan suwarga ing akherat. Uwohe karmane ora wurung mung bali tumitah ana ing donya. Jroning panembah kang disesuwun mung semat, derajat lan keramat.

03. Kang sajrone uripe mung ngupaya kasugihan lan panguwasa, kang cipta lan riptane mung tansah ginubel dening semat lan derajat, iku ora bisa kanggonan Budi kang sawiji, kang jroning samadi bisa dadi lantarane panunggaling Kawula Gusti.

04. Sastra gelare jagad iki kang dadi lelumbane Triguna. Bisaa sira iku kalis saka pengaruhe Triguna, lan saka wolak-walike kahanan. Tansah waspadakna obahe cipta lan ripta, lan tansah elinga marang jejere pribadinira sajroning urip ingkang nyrambahi sagung bawana iki.

 05. Ajining piwulang Kitab-kitab Suci, tumrap sang Brahmana ingkang wus sadu budine, iku padha karo ajine banyu sakubangan ing panggonan kang turah-turah banyune.

06. Kuwajibanira iku mung tumandhang, he Harjuna! Aja sira kakehan mikirake kapriye mengko kawusanane. Kapriye mengko uwohe pakaryanira, iku aja dadi alasan anggonmu gelem utawa ora gelem tumandang. Nanging sira uga aja banjur dhemen dadi wong kelanthungan, wong nganggur!.

07. Panggawe ingkang wus dadi kwajibanira iku tansah lakonana sabecik-becike, sinambi nindakake pangudinira netepi lakuning Yoga, kanthi teguh, sepi pamrih, ora bungah yen nemahi sukses, ora susah yen nemahi kegagalan. Yoga lan kaseimbangan batin iku ora ana bedane.

08. Satuhune, ngudi marang panunggal lumantar bangkiting Budi, iku luwih utama, tinimbang karo nindakake amal miturut piwulange kitab-kitan Suci. Mula ngudiya antuk Pangayomaning Budi. Sabenere, wong kang tansah ngarep-ngarep uwohe pakaryane, iku memelas banget.

09. Sajatnine yen sira wus bisa manunggal lan kang murbamisesa uripira, lumantar tangine Budinira, becik lan ala iku wus ora dadi pitakonan. Mula den mantep lan setiya anggonira olah Yoga. Yoga iku tumanduke kawicaksanan nindakake sakeh karma.

10. Kang wus manunggal marga menjing ing Budine, sayekti wus ora ngarep-ngarep opah utawa uwohe amal-amale. Karanane dheweke bisa lepas saka cakra panggilingane urip lan mati, lan banjur manjing ing Alam Kamulyan.

11. Yen Budi wus mentas saka pambidhunge Maya, sira wus ora mbutuhake piwulange sakeh kitab Suci. Piwulang-piwulang ingkang ddhedhasar panemune para Pinisepuh uga wus ora ana gunane maneh tumrap ing sira.

12. Budinira wus ora mobah utawa gingsir jalaran saka panemune bab surasane piwulange Kitab-kitab Suci kang maneka warna, lan kanthi teguh lan kukuh wus manjing sajroning samadi, anggonira olah Yoga yekti wus katrima!”.

13. Harjuna nyuwun priks”Dhuh Sri Kresna! Punapa mawon ingkang dados tengeranipun manungsa ingkang sampun putus anggenipun olah ngelmu, manungsa ingkang teguh samadinipun? Kados pundi pangandikanipun, kados pundi solah bawanipun?”.

14. Sri Kresna ngandika : “Hahe Harjuna! Kang wus bisa nyingkirake sakeh pepenginan, lan bisa ngeningake rptane, kang pribadine kanthi jenak bisa tumanem ing Dheweke, iku manungsa kang teguh Budine.

15. Kang ciptane wus ora bisa ketaman dening bungah lan susah marga wus ora sesenggolan lan magepokan maneh karo kang dadi jalarane, kang wus sirna hawa nafsune, ora kanggonan was sumelang, nesu, bendu, jengkel, mangkel lsp. Iku sing diarani muni kang teguh Budine.

16. Kang wus bisa medhot panancanging Karma, ora mbedakake menang lan kalah, mujur lan malang, untung lan rugi, sepi ing rasa benci, sengit, mangkel, ndongkol, lan jengkel, iku manungsa kang jiwane wus teguh, wus seimbangane.

17. Sapa kang kadya bulus kang bisa mingslepake sikil-sikile lan sirahe ing sangisore thothoke, bisa ngracut pancadriyane lan malik arahe, tumanduk marang asalmulane pribadine, iku manungsa kang jiwane wus teguh seimbangane.

18. Daya panarike samubarang kang gumelar marang pancadriya, iku bakal sirna, yen manungsa tansah cecegah. Naging sir tetep ana. Sir uga bisa ilang yen manungsa teguh adhepe marang ingkang Maha Luhur.

19. Heh Kunthisi! Nadyan ta tumrap sang Sadu, kang temen- temen ngudi marang kang utama lan luhur, indriyane yen nganti bangkit, bisa mbandangake manase utawa pangriptane.

20. Naging yen indriyane iku tansah dikendhaleni, lan jiwane mung madhep marang Manira, yen dheweke bener-bener bisa nguwasani indriyane, iku jiwane wus teguh seimbangane.

21. Manungsa kan indriyane tansah lelumban ing jagade ssakeh barang kang bisa nenangi pepenginane, pepenginane mau mesthi banjur thukul lan dadi kuwat. Iku kang dadi mula bukane tuwuhe angkara. Angkara nuwuhake kamurkan.

22. Kamurkan nuwuhake salah gawe kang banjur bisa ngrusak kawaspadan bab bedane ala lan becik. Wong kang wus kaya mangkono iku Budine mesthi ngoncati. Wong kang wus koncatan budine mesthi tumeka ing bilai.

23. Nanging manungsa kang urip ing jagading indriya, wondene sepi ing rasa seneng lan sengit, kang Pribadine tansah bisa ngedhaleni angkarane, iku kang bakal nggayuh kamuyan kang linuhur.

24. Jroning kamulyan ingkang mangkono iku ilang sakehe susah- sungkawa, Kang pangriptane terus heneng hening. Budine banjur bisa anteng lerem.

 25. Budining manungsa iku ora bakal tangi, yen dheweke ora nggayuh marang panunggal. Dheweke ora ngerti apa olah samadi iku. Kang ora oleh samadi ora bakal entuk katentreman. Tanpa katentreman ora ana kamulyan.

26. Apa wae ing jagad leleumbane indriya, kang nenangi pepenginane manungsa, sauwise dirujuki dening pangriptane, mesthi banjur mikut lan mbandangake dheweke, kaya dene angin prahara kang nyamber lan mbandhang prahu kang lagi lelayaran ana ing samudra agung.

27. Jalaran saka iku, kawruhana, heh Harjuna! Ngemungake wong kang bisa nguwasani lan misahake indriyane saka jagad palumbane, kang kena diarani wong kang jiwane teguh lam seimbang jumenenge.

28. Alam kang padhang jumingglang tumrape wong kang wus tinarbuka, kang tansah waspada marang mobah-mosike cipta lan ripta, iku peteng lelimengan tumrape si cubluk. Sabalike alam lelumbane sakeh pepenginan, kang dadi alam padange si cubluk iku peteng turape sang sadu.

29. Heh Harjuna! Sesuwene sira urip ing ndonya iki, ya iku jagad lelumbane indriya, bisaa sira iku kaya samodra, kang telenge ora obah lan mosik, sanadyan kajogan banyu saka sakeh kali kang gedhe, lan sanadyan nduwure mawujud ombak-ombak kang gedhe, kang gegulungan marga sinabet-sabet ing maruta.

30. Kang wus bia nyingkirake sakeh pepenginan, marga pepenginan-pepenginan mau wus ilang daya panarike, sepi ing pamrih lan angkara, sayekti, wong kang mangkono iku, bisa entuk katentreman, sanadyan isih urip ing donya rame iki.

31. Iku kang di arani urip jroning pepadhange Hyang Brahma. Kang wus manjing ing kono adoh saka sakeh sungkawa, lan yen tumeka ing wekasaning uripe ing donya iki, mesti bakal mlebu ing Nirwanane Hyang Brahma”.

Punika piwucal winadi, ingkang kawrat ing Kitab Suci. Serat Bagawad Gita, winastan : Lawan Sabda Sri Kresna lan Harjuna wejangan ingkang kaping kalih. Panunggaling Harjuna lumntar Ilmu Sangkya.


3. KARMA YOGA 

Wejangan ingkang kaping Tiga : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Karma Yoga

01. “Dhuh Sri Kresna! Manawi ngrasuk Ilmu Sangkya punka langkung utami tinimbang nglampahi sakathahing pandamel meturut piwucalipun Karma Yoga, kenging punapa kula kadhawuhan nglampahi pandamel ingkang kalangkung wengis punika, nyirnakaken para kadang, guru lan sanes-sanesipun?

02. Dhawuh Paduka punika saestu damel bingungipun manah kawula. Mila kersaa paring pitedah ingkang gumathok, kadospundi manungsa punika saged anggayuh kamulyan kang luhur piyambak?”

03. Sri Kresna ngandika : “Ing ngarep wus Manira terangake, heh Harjuna, yen dalam tumuju marang kamulyan jati iku ana loro cacahe. Panunggal lumantar Ilmu Sangkya lan Panunggal lumantar amal saleh kang winastan Karma Yoga.

04. Ora bisa manungsa iku medhot panancanging panggawe mung sarana thenguk-thenguk, ora gelem nglakoni panggawe apa wae. Luhur-lihuring gegayuhan iya ora bisa kacekel mung sarana ngungkurake jagad rame lan tapa ana ing gunung.

05. Sajatine, nadyan mung sakedheping netra wae, manungsa iku ora bisa tanpa tumandhang, sabab wus dadi kodrat Triguna wong urip iku kudu tansah obah lan mosik, kudu tumandang.

06. Wong kang lungguh, kanthi nyegah obahe tangan, sikil, lan saranduning badan liyan-liyane, menging pikirane ngalamun, lelumban ing jagade pancadriya lan pepenginan, iku amale lamis utawa munafik.

07. Nanging manungsa kang tansah ngendhaleni indriyane, lan raga, cipta lan riptane tumandang minangka ibadahe, utawa tandha bektine, tumuju marang kang Maha Tunggal, satuhune jalaran nindakake Karma Yoga, wus lepas saka panancange Karma. Iku manungsa kang tuhu pinunjul!.●

08. Tandangana panggaweyan kang wus dadi kuwajibanira. Wong kang tumandang iku luwih becik tinimbang wong kang mung meneng wae. Wong kang mung meneng wae iku uripe saka asil karyane wong liya.

09. Yen kabeh panggawe iku sira dadekake pangurbanan utawa tandha bekti sajrone sira nindakake ibadah tumuju marang kang murba misesa urip ira, sayekti panggawe-panggawe mau ora bakal dadi belenggu tumrap kamardikanira. Mula kabeh panggawe iku dadekna ibadah, yaiku panggawe kang sira lakoni tanpa pamrih, tanpa ngarep-arep uwohe utawa upahe.

 Cathetan : Tembung pangurbanan, saking tembung kurban, sesambetan kaliyan tembung karib, ingkang tegesipun cedhak, celak caos kurban tegesipun lampah ingkang nyelakaken dhateng ingkang dipun caosi kurban. Tembung ibadah punika asalipun saking tembung Abdun inggih punika abdi. Mila ibadah punika saleresipun ateges pengabdian, inggih punika sadaya pandamel ingkang dipun lampahi tanpa pamrih.

10. Dumadine sagung alam ingkang gumelar iki saka panggawene kang Maha Kuwasa, dhedhasar pangurbanan. Nalika murba jagad iki Hyang Prajapati paring sabda : “Jagad gumelar iki bisa nuruti sakeh panuwune para titah!”. Jalaran saka iku, heh Harjuna, sira bisa mujudake sakeh gegayuhanira.

11. Yen sira caos sesaji pangurbanan marang para dewa, para dewa bakal paring panguripan marang sira. Sarana madsinamadan manungsa lan dewa bakal bisa nyekel gegayuhan ingkang luhur dhewe.

12. Kanikmatan apa wae kang sira pengini, ingkang maringi para dewa minangka ijole sesajinira. Sapa kang nikmati barang tanpa aweh leliru, iku padha wae karo maling.

13. Kang uripe saka rejeki, turahe sawuse dianggo sesaji lan dedana, mesthi sepi ing sakehe dosa. Nanging sang dursila kang jroning urip mung mikirake awake dhewe ora bakal mentas saka kadursilane.

14. Kang nguripi wadhag kita iki pangan, kang paring pangan iku Hyang Indra, dewaning udan. Hyang Indra jumenenge marga saka anane sesaji. Tanpa tumandang ora ana sesaji pangurbanan.

15. Kawruhana, anane panggawe iku saka panguwasane Hyang Brahma. Brahma asale saka kang tan kena ing rusak, lan kang tan kena ing owah gingsir. Kawula sajatine, panggawe sesaji, amal pangorbanan iku nelakake sipate kang Maha Agung.

16. Wong kang ora melu ngubengake cakra panggilinganing urip ing donya iki, sejatine uripe tanpa guna. Uripe mung gulung koming jroning dosa lan angkara.

Cathetan : Ora melu ngubengake cakra panggilanganing urip ing donya, tegesipun ora melu nglakoni ibadah utawi pangabdian.

 17. Nanging sapa kang dhemen sesrawungan karo Ingsun, wis ngrasa lega, marem lan ayem, jalaran bisa cedhak karo Ingsun, tumrap wong kang mangkono iku, wis ora ana amal liya kang isih kudu dilakoni.

18. Gawe amal tumrape dheweke wus ora ana kawigatene, ora gawe amal ya ora ana kawigatene. Sejatine apa wae kang ana ing donya iki, tumrape dheweke wus ora ana kawigatene maneh.

19. Pramila lakonana sakeh panggawe kang wus dadi kuwajibanira, tanpa andarbeni rasa kapeksa. Sapa kang nglakoni sakeh panggawe kanthi suka rila, tuhu bisa nyandhak gegayuhan kang linuhur.

20. Sarana nindakake amal kang kaya mangkono iku, para raja sinatriya ing jaman kuna, kaya ta Janaka lan liya-liyane padha bisa nyandhak gegayuhan kang linuhur mau. Murih gawe rahayuning jagad wajib sira ngrampungake tugasira.

21. Tuladha kang diparingake para luhur, mesthi ditiru kawula cilik. Amal apa wae kang dirindhakake dening para luhur mau dadi pathokan bab ala becik tumrap kawula cilik.

22. Jroning Triloka iki ora ana amal kang dadi kuwajiban Ingsun lan ora ana gegayuhan kang isih kudu Ingsun gayuh. Wondene Ingsun terus tumandhang ngrampungake sakeh amal panggawe.

23. Yen Ingsun ora cawe-cawe, tansah makarti tanpa nganggo leren, donya kabeh iki bakal leren, sakabehe banjur mandheg.

24. Bumi, mbulan, srengenge lan lintang luluh lebur yen Ingsun ora tansah tumandhang. Bawana bali marang asale, bosah-basih, ora ana tatanan. Ora ana padhang, kang ana mung peteng ndhedet lelimengan.

25. Si pengung, pethel, sregep anggone makarya, supaya bisa ngundhuh uwohe pakaryane, kang nyenengake tumrap dheweke. Sang sadu tumandang kaya si pengung, nanging mung kanthi sedya nglakoni pangabdian kunjuk marang kang Maha Kuwasa, memayu hayuning bawana.

26. Wondene aja nganti sira gawe bingunge para pengung kang lagi dhemen-dhemene makarya, sarana ngandhakake apa kang Ingsun wedharake iki. Weruhna yen makarya iku bakal nekakake kamulyane. Dene sira dhewe aja lali tumandhang miturut wedharane Ilmu Yoga (Panunggal).

27. Kawruhana yen sakehe amal iku sajatine kang nindhakake kodrating  alam  kang  winastan  triguna.  Kablingere  dening angkarane, manungsa rumangsa yen dheweke ingkang tumandhang.

28. Nanging manungsa kang wus ora samar marang tumandhange, lan apa perlune anane para guna mau, ngerti uga yen tumanggape indriya marang sakeh barang kang menginake iku ora liya tumandhange guna kang siji nanggapi guna liyane. Pribadine wus bebas, ora kecancang dening sakeh panggawe.

29. Kang isih linimputan dening triguna, salawas-lawase mesthi kecinthung dening permainane. Sang sadu aja gawe bingunge si cubluk, kang durung bisa nampa piwulang iki.

30. Mula sakeh paggawe iku lakonana minangka tandha bekti marang Ingsun, lan kanthi tatag, teguh lan sabar, sepi ing angkara murka, majua ing palagan, heh Harjuna.

31. Sapa kang jroning urip ing donya iki tansah nglakoni pituduhe piwulang kang langgeng lan adiluhur iku, bakal katuwuhan iman kang tangguh lan kang tan bisa mingset, bakal sepi ing rasa was- sumelang lan tidha-tidha, lan bakal bisa medhot pambandanging karma.

32. Nanging kang tansah gijak-gajek, tidha-tidha, lan ora gelem miturut piwulang iki, kawruhana yen dheweke, marga saka bodhone bakal tumeka ing sirna, marga koncatan Budine.

33. Lakuning uriping manungsa iku miturut kodrate dhewe- dhewe. Mula sang sadu tumindhake ya kanthi wicaksana. Kabeh makhluk iku miturut kodrate dhewe. Jalaran saka iku ora ana gunane meksa-meksa wong liya.

34. Apa kang tumama ing kita lumantar indriya kita, iku nuwuhake rasa seneng lan ora seneng. Bebasana pribadinira saka panguwasane wolak-waliking kahanan iku! Iku alangan tumrap laku nira.

35. Sapa wae kudu nglakoni kuwajibane lan tugase dhewe, nadyan ta mung sapele. Nadyan jroning ngrampungake tugase dhewe mau nemahi pati, iku luwih utama tinimbang clandhakan nindakake tugase wong liya”.

36. Harjuna matur : “ Dhuh Sri Kresna ! Punapa ta ingkang anjalari manungsa ingkang gesang ing donya punika, nglampahi pandhamel-pandamel dosa, kadhang-kadhang kados dene kapeksa, kajorok-jorokaken tanpa saged bangga?”

37. Sri Kresna ngandika : “Kang anjalari yaiku angkarane lan murkane kang diobahake dening guna rajas. Iku kang dadi sebab ngredane dosa lan kasangsaran. Iku musuhe manungsa ing jagad rame iki.

38. Dheweke tansa linimputan dening angkara lan murka, kaya dene huruping geni kang tansah linimputan dening kebul, uawa kaca kang tansah tinutupan dening bledug, uatawa wiji kang binungkus dening ari-ari.

39. Mangkono uga kawicaksananing manungsa iku tansah binuntel dening musuhe para sadu, yaiku kamarupa utawa angkara murka, kang tansah murub mobyar-mobyar tanpa duwe marem.

40. Kamarupa mau nyrambahi lan jumeneng ana ing indriya, akal, pangripta lan ciptaning manungsa, lan banjur amblinger manusa samangsa wus bisa nutupi kawaspadane.

41. Indriya iku gedhe banget gunane. Parasaan gunane luwih gedhe, luwih gedhe maneh gunane akal. Budi gunane luwih gedhe tinimbang akal. Kang gedhe dewe gunane yaiku Dheweke.

42. Sawuse sira ngreti yen Dheweke iku luwih luhur tinimbang karo budi, kanthi pribadinira teguh lan antheng jalaran saka Dheweke, yen sira prajurit sejati, sirnakna kamarupa iku, mungsuh kang julig banget, kang ora kena dicedhaki.

Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping tiga. Panunggaling Harjuna lumantar Karma Yoga.


4. GNYANA YOGA
Wejangan ingkang kaping Sekawan : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Pangawikan


01. Pangayomaning jagad ngandika : “Yoga ingkang kuna makuna ora ana owahe, yoga ingkang abadi iki, ing sakawit Manira warahake marang Wiwaswat. Wiwaswat nerusake marang Manu. Manu nerusake maneh marang Ikswaku.

02. Mangkono run-tumurun piwulang iki katampa dening para ratu-pinandhita. Marga saka kejahilane sang Maha Kala, piwulang Yoga iku saya suwe saya tumpangsuh, kisruh, bubrah, wusanane wus ora bisa dingerteni maneh dening manungsa.

03. Piwulang Yoga ingkang saiki Manira wedharake marang sira, iku padha wae karo piwulang ingkang Manira wedharake ing sakawit. Sira iku mitra Manira, kang tansah ngetokake bektinira. Mula piwulang ingkang adiluhur iki Manira wedharake marang sira.

04. Harjuna matur : “Paduka punika sugengipun saweg sapunika. Wiwaswat sugengipun sampun nalika jaman kuna, lan murud ing kasidan jati, dangu sakderengipun Paduka wonten. Kados pundi dene Paduka saged paring wedharan dhumateng Wiwaswat?”

05. Pangayomaning jagad ngandika “ Manira lahir lan mati wus marambah-rambah. Mangkono uga sira, Harjuna. Manira eling panitisan Manira kabeh, sira ora!

06. Manira iku Ingsun kang Ana tanpa nganggo dilahirake, Pangerane sagung alam. Manira Dat ingkang sipat langgeng, tan kena ing owah gingsir. Nadyan Manira ngenggoni kodrat Manira pribadi wondene jumeneng Manira iku saka daya kekuwatan kamayan Manira dhewe.

07. Saben-saben sajroning lelakon uriping bumi iki, anger- anggering Tepa Salira lan Welas Asih marang sapadha-padha dilalekake, lan tindak-tanduk sawenang-wenang saya andadra, Manira nitahake Manira Pribadi.

08. Perlune mbantu lan ngayomi ingkang padha alus-alus Budine lan mbrastha kang padha ambeg angkara-murka. Murih njejekake angger-anggering Tepa Salira lan Welas Asih ing saben jaman Manira bali manjalma ing donya iki.

09. Kang ora pangling marang panjalma Manira lan ngakoni Kasucian Manira, sawuse nemahi ajal, ora bakal bali menyang donya maneh, nanging tetep manunggal karo Manira.

10. Lepas saka panguwasane hawa nafsu, muring lan was- sumelang, tansah eling marang Manira lan ngayom marang Manira, sinucekake dening urubing Pangawikan, akeh kang wus bisa manunggal karo Manira.

11. Kapriye wae anggone anaking manungsa nedya nyedhaki Manira, mesthi dheweke bakal Manira pethukake, tanpa nganggo mbedhakake dalan endi kang dipilih. Sebab kabeh dalan tumuju marang Manira.

12. Sapa kang nggayuh kamuktening urip ing donya iki, gaweya sesaji pangurbanan, dicaosake marang para Dewa. Gangsar lan kapenak uripe wong-wong kang darbe laku memundhi marang para Jawata.

13. Anane kasta papat, iku Manira ingkang gawe, dhedhasar wewatekan lan panggaweyan siji lan sijine. Nanging sanadyan ta Manira ingkang dadi sabab, Manira tetep tanpa obah, abadi, tanpa mingset, tanpa gingsir.

14. Ora ana panggawe kang bisa ngobahake Manira. Manira ugo ora ngudi marang uwohe panggawe. Manungsa kang wus ngerti sipat-sipat Manira kang kaya mangkono iku, wus ora kablenggu dening panggawe apa wae.

15. Para leluhur jaman kuna, kang wus padha ngerti apa kang Manira wedharake iki, sarana pambudidaya kang teguh padha nggayuh kamuksan. Tumandanga kaya para leluhur ing jaman kuna iku, heh Harjuna!

16. Mara terangna marang Manira apa kang diarani tumandang lan apa kang diarani ora tumandang. Para winasis wae padha bingung anggone arep nerangake. Coba saiki Manira terangake marang Sira. Yen sira wis bisa mangerti, sira ora bakal nglakoni dosa maneh.

17. Manungsa kudu weruh kang diarani tumandhang, uga tumandhang sing salah lan uga maknane meneng, jero banget maknane lakune tumandang.

18. Manungsa kang bisa nyipati Kang Meneng sajroning tumandang lan kang Tumandhang sajroning Meneng, iku manungsa kang pinunjul kawicaksanane. Dheweke nindakake Yoga sinambi nglakoni sakeh panggawe (mati sajroning Urip lan Urip sajroning Mati).

19. Manungsa kang saguh ngrampungake kuwajiban-kuwajibane, ora marga kepengin ngundhuh uwohe, saha nucekake panggawene sarana urubing Pangawikan, iku kang diarani Pandhita kang sejati.

20. Wong sing ngeklasake uwohe panggawene, tansah nrima, ayem, ora gawe repote liyan, uwong kang mangkono iku, ora nuwuhake karma maneh, nadyan dheweke nglakoni paggawene apa bae.

21. Tanpa duwe pepenginan, tansah nguwasani pribadhine, lan bener-bener wus sepi ing kamurkan, kang tumandang iku mung ragane lan jalaran saka iku dheweke ora kadunungan dosa.

22. Nrima apa kang dadi pandhume, kalis saka wolak-walike kahanan, ora duwe sengit, padha wae sajroning suka lan sungkawa, ora ana karma kang nancang maneh, sanadyan dheweke nglakoni panggawe apa wae.

23. Kang wus sepi saka sakehe pepenginan, jiwane tansah tumanem   ing   kawicaksanan,   lan   ngrampungake   sakeh panggawene mung minangka kurban, yaiku tandha bektine kang kunjuk marang kang murba-misesa uripe, iku manungsa kang wus lebur panancanging karmane.

24. Ing kono sajatine kang caos kurban iku Hyang Brahma dhewe, sesaji kurban ya Hyang Brahma, kunjuk marang Hyang Brahma, lumantar urubing genine Hyang Brahma. Sayekti marang Hyang Brahma parane wong kang gawene mung mikir-mikirake sipat- sipate Hyang Brahma.

25. Para Yogi ana kang gawene caos kurban marang para Jawata. Ana maneh kang caos kurban marang Hyang Brahma lumantar urubing geni. Karone tujuane caos sesaji minangka tandha bektine.

26. Ana kang nyajekake indriyane minangka kurban kang kabesem ing geni pangudine ngendhaleni hawa nafsune. Ana maneh kang ngurbanake sakeh pepenginane jroning genine indriyane.

27. Ana maneh kang ngurbanake tumandhange indriyane, malah ana kang ngurbanake napas panguripane, jroning nglakoni yoga sarana karep nguwasani angkarane, karep kang murub makantar- kantar saka panguwasaning pangawikan.

28. Ana uga ngurbanake bandhane, ngurbanake kaseneng- kasenengane sarana cecegah. Ana kang ngurbanake mangan lan turu jroning pangudi marang kawicaksanan.

29. Ana maneh kang ngurbanake manjing-mijile napase, sarana tansah ngendhaleni lakune karone lan mbudidaya tetep eling marang asal-kamulane.

30. Ana maneh kang caos kurban lumantar tapa sarana nyiksa ragane. Wong-wong iku kabeh wus ngerti dununge pangurbanan. Pangurbanan sayekti dadi panglebure dosa.

31. Sapa urip saka turahe rejekine sauwise danggo sesaji kurban, lakune mesthi tumuju marang Hyang Brahma kang sipat langgeng. Alam donya iki mung nyedhiaake kanugrahan marang kang padha caos sesaji kurban, mangkono uga alam liya-liyane.

32. Sanadyan ta wujuding kurban kang kunjuk marang Hyang Brahma iku mawarna-warna, nanging kabeh kurban iku kelakone sarana tumandhang. Yen sira wis bisa nampa surasane piwulang iki, mesthi uripira bakal mentas,

33. Luwih utama tinimbang sesaji kurban kang wujud barang utawa bandha, yaiku tapabrata nggayuh panunggaling Kawula Gusti. Tujuane sakeh panggawe iku ora liya mung pepadhang lan pangawikan.

34. Goleka pangawikan sarana tetakon, lan sarana mbangun turut jroning puruhita marang sang Wiku utawa sang Guru Jati. Mesthi bakal binuka kawicaksananira dening para Mahaguru, kang wus wikan ing gaibing Urip.

35. Yen kabeh iki wus rumesep bener-bener ing rasa- pangrasanira, wus ora ana apa wae kang bisa gawe rupeke atinira marga saka salah tampa. Hyang Atma nglimputi sagung kang gumelar iki. Dadi sakeh alam kang gumelar lan kang gaib iku dumununge ana ing Ingsun.

36. Sanadyan sira iku wus nglakoni kejahatan ngluwihi para bebenggole penjahat, kanthi lelayaran ing prahu pangawikan, mesthi sira bisa ngliwati samodraning sakeh dosa.

37. Yen bahan bakar iku sirna dadi awu marga saka urubing geni pangurbanan, mula genine pagawikan bisa mbesmi panancanging Karma nganti dadi awu uga.

38. Pangawikan utawa ilmu iku sesuci ingkang ampuh dhewe ing donya iki. Wong kang wus sampurna anggone olah Yoga, wusanane nemu yen Pangawikan iku dumunung ing Salira Pribadi.

39. Sapa kang mantep imane bakal tampa Pangawikan, uga wong kang tansah ngendhaleni indriyane. La, yen wong iku wus ndarbeni Pangawikan, mesthi dheweke tumeka ing luhuring aluhur, katentreman lan kamulyan.

40. Nanging sapa kang kapir, saha ora duwe kapercayan babar pisan, marga saka atine kang tansah tidha-tidha, was sumelang lan kuwatir, dheweke mesthi bakal nemahi sirna. Donya lan alam- alam ingkang luwih alus ora duwe panggonan lan ora nyediakake kasenengan kanggo wong kang tansah mangu-mangu, ragu-ragu, tanpa keantepan.

41. Kang wus nucekake Karmane lantaran Olah Yoga, kang wus ilang was-sumelange jalaran saka Kawicaksanane, kang uripe tansah manjing jroning Hyang Atma, sayekti wus medhot panancanging Karma.

42. Pramila leburen rasa was sumelang kang tuwuh jroning atinira sarana landheping Pangawikanira, lan bangkita teguh ing Panunggalira karana Olah Yoga.


Punika piwucal winadi ingkang kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping sekawan. Panunggaling Harjuna lumantar Pangawikan.



5. KARMA SAMNYASA YOGA
Wejangan ingkang kaping Gangsal : Penunggaling Kawula Gusti lumantar mungkur ing Panggawe


01. Harjuna matur : “Panunggal lumantar mungkur ing kadonyan utawi mungkur ing pandamel, lan panunggal lumantar nindakaken pandamel utawi Karma Yoga, kalih-kalihipun angsal pangalembana Paduka, Dhuh Sri Kresna ! Mila kersaa paring pangandika pundi ingkang prayogi piyambak?”

02. Pangayomaning Jagad ngandika : “Mungkur ing panggawe lan nindakake panggawe, yen anggone nindakake kanthi patitis, karone nuntun marang kamulyan. Nanging tinimbang karo mungkur iang panggawe, nglelatih nindakake Karyma Yoga iku luwih utama.

03. Nanging kawruhana, wong sing wus tekan anggone olah mungkur ing panggawe, iku wong kang wus ora duwe sengit lan ora duwe pangarep-arep, lan uga wus ora kena pengaruhe wolak- waliking kahanan. Wong kang wus mangkono iku, tumuli pedhot sakeh panancange.

04. Kang ngarani yen piwulange Ilmu Sangkya lan piwulange Karma Yoga iku beda, satemene iku bocah cilik. Kang wus putus anggone olah Ilmu Sangkya, uga ngunduh uwohe piwulang Karma Yoga, lan mangkono ugo kosokbaline.

05. Kawruhana, heh satria utama! Mungkur ing kadonyan utawa mungkur ing panggawe, iku ora bisa kelakon, tanpa nindakake panggawe. Sapa kang tan pegat nindakake Karma Yoga, mesthi bakal manunggal karo Hyang Brahma.

06. Kang telaten olah Karma Yoga, nucekake pribadhine, nguwasani angkarane, sarta ngendaleni indriyane, wus ngreti yang Ingsun iku jumeneng ana ing sakeh titah, wong kang mangkono iku wus ora bisa kena reregede sakeh panggawe.

07. “Dudu aku kang tumandhang”, mangkono panemune, nalika jroning olah Karma Yoga, dheweke wus manunggal karo Hyang Brahma, lan weruh, ngrungokake, ngambu, ngicipi, ambegan, ngrayangi, obah utawa meneng.

 08. Nadyan ta dhewewke celathu, weweh utawa nampani, melek utawa merem, panemune : “Kang tumandang iku indriya, nanggapi barang-barang kang dadi pepenginane.

09. Yen sajroning tumandang iku dheweke ngreti yen dheweke iku sabenere mung nglakoni prentahe Hyang Brahma, lan terus tumandang sarana ngeklasake uwohe panggawene, dheweke mesthi kalis ing dosa, ibarat godong lumbu kang kalis ing banyu.

10. Sarana raga, cipta, ripta, budi lan indriyane, para yogi padha tumandang nindakake panggawe apa wae kang kudu dilakoni, kanthi merdika nucek ake pribadine.

11. Sapa kang ngeklasake uwohe panggawene jroning olah Karma Yoga, tampa kanugrahan gedhe, katentreman kang langgeng. Nanging sapa kang tumandang kanthi ngaya, ambudidaya tumibane uwohe, iku tetep dadi begundhal, budhake panggawene. Ora bakal dheweke entuk kamardikan.

12. Kang pangriptane wus mungkur marang sakeh panggawe, kanthi nguwasani pribadine, sayekti jumeneng Ratu ing Negara Nawapura. Dheweke wus ora tumandang sarta uga ora mrentah tumandang.

13. Kang kuwasa ing Negara Nawapura iku ora nganakake panggawe lan dudu sing nindakake panggawe, lan ora nganakake sambung-rapete panggawe lan uwohe. Kabeh mau ditindakake dening Swabhawa .

Cathetan : Swabawa sami kaliyan Triguna.

14. Ora dosa kang bisa ngregedi Dheweke, ora ana kabecikan kang bisa namani Dheweke. Kawicaksananing manungsa binuntel dening kabodhohan. Ya kabodhohan iku kang dadi jalarane klera- klerune tumandang kita.

15. Kang pangawikane wus nyirnakake sakeh pepeteng, lan Atmane wus musnahake Kabodhohan, sayekti jroning jiwane kawicaksanan sumorot lir sang surya. Ing kono jumeneng Luhuring Aluhur.

16. Kang budine wus manunggal karo Dheweke, mangkana uga Atmane, kukuh tumanem ing Dheweke minangka pepontoning gegayuhan, iku yan sakeh dosane wus linebur dening pangawikan, bakal manjing ing kasampurnan, lan wus ora bakal bali maneh marang donya (terus manjing ing kamulyan).

 17. Brahmana kang sadu budi lan andhap-asor, sapi, gajah, malah asu lan wong kang mangan asu, iku kabeh padha wae ajine tumrap sang Pandhita, kang tuhu wus manunggal karo Dheweke.

18. Sapa kang pangriptane tansah tata-tentrem (seimbang) bisa nelukake bumi iki. Suci kaya Hyang Brahma dhewe, dheweke mengko mesthi manunggal karo Hyang Brahma.

19. Ora suka riya yen nemu kabegjan, lan ora giris yen katekan bebaya, kang santosa ing budi, tetep tanpa was sumelang, manjing ing Hyang Brahma.

20. Kang Atmane wis ora kena pengaruhe obah-mosike indriyane, wis seneng lan lega jalaran sesrawungan karo Ingsun, kang pribadine wus manunggal karo Ingsun lumantar olah Karma Yoga, bakal ngrasakake kamulyan kang ora ana wusanane.

21. Kasenengan lan kanikmatan kang timbul saka gepok-senggole Jagad Cilik lan Jagad Gede, sejatine mesthi mbabarake kasusahan. Kanikmatan kang mangkono iku, lagi wae bisa dirasakake wus banjur musna. Sang sadu ora butuh srawung karo kanikmatan kang kaya mangkono iku.

22. Manungsa kang isih urip sajroning raga iki, lan tanpa keguh bisa nanggulangi panggendenge hawa nafsu lan kamurkan, iku manungsa kang tuhu pinunjul.

23. Sapa kang wus ngalami yen kamulyan iku dumunung ana ing Salira Pribadi, seneng sesrawungan karo Dheweke, adus ing papadhang marga saka Dheweke mesti bakal manjing ing Nirwana Hyang Brahma, jalaran wus manunggal karo Hyang Brahma.

24. Kabeh resi kang wus resik saka sakeh dosa, lan wus ora kataman wolak-waliking kahanan, tansah nguwasani pribadhine, lan merakati tumrap sapa wae, mesthi bakal manjing ing Nirwanane Hyang Brahma.

25. Sepi saka sakeh pepenginan, ora tau nesu, ora tau muring pangriptane tata-tentrem, kang wus tepung karo Salira Pribadine, sayekti wus nyedhaki Nirwanane Hyang Brahma.

26. Sang Muni, kang murih bisa muksa nglelatih nututake budine, pangriptane, ciptane, lan indriyane, kang wus sepi ing pamrih, was-sumelang lan kamurkan, mesthi bakal mentas, Muksha.

27. Kang wus ngerti yen Ingsun ingkang ngrasakake kanikmatane pangurbanan tapa-brata jroning nglakoni Karma Yoga, wus mangerti  yen  Ingsun  ingkang  jumeneng  Pangeran  ing  kabeh Alam, welas asih marang kabeh titah, marga wus ngerti marang Ingsun, bakal oleh katentreman lan kamulyan kang linuhur.

Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Gangsal. Panunggaling Harjuna lumantar Mungkur ing Kadonyan..


6. DYANA ( ADHYATMA ) YOGA
Wejangan ingkang kaping Nem : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Semedi


01. Kang paring kamulyan angandhika : “Ora anjagakake uwohe panggawene, tansah nglakoni panggawe kang wus dadi kuwajibane, iku Saniyasi lan Yogi kang sejati, dudu wong sing wus ora ngobong dupa lan sungkan nyambut gawe.

Cathetan : Saniyasi punika tiyang ingkang sampun mutusaken nilar tataning sarengat, ingkang lajeng namung ngugemi piwucalipun Tareqat, Hakekat lan Makripat.

02. Apa kang diarani ngungkurake panggawe iku satemene padha wae karo olah yoga. Wong iku ora bisa jumeneng yogi, yen ora bisa ngilangi sakeh pepenginane.

03. Tumrap sang Muni kang lumantar semedi anggayuh panunggal karo Hyang Brahma, Karma Yoga ingkang dadi dedalane. Nanging mengko yen dheweke wus saya cedhak karo Hyang Brahma, lantarane supaya dheweke tetep cedhak karo Hyang Brahma, ora liya mung kantentreman.

04. Marga, wong kang wus ora bisa digawe sengsem dening pepenginan indriya utawa kaluhuraning panggawe, lan wus ngeklasake sakeh gegayuhan, iku kang diarani yogi temenan, tegese wus manunggal karo Hyang Brahma.

05. Prayoga manungsa, lumantar teguhipun karsa, sarana pangriptane tansah yumanem ing Ingsun, njungjung derajat pribadine. Ora bakal dheweke pisah karo Ingsun maneh. Ingsun iku mitrane dheweke, nanging dheweke uga bisa dadi satru Ingsun.

06. Ingsun iku mitrane dheweke kang wus bisa nglindhih angkarane. Naging uwong kang ora bisa nguwasani pribadine, sarta ora gelem meruhi marang Ingsun, iku kang dadi satru Ingsun.

07. Wong kang rahayu ing budi, kang wus bisa nglindih angkarane, ing kono Ingsun wus teguh jumenenge. Dheweke wis ora keguh jroning ngrasakake adhem utawa panas, bungah utawa susah, lan pangalambana utawa panacat.

08. Tumrap wong kang wus ngrasa marem, jalaran wus tinarbuka kawicaksanane, puguh panggah anggone ngendhaleni indriyane, tumrap sang yogi kang wus manunggal, mas lan lemah iku padha wae ajine.

09. Manungsa kang wus ora mbedak-mbedakake, kang wus nganggep pada wae satru lan mitra, wong liya lan sanak utawa kadang, wong becik lan wong ala, iku wong kang wus luhur bebudene utawa jiwane.

10. Sang yogi prayoga olah semedi kanthi ajeg, dumunung ana ing panggonan kang sepi, dhewe, sarta ora pegat nguwasani pribadine, tanpa pangarep-arep lan pepenginan.

11. Lungguha ing panggonan ingkang resik, nganggo palungguhan kang bakuh, ora kendhekan ora kadhuwuren, tinutupan dening suket, lulang lan sembagi.

12. Ing kono ciptane supaya mantheng tumuju marang gegayuhan tunggal sarana nguwasani pangripta lan indriyane; prayoga dheweke nindakake lakuning yoga, murih nyenyuci atmane.

Cathetan : Atma punika gesang murni, gesang tanpa wahana.

13. Raga, gulu, sirah jejeg, tanpa mobah lan mosik. Kawigatene tumuju marang batine, kaya-kaya pandengen netrane kasipatake marang pucuking grana, tanpa nganggo nolah-noleh ngrasakake kiwa tengen.

14. Pribadine meneng anteng, tanpa was-sumelang lan teguh ing kesanggemane nglakoni brahmacari (wadat), waspada marang obah-mosike pangriptane, temen-tumanem ing Ingsun kang dadi gegayuhane.

15. Mangkono tan pegat anggone ngudi manunggal karo Ingsun sarana tansah nguwasani pangriptane, sang yogi nuli manjing ing katentremaning Nirwana kang luhur, jumbuh karo Ingsun.

16. Yoga iku ora kanggo uwong ingkang nggedhekake mangan, lan uga ora kanggo uwong ingkang tansah pasa, ora kanggo uwong ingkang karem turu, lan ugo ora kanggo uwong ingkang tansah melek.

17. Kanthi duga prayoga bab mangan lan kasenengan, ajeg anggone nglatih olah yoga, turu yen mangsane turu, lan tangi yen mangsane tangi, yoga sayekti bakal nyirnakake sakeh kasusahan.

18. Yen obah-mosike cipta lan riptane tansah di awasi lan dikuwasani, lan jiwane manungsa terus tumanem ing atma, sarta dheweke wus ora kepengin andarbeni apa kang nenangi pepenginan, manungsa kang mangkono iku wus kena diarani manunggal karo Ingsun.

19. Lampu kang ing panggonan kang sepi ing angin ora keder urupe, iku kang kuna makuna dadi gegambarane sang yogi, kang lumantar olah yoga murih manunggal karo Hyang Atma, wus jumenengake panguwasaning Ingsun.

20. Yen jroning nglelatih olah Yoga, cipta lan riptane wus lerem, dheweke bakal bisa nyipati jumenenge Hyang Atma, lan jalaran saka iku nemu kamulyan lan kamareman.

21. Kang nuwuhake rasa mukti-mulya kang linuhur, kang ora bisa diresepi dening indriya, lan mung bisa dirasakake dening budi jroning manjing ing Kasunyatan Jati.

22. Ora ana gegayuhan lan kanugrahan kang luwih luhur, sebab ing kono ora ana was-sumelang, susah sungkawa kang bisa namani maneh.

23. Sayekti kang diarani Panunggal, yaiku udhare panlikunge rasa was-sumelang lan sedih susah. Kahanan kang mangkono iku kang prayoga digayuh kanthi weninging jiwa.

24. Ngungkurake sakeh reroncenaning batin kag bisa nuwuhake pepenginan, kabeh indriya wus sinrimpung dening kawaspadaning prangripta.

25. Manungsa bisa anggayuh eneng-ening, ayem tentrem, yen indriyane lan ciptane wus winengku dening panguwasaning budi, lan pangriptane wus meneng antheng, marga riptane wus tumanem ing Atma.

26. Saben-saben pangriptane ambradat metu salewengan, tinarik sinendhal bali murih winengku lan kinuwasan maneh dening Atma.

27. Sang yogi kang wus lulus anggone ngeningake riptane, ngrasakake luhur-luhuring kamulyan. Rajas wus tutut manut. Ing kono sang yogi wus dumunung ing kahananing Hyang Brahma, adoh saka sakeh dosa.

 28. Kang wus bisa tanpa kendhat nyawijekake pribadine, iku yogi kang wus mentas saka dosa. Dheweke gampang manunggal karo Hyang Brahma lan ngrasakake Kamulyan kang linuhur.

29. Ingsun dumunung ing kabeh titah lan kabeh titah iku winengku dening Ingsun. Manungsa kang wus manunggal lumantar lakuning yoga, wus ora mbedak-mbedakake siji lan sijine, wus ora pangling marang kahanan kang mangkono iku.

30. Kang wus bisa maspadhakake anane Ingsun ing ngendi- ngendi wae, lan yen Ingsun iku ana ing apawae, iku manungsa kang ora bakal pisah karo Ingsun, lan Ingsun uga ora bakal ninggalake dheweke.

31. Yogi kang tansah memundhi-mundhi Ingsun jroning sawiji- wijining titah, yogi kang mangkono iku, kapriyea uga kahanane uripe, ora bakal pisah saka Ingsun.

32. Kang wus bisa maspadakake kabeh kadadeyan lan kahanan miturut dhawuhe Hyang Atma, lan jalaran saka mangkono iku ngerti yen sejatine iku ora ana apa-apa, ora mbedakake bungah lan susah, iku yogi kang wus sampurna.

33. Sang Harjuna nyela atur : “Dhuh Sri Kresna! Yoga kang miturut keterangan Paduka punika mboten sanes kajawi olah kateguhan, kajenjeman lan antenging jiwa, punika miturut pamanggih kula angel sanget anggenipun saged kalapahan.

34. Manas (Pangripta) mboten saged kendel, rongeh sanget, rosa, mboten kenging dipun kuwasani. Tiyang ingkang saged nguwasani pangriptanipun prasasat saged njaring angin”.

35. Sri Kresna ngandika : “Manas iku pancen rongeh banget, heh pahlawan agung! Naging sanadyan mangkonoa, bisa dikuwasani kanthi latihan-latihan lan wiragya, yaiku pambudidaya sepining pangarep-arep lan pamrih.

36. Tumrap uwong kang durung tau nyoba ngendhaleni pribadine, yoga pancen angel bisane kagayuh, nanging samongsa uwong iku gelem nglelatih ngendhaleni angkarane, mesthi ya diparingi dalan supaya bisa anggayuh yoga”.

37. Harjuna nyuwun priksa : “Tiyang ingkang mboten saged ngendaleni angkaranipun, nanging ageng kapercayanipun salebetipun olah yoga, kirang kawaspadanipun ngantos pangriptanipun wungsal-wangsul ambrandat lan nyaleweng, lan jalaran saking makaten wau mboten lulus anggenipun olah yoga, kados pundi kuwasananipun tiyang ingkang makaten wau ?

 38. Punapa tiyang makaten punika mboten badhe kandheg ing tengah-tengahing lampah, lamapahing Ngelmu Sangkya utawi lampahing Karma Yoga, wasana ibarat mega ingkang pinisah- pisah dening maruta, tanpa wonten kendelipun lajeng sinorat dening dayaning surya, musna lebur papan tanpa tulis?

39. Dhuh Sri Kresna! Kersaa nyirnakaken raos kuwatir ingkang damel peteng manah kawula. Sebab saestunipun mboten wonten sanesipun ingkang saged ngentasaken kawula saking pepeteng wau kajawi namung Paduka”.

40. Sri Kresna ngandika “ “Heh Parta! Jroning urip ing alam donya iki, utawa ing alam akherat, ora bakal dheweke musna lebur papan tanpa tulis iku. Ora bakal wong kang jujur sineret-seret nganti nemahi kasangsaran.

41. Sauwise urip nganti dawa umure, bebarengan karo uwong- uwong liya kang padha jujur-jujur, lan banjur mati lan manggon ing suwargane uwong-uwong kang jujur-jujur nganti atusan taun, wong kang ora lulus anggone olah yoga mau, bakal dilahirake maneh ing donya, ing tengah-tengahing kulawarga kang suci lan binerkahan dening Pangeran.

42. Bisa uga dheweke bali lahir dadi anak putune para yogi kang sadu budi. Ing jaman saiki ora gampang wong bisa dilahirake kaya mangkono iku.

43. Ing kono sauwise pulih sessambungane karo budine, lan megar tuwuhe uripe wus tekan ing tataran kang wus dienggo, nalika uripe kang keri, dheweke mesthi banjur marsudi maneh anggone olah yoga, kaya kang uwis-uwsi, nganti dheweke bisa anggayuh pepunthone gegayuhane.

44. Jalaran nalika uripe ingkang keri dheweke wus nglatih olah yoga, jroning urip iki, dheweke gelem ora gelem mesthi katarik maneh olah yoga, nganti wusanane dheweke bisa ngalami lan ngresepi jumenenge Hyang Brahma.

45. Yoga kang tansah ngudi marang panunggal lan wus adoh saka sakeh laku dosa, sauwise marambah-rambah urip ana ing donya iki, wusanane bisa manjing ing Kahananing Urip kang luhur.

46. Olah yoga iku ngluwihi tapa, uga ngluwihi olah ngelmu, lan ngluwihi gawe amal becik, mula dadiya yogi, heh Harjuna!.

47. Lan ing antarane para yogi, yogi ingkang sajrone telenging atine,  kanthi  iman  ingkang  kukuh-bakuh,  tansah  suwita  lan memundhi Ingsun iku yogi kang tuhu wus manunggal karo Ingsun.


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping enem, winastan Panunggal sarana Olah Semedi.


7. JNAMA VISNANA YOGA
Wejangan ingkang kaping Pitu : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Tinarbuka


01. Sri Kresna ngandika : Sarana atinira tumanem ing Manira, anggayuh panunggal sinartan ngayom ing Manira, mesthi sira bakal meruhi kasampurnaning Kasunyatan Manira, tanpa nganggo tidha-tidha maneh.

02. Pathisarine piwulange Pangawikan bakal Manira wedharake marang sira, lan kajaba saka iku sira bakal entuk pangalaman kang gedhe banget manpangate. Mengko yen sira wus bisa mangerti kabeh, ig donya iki wus ora ana kang isih perlu sira sumurupi maneh.

03. Sapa ta kang ora kepengin Kamardikan utawa Kamandhirian kang sampurna? Ing antarane ma ewu-ewu mbok manawa mung siji! Lan ing antarane ma ewu-ewu uwong kang padha kepengin mandhiri kanthi sampurna, mbok manawa mung siji kang bisa ngresepi jatine Kasunyatan Manira.

04. Prakriti Manira iku ana wolung rupa : Bumi, banyu, angin, geni lan swasana (ether), cipta, ripta lan angkara. Kawruhana iki kabeh sipat-sipat Manira kang lahir.

Cathetan : Prakriti punika ing jaman sapunika dipun wastani unsur utawi anasir. Bumi punika Carbon, banyu Hidrogen, angin Nitrogen, Geni Oksigen. Unsur sekawan punika miturut Ilmu Kimia inggih unsur-unsur ingkang mawujudaken zat-zat organis, inggih punika zat-zat ingkang andhapuk wahana-wahana tumrap samudayanipun ingkang mawa gesang kadosta wit-witan, raganing manungsa, sato lan sanes-sanesipun. Ing sapunika cacahipun unsur punika meh satus, awit saking hidrogen dumugi uranium lan salajengipun. Cipta, ripta lan angkara mboten kepetung unsur.

05. Kawruhana yen ing sajrone sipat-sipat Manira ingkang kasar mau, ingkang ana ora liya mung Dheweke, yaiku Dat kang dadi dhedhasare Panggrahita (Rasa ana, Concicousnes) jroning sakeh titah, tuke urip ingkang nglimputi lan nyrambahi jagad ingkang gumelar iki.

06. Kawruhana yen prakriti Manira iku ora pisah saka Manira, Ingkang dadi gua garbane sakeh kang dumadi. Jagad Gedhe iki Manira ingkang nglahirake, lan lebure bali maneh marang Manira.

07. Ora ana barang kang luwih luhur tinimbang Manira. Salwiring kang dumadi iki kasambrahan dening Manira, ibarat mutiara- mutiara kang rinonce ing benang sutra.

08. Ingsun sarining banyu, pepadhanging srengenge lan rembulan. Aum, sabda sucine kitab-kitab Wedha, getering swasana (ether) lan kekuataning manungsa.

09. Gandaning bumi kang seger lan arum, sumunare geni kang murub, Urip kang nguripi sakeh titah, kateguhan kang padha nglakoni tapabrata.

10. Kawruhana, Ingsun wijine kabeh titah kang tan kena ing rusak, heh Parta! Ingsun uga budine kang mlaku nalare lan prabane sakeh kang sumorot.

11. Kasektene para kang sinekti, kang wus sepi ing hawa napsu lan pangarep-arep. Banjur Ingsun uga pepenginan kang ora ngrusak angger-anggering Sih Katresnan.

12. Samubarang ingkang dhedhasar satwam, rajas lan tamas, uga Ingsun ingkang anjalari. Dudu Ingsun ingkang jumeneng ing kono, nanging kabeh mau winengku dening Ingsun.

13. Sanasaban dening dayaning Triguna, wong sajagad iki padha kablinger kabeh, lan ora padha bisa nyekseni Kahanan Ingsun, ingkang jumeneng tanpa magepokan karo sakeh kahanan, langgeng tan kena ing owah gingsir.

14. Marga saka daya kasektene Maya kang linuwih, kang Ingsun tuwuhake saka panguwasane Triguna, arang-arang kang padha bisa nyedhaki Ingsun. Nanging kang bisa nrabas kasektene sang Maya, Maya wus tanpa daya.

15. Para durjana, wong-wong kang cubluk lan pengung, kang seserape isih binungkus dening dayaning Maya, marga kinuwasan dening guna Rajas, ora padha bisa nyedhaki Ingsun.

 16. Papat cacahe golongan titah, kang sarana laku susila ngayom marang Ingsun, yaiku wong kang nandhang prihatin, wong kang golek Ilmu, wong kang ngudi kaluhuraning budi, lan para sadu.

17. Kang cedhak dhewe karo Ingsun yaiku sang Sadu, kang jroning ngudi panunggal tansah memundhi Ingsun. Sang sadu bekti banget marang Ingsun, lan Ingsun uga tresna marang dheweke.

18. Ingsun rena marang golongan papat mau, nanging sang sadu Ingsun padhakake karo Ingsun dhewe, marga manunggal karo Ingsun, sarana Ingsun minangka lantarane.

19. Sawuse lahir lan mati marambah-rambah, sang sadu wusanane mesti teka ing ngarsaning Ingsun, banjur mangucap : “Salwiring Alam ingkang gumelar iku Wasudewa. Wasudewa jiwaning Jagad Gedhe iki kang arang-arang bisa disekseni dening titah.

20. Wondene sapa kang kawicaksanane isih kablinger dening sakeh pepenginan lan saguh nglakoni apa wae, murih bisa katekan apa kang dadi pepenginane mau, sarana memundhi sesembahan-sesembahan ingkang maneka rupa gandheng karo wewatekan dhewe-dhewe, sawuse ajal, mesthi parane ya menyang sesembahan mau.

21. Lan sapa wae kang memundhi sadhengah wewujudan, kanthi iman ingkang santosa lan leladi kanthi jujur marang sesembahan iku, iman ingkang santosa iku, asale uga saka Ingsun.

22. Sapa wae kang wus bisa nyawijekake pribadine, marga saka imane mau lan memundhi kanthi jujur marang sesembahan- sesembahane iku, mesthi bakal entuk apa kang dipengini. Ora liya Ingsun ingkang maringake uwohe panggawene iku!.

23. Uwohe panggawene iku, yen panganggone ora ngati-ati, durung suwe anggone bisa dinikmati, banjur wus enthek. Sapa kang memundhi para dewa, parane marang para dewa. Sapa kang memundhi marang Ingsun, parane marang Ingsun.

24. Uwong kang budine durung tinarbuka padha darbe panemu yen Ingsun, kang tanpa awitan lan wekasan, tan kena sinipatan, wus tau manjalma dadi manungsa. Anane panganggep mangkono iku, marga wong mau durung ngerti Dat Ingsun kang Sejati, langgeng tan ana ingkang madhani.

Cathetan : Ing Al Qur’an kanyatan punika dipun cethakaken dening kalimat : La hu laa syarikat wa hua al abadiy..

 25. Arang banget kang meruhi Ingsun, jalaran tinutupan dening daya pemblingere Maya. Si pengung ora weruh marang Ingsun, marga Ingsun iku langgeng. Ana tanpa nganggo dilahirake.

26. Ingsun ngreti anane sakeh titah ing jaman kang wus kapungkur ing jaman saiki, lan ing jaman kang bakal teka. Naging sakeh titah mau heh Harjuna, ora ana kang padha weruh marang Ingsun.

27. Kajiret dening bungah-susah, seneng sengit lan wolak-walike kahanan, kabeh titah uripe ing donya iki mung dadi dolanane Triguna.

28. Nanging jalma kang wus mungkur lan adoh ing laku duraka, lan mung gawe amal kang becik, waspada marang wolak-walike kahanan, kang padha memundhi Ingsun kanthi iman kang teguh.

29. Kang padha ambudidaya uwale saka karusakan lan pati, kang padha gegondhelan lan ngayom marang Ingsun, iku wus padha ngerti marang Brahma, ngerti marang Dat, lan ngerti marang tumandange Adiyatma.

30. Kang ngreti yen Ingsun iku ora pisah kari Adibuta, Adidaiwa lan Adiyagnya, iku ora bakal pangling karo Ingsun, samangsa pati nekani dheweke”.


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping pitu, winastan : Panunggal jalaran Tinarbuka.


8. AKSHARA BRAHMA YOGA 
Wejangan ingkang kaping Wolu : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Kalanggenganing Hyang Brahma


01. Harjuna nyuwun priksa : “Dhuh Sri Kresna ; Punapa ta Brahma lan punapa ta Adiyatma punika ? Saha punapa ingkang dipun wastani Karma, Adibuta lan malihipun Adidaiwa ?

02. Lan punapa maksudipun Adiyaksa tumrapipun jalma ingkang maksih ngrasuk raga, lan kados pundi caranipun manungsa saged nyumerepi Paduka, nalika piyambakipun ngancik wancining ajal.

 03. Kang Maha Mulya ngandika : “Brahma iku luhuring aluhur, kang tan kena ing rusak. Adiyatma iku jumeneng Manira ing sanubarining manungsa. Dene Karma iku tumandange Dayapurbane Hyang Brahma ingkang anjalari gumelare sakeh alam iki.

04. Adibuta iku samubarang ingkang kena ing rusak lan tansah ngalami owah gingsir lan Adidaiwa iku padha wae karo Purusa, yaiku tetimbangane Prakriti. Kang diarani Adiyaksa iku panjalma Manira ing donya iki.

Cathetan : Purusa punika mulabukanipun sakathahing daya (energy) lan prakriti punika mulabukanipun sakathahing wujud (stof matter).

05. Lan manungsa ingkang nalika wanci ngancik ajale, nggelengake cipta lan riptane marang Manira lan banjur ninggalake ragane, iku bakal manunggal karo Manira. Iku wus kena dipethekake!.

06. Apa kang dadi kawigatening manungsa ing saat ajale, sauwise dheweke ninggal ragane, dheweke parane mesthi mrono, jalaran kagawa dening kodrat iradate (karepe).

07. Mula sasuwene pancakara ing medhan laga mengko, sawijekna ciptanira lan riptanira tumuju marang Manira, mesthi sira bakal tumeka ing Ngarsa Manira. Aja sumelang maneh, iku mesthi bakal kelakon!.

Cathetan : Punika mboten beda kaliayn ajaranipun Islam ingkang mucal, supados ing saat ajalipun, manungsa nyebut asmaning Pangeran. Allah, Allah, Allah.

08. Mula kulinakna olah semedi. Aja nganti riptanira selewengan. Sarana teguh lan panggah anggonira olah yoga lan ngulinakake semedi sira mesthi bisa anggayuh kaluhuraning Purusa.

09. Kang riptane tansah tumuju marang kang Maha Wikan, kang ngatur lan mernata jagad sakalir, kang luwih lembut tinimbang lembuting alembut, kang misesa sagung kang dumadi, kang sumorot lir sewu surya bebarengan, tanpa magepokan karo pepeteng, nanging tan bisa kinayangapa dening titah.

10. Ing wanci ajale, kanthi jiwa ingkang teguh, puguh, panggah ngudi manunggal kagawa saka rasa bektine lan daya kekuwatane anggone olah yoga, wong kang mangkono iku, sawuse bisa nggugah mawasarpa lan bisa musatake iline ana ing tengah- tengah mawasarpa lan bisa musatake iline ana ing tengah-tengah alis loro, mesthi bakal munggah marang Suwargane Hyang Purusa.

Cathetan : Ingkang dipun wastani mawasarpa, ing kasusastran Inggris dipun namaakaken serpent power, punika ssaestunipun aji kundhalini. Kundhalini punika daya kekiyataning agesang ingkang nggegirisi, mirip kaliyan dayaning listrik. Kundhalini punika sumimpen wonten ing pangkalaning ula-ula, ingkang ngatur gesanging “Bait almuharram” utawi “Pedaleman ingkang tan kena nepok” utawi kelamin, “bait al Mukhadhas” utawi Jantung, lan “Bait al makmur” utawi utek.

Manungsa ingkang sampun lulus anggenipun olah semedi saged nggugah kundhalini lan ngatur lampahipun miturut marasing ula- ula, sarta nglangkungi sakthahing cakram, antiwisipun cakram ingkang dumunung wonten ing bathuking manungsa ing antawisipun alis kekalih.

Cakram punika ing mistik Hindu dipun wastani “Netranipun Hyang Brahma”. Manungsa ingakang sampun saged nangekake kundhalini lan ngatur lampahipun nglangkungi cakram-cakram (wonten pitu cacahipun), prasasat sampun jumeneng Wisnu, sebab nguwaosi gesanging cakram-cakram punika, saestunipun dipun perlambangi dening nguwaosi sanjata cakra. Kajawi punika, ing lampahan “Dewa Ruci” Jumedhulipun naga ageng ing tengah- tengahing samodra jineman”, samodra winadi, ingkang lajeng anggubed raganipun Bima, dados lambangipun kundhalini (Mawa Sarpa-genining naga).

11. Kang diarani “Kang tan kena ing rusak” dening para wiku kang wus wikan ing pawulange sakeh Kitab Wedha, parane para pinunjul kang wus sepi ing hawa nafsu lan bisa nguwasani angkarane; kang dadi gegayuhane para sadu-budi kang padha nglakoni brahmacari (wadat), iku nedya Manira terangke kanthi cekak.

 12. Babahan nawa (sanga) tinutup kanthi rapet sarta jinaga sarana waspada, manas tumanem ing kalbu, prananing atma pinusatake ing sirah, sawiji jroning olah yoga.

13. Binarengan ngucapake sabda tunggal suci AUM, ripta tan pegat, cumanthel ing Manira, manungssa kang lolos saka ragane kanthi cara ingkang mangkono iku, mesti ngliwati lawanging suwarga ingkang luhur dhewe.

14. Yen wus ora ana gegambaran liyane sajroning riptane, yen kang ana ing ngarepe netra batine mung Manira, yekti Manira gampang bisane kagayuh dening sang Yogi kang wus sawiji.

15. Sapa kang wus tumeka ing ayunan Manira, ora bakal dilahirake maneh ana ing donya, papan kasangsaran kang tansah owah gingsir. Para Mahatma iku mau padha manjing ing Kamulyan Jati.

16. Kabeh alam iku sajatine ora langgeng, mangkono uga suwargane Hyang Brahma, kang uga nganggo awitan lan pungkasan. Naging kang wus tumeka ing ayunan Manira, iku wus metu saka cakra panggilinganing urip lan mati.

17. Dinane Hyang Brahma (sakalpa) iku luwih saka sewu jaman. Mangkono uga wengine Hyang Brahama. Mangkono mau kandhane kang wus padha mangerti.

18. Ing wanci pleteke dinane Hyang Brahma, kabeh alam iki jumedhul saka gua garbaning Gaib. Ing wanci kumrukube wengine Hyang Brahma kabeh alam iki digulung maneh lan banjur mlebu maneh ing gua garbane Gaib.

Cathetan : Gaib punika samubarang ingkang boten kenging dipun gagabi dening akal budining manungsa (Het Onkenbare, The Unknowwable).

19. Satuhune kahanan kabeh kang tumitah iki, nalika dumadine wus tumuju marang lebure, tanpa bisa suwala yen wengine Hyang Brahma wus nyedhak, lan ing wanci pletheke dinane Hyang Brahma bakal diwijilake maneh.

20. Naging luwih alus lan luhur tinimbang kodrat alam kang mangkono iku, ana Sawiji kang ora ginelar, Sawiji kang luwih luhur tinimbang karo apa wae kang ginelar, lan ora melu lebur karo sakeh titah.

21. Barang kang ora winedar utawa ginelar iku diarani Sastra. Iku kahanan kang luhuring aluhur. Kang bisa tekan ing kono wus ora bali maneh marang donya. Iku padunungan Manira kang Maha Luhur.

Cathetan : Makna tembung sastra kados ing nginggil punika kula aturi njajarake kaliyan makna Sastra ing Serat Sastra Gendhing, ingkang saestunipun anggelaraken bebantahan bab pundi ingkang langkung rumiyin : Sastra (ALLAH) utawi Gendhing (Gesang).

Kersaa ugi nandingaken kaliyan punapa ingkang kawrat ing Kitab Injil (Bibel) bagiyan piwucalipun Johannes Pembaptis, ingkang ungelipun : Ing sakawit ingkang Ana iku Sabda, lan Sabda iku ana ing Allah Sabda iku satemene Allah! Sastra punika boten sanes inggih gegambaranipun Sabda.

22. Purusa kang Maha Luhur mau mung bisa digayuh sarana bekti kang dilambari Iman kang santosa, lan kang tan weruh ing nyaleweng. Jroning Purusa mau dumununge kabeh kang tumitah. Dheweke kang nggelar kabeh alam iki.

23. Kapan tekane wanci kang kudu dimanfaatake dening para Yogi, kang sauwise ajal, ora nedya bali lahir maneh, lan kapan tekane saate kang kudu dimanfaatake dening para Yogi kang nedya bali lair maneh ing donya iki, bakal Manira terangake marang sira.

24. Padhang jumingglang nalika awan, utawa ing wanci bengi nalika rembulan lagi tumuwuh, sajroning nem sasi nalika srengenge lakune lagi ngalor, iku wancine yen sang Yogi kang mungkasi uripe ing donya iki, nedya manunggal karo Brahma lan ora arep bali menyang donya maneh .

25. Ing wanci bengi nalika rembulane lagi panglong jroning nem sasi nalika srengenge lakune lagi ngidul, iku wancine yen sang Yogi kang mungkasi uripe, nedya dumunung ing Alam ingkang padhang, kaya-kaya Sinorotan ing rembulan purnama lan sauwise banjur bali maneh menyang donya iki.

Cathetan : Wedharan ing nginggil punika saged dados katerangan kenging punapa Bisma ingkang sampun rebah ing perang Brata Yuda anggenipun oncat saking raganipun, ngentosi awitanipun srengenge lampahipun ngaler.

 26. Dalan ingkang padhang jumingglang lan dalan ingkang peteng remeng-remeng, iku dalan loro kang wus ana duk jagad digelar. Kang siji iku dalane para pinunjul kang wus ora nedya bali lahir maneh, liyane dalane kang isih sumedya tumimbal lahir.

27. Sang Yogi kang wus waspada anane dalan loro mau ora bakal kesasar. Mula, Heh Harjuna, aja nganti sira pedhot anggonira nyawijekake pribadhinira jroning olah yoga.

28. Uwoh kang miturut piwulange kitab-kitab Wedha, bisa diundhuh, minangka piwalese sesaji kurban, tapa, dedana, utawa amal soleh, iku kabeh wus ora diwigatekake dening manungsa kang wus ngerti. Jalaran saka iku sang Yogi bisa manggon ing Kasuwargan ingkang luhuring aluhur.


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping wolu, winastan : Panunggal Harjuna lumantar Kalangengane Hyang Brahma.


9. RAYA-VIDYA – RAYA GUHYA YOGA 
Wejangan ingkang kaping Sanga : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Ilmu luhur lan Sesengkeran Luhur


01. Kang Maha Mulya ngandika : Wewadi kang dadi sesengkerane kang piningit banget, bakal Manira wejangake marang sira, ing sarehne sira wus nelakake iman lan bektinira marang Manira, tanpa nganggo ragu-ragu maneh. Lamun sira bisa nampa surasane wejangan Manira iki kanthi kawicaksananing budi, sira bakal luwar saka sakehing kasangsaran.

02. Sesengkeraning Ilmu Luhur iki, sayektine sarana kang ampuh banget kanggo nucekake pribadinira, marga aweh seserepan kang langsung, tanpa nganggo lantaraning liyan, nucekake gawe padhang, serta sipate langgeng.

03. Wong kang ora percaya marang piwulange ilmu ingkang gawe rahayuning jagad iki, ora bakal bisa teka ing ayunan Manira, heh Parantapa! Ing sarehne ora bisa ngadhep marang Manira wong mau ora bisa uwal saka cakra panggilinganing urip lan mati.

04. Salwiring alam iki ginelar, yen Manira awit jumeneng, sesingitan  marga  linimputan  dening  warana.  Ana  ing  Manira dumununge kabeh kang dumadi iki, nanging Manira ora winengku dening sakeh titah iki.

05. Sakeh kang dumadi iki, ora ana sajroning Manira. Mara ngretenana Yoga Manira ingkang Adi Luhur iku. Kabeh kang dumadi iku winengku dening Manira. Manira ora ana sajroning titah, sanadyan kabeh mau dumadine saka Pribadi Manira.

06. Ibarat getering swasna (ether) kang manggon lan nyrambahi bumi lan angkasa iki, kabeh kang dumadi mau tumanem ana ing Manira. Iki kudu sira ngerteni.

07. Kabeh kang dumadi iki, heh Kunthiputra, lebur bali marang Prakriti Manira, kang dadi asal kamulane, ing pungkasaning kalpa. Ing awaling kalpa jagad iki Manira pancarake maneh.

08. Winisesa dening panguwasaning Hyang Maya, tanpa bisa polah, kabeh titah iku, ing awitaning kalpa, padha metu saka Manira, lan ing pungkasaning kalpa padha bali marang Manira maneh.

09. Sanadyan mangkono sajatine Manira ora magepokan karo panggawe mau, Heh Harjuna! Anane Manira mung nyekseni sakeh kadadeyan iku, tanpa obah tanpa mosik.

10. Manira kinodratake jumeneng Adiyaksa saka Karsa Manira pribadi, supaya ngawasi kabeh kang ginelar lan tansah obah, lan uga ngawasi kang ora ginelar. Jalaran saka iku jagad iki tansah gegulungan mubeng minger tanpa leren.

11. Tuhu cubluk banget wong-wong kang lumuh ngerteni marang Manira. Yen Manira pinuju ngejawantah nganggo wewujudaning manungsa, Mangkono iku marga wong-wong mau ora padha ngerti kodrat Manira ingkang alus, Maha Iswaraning Alam kabeh.

12. Padha duwe pangarep-arep kang muluk-muluk, nangning seserepane lan tumindake ora ketemu ing nalar, lan jalaran saka iku tan ana gunane babar pisan. Gawene mung golek panglipur, ngedohi lan nglelali jumeneng Manira, nuruti kodrating rajas, wewatekaning raseksa, kang mung golek kepenake dhewe.

13. Beda karo mahatma, kang tansah miturut kodrat iradat Manira, heh Parta! Padha tansah memundi Manira, jalaran wus padha ngreti yen Manira iku tuke sagunging dumadi.

14. Kang padha ngalembana Manira lumantar kidung-kidung kang ngresepake, sinambi nglelatih nindakake tapabrata. Bekti lan sumungkem marang Manira sajroning pasuwitane, lan ora pegat eling marang Manira.

 15. Ana uga kang suwita marang Manira, sarana ngudi tuwuhe pangawikan, minangka sesaji kurbane marang Manira. Ana kang darbe panemu yen sesembahane iku sesembahan kang Maha Esa, ana kang darbe sesembahan kang maneka rupa, lan ana kang ngarani yen sesembahan kang maneka rupa iku, sajatine kawujudane sesembahan kang mung siji.

16. Upacara kang dadi ajarane Ilmu Sarengat, lan sakatahing tatacara kang diprayogakake dening kitab-kitab suci, kawruhana iku pratanda jumeneng Manira. Manira lakuning kurban lan Manira uga kurban kang diladekake marang arwahe para leluhur, japamantrane, lengane, genine lan menyane.

17. Manira Bapa-Babune sagung bawana, dhedhasare lan mula bukane sagung kang dumadi, kang tansah memamyu hayuning bawana. Manira sabda suci AUM, pathi piwulange Rig Wedha. Sama Wheda lan Yajur Wedha.

18. Manira pepunthoning tarekat kang aweh Kamulyan Jati, Manira Gusti lan Pangerane sagung kang dumadi. Saksi tumrap sakathahe panggawe, kang Asih ya kang Sinisihan, Pangayomaning Jagad. Manira Pamurba, Panguripan lan Pangleburing Jagad, Pagedonganing Kasugihan, Wiji kang tan kena rusak.

19. Manira kang gawe panas lan adhem, kang nurunake lan ngendhegkake udan. Manira kang sipat langgeng, lan kang nguwasani urip lan pati. Manira iku Ana, nanging ya Ora Ana, heh Harjuna!.

20. Para wiku kang wus putus anggone nyinau kitab-kitab Wedha, kang wus padha nencep kamulyaning Swarga, para suci kang ajeg asung sesaji murih bisa munggah ing kaswargan, samengko yen bisa klakon manggon ing Kaswargane Hyang Indra, padha melu bojakrama karo para dewa.

21. Sawuse ngrasakake kanikmatane Kaswargan kang jembar tanpa wekasan, akhire samangsa wus rampung anggone ngrasakake kanikmatan minangka ganjarane anggone nindakake panggawe-panggawe becik, nalika urip ing donya ingkang uwis, banjur bali dilahirake ing donya maneh. Ing kono nendhakake piwulange kitab-kitab Wedha maneh. Entuk-entukane ora liya mung ngetutake cakra-panggilingane lair lan mati.

22. Naging sapa kang pikirane tansah tumuju marang Ingsun, lan tansah  memundhi  Ingsun,  wong-wong  kang  tansah  ngudi kaseimbanganing jiwa (katentreman), Ingsun paringi Pangayoman Ingsun.

23. Sanadyan ta manungsa iku ngantepake imane marang sesembahan-sesembahan kang diwenehi jejuluk kang maneka warna, janji panembahe mau bener-bener kanthi eklas lan sumarah, sajatine kang disembah iku ora liya ya mung Ingsun, sanadyan panembahe mau ora miturut tatananing agama kang wus kaprah.

24. Kabeh sesaji kurban iku Ingsun ingkang nampani lan nikmati. Nanging jalaran wong-wong kang padha caos sesaji kurban iku, ora ngerti marang kodrat Ingsun kang Sejati, lumantar sesaji kurban mau, dheweke ora bisa cedhak karo Ingsun.

25. Kang memundhi para dewa minangka sesembahane, parane marang para dewa; kang memundi arwahe para leluhur, parane marang para leluhur; kang memundi brahala, parane ya marang brahala, nanging kang memundhi sarta sesaji kurban marang Ingsun, parane ya marang Ingsun.

26. Sapa kang caos sesaji godhong, kembang, woh-wohan, apa banyu satetes wae, kanthi rasa bekti lan sungkem, pangurbanane mesthi Manira tampa.

27. Panggawe apa wae kang sira lakoni, apa wae kang dadi panganira kang sira dadekake sesaji kurban, utawa apa wae kang sira danakake marang kang papa, utawa tapa apa wae kang sira tindakake, kabeh mau, lakonana mingaka sesaji kurban utawa ibadah marang Manira, yaiku pengabdian ingkang tanpa pamrih, mung dhedhasar tresna bekti.

28. Pranyata, sapa kang nyaosake sakeh uwohe panggawe, ala utawa becik, marang Manira minangka sesaji kurban, mesthi bakal luwar saka sakehe reribet. Eklas ing donya lan akerat, bab uwohe sakeh panggawene, batine mesthi anteng jenjem lan luwar saka sakehe bebandan. Jiwa kang wus merdika iku mesthi tumeka ing ayunan Manira.

29. Marang sawiji-wiji titah iku Ingsun ora pilih asih. Ora ana kang Manira istimewakake, ora ana ingkang Manira gethingi. Manira ora emban cendhe emban siladan. Sapa wae kang memundhi marang Manira, iku nyedhaki Manira, lan Manira uga nyedaki dheweke.

30. Nadyan ta dheweke iku maune durjana ingkang gedhe banget, janji dheweke iku kanthi jujur luwih ngabotake marang Manira tinimbang marang apa wae, dheweke iku kena diarani wong suci, marga pilihane iku wus bener.

31. Ora suwe wewatekan bakal dadi alus, lan dheweke banjur bisa manjing ing katentreman langgeng. Kawruhana, heh Kunthisiwi! Manungsa kang bekti marang Manira, ora bakal nemahi rusak utawa lebur.

32. Sapa wae kang ngayom ing Manira, sanadyan ta dheweke iku wong kang ora karuwan, kang nurunake, wong wadon, waisya utawa sudra pisan, mesthi dhewewke bakal ngliwati Palawangan Swarga kang luhur dhewe.

33. Luwih-luwih yen kang ngayom marang Manira iku para brahmana kang suci utawa para raja sinatriya kang ambeg bekti lan sumungkem. Mula heh Harjuna, memundhiya marang Manira, sesuwene sira urip ana ing donya, kang kebak kasangsaran iki lan winisesa dening wolak-walike kahanan!.

34. Kanthi Manas tumanem ing Manira lan asung bekti marang Manira, pasrahna kahananira marang Manira! Mesthi sira bakal tumeka ing ayunan Manira, yen Manira iku bener-bener gegayuhan kang tansah cumanthel ing cipta lan pangriptanira.


Punika piwucal winadi ingkang kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Sanga, winastan : Panunggal lumantar ilmu luhur lan Sesengkeran Luhur,


10. VIBHUTI YOGA 
Wejangan ingkang kaping Sadasa : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Kaluhurane lan Kawibawane Pangeran


01. Kang Maha Mulya ngandika : “Sabanjure rungokna, heh satriya kang prakosa, Sabda Manira ingkang pungkasaning aluhur, ingkang bakal Manira paringake marang sira, marga Manira nedya gawe kamulyanira.

02. Ora ana Maharsi utawa Jawata kang weruh mulabukane Manira, heh Harjuna, marga sayektine ing Manira dumununge mulabukane para Maharsi lan Jawata.

03. Sapa kang wus weruh yen Manira iku Ana tanpa nganggo di- Anakake, tanpa mulabuka, lan jumeneng Pangerane sagung kang dumadi iku wus ora bakal kasamaran maneh, lan bakal adoh saka sakehe kasangsaran.

04. Kawaskithan, pangawikan, nalar, kasunyatan, kasabaran, panguwasaning pribadi, katentreman, bungah lan susah, urip lan mati, kendel lan jireh.

05. Ora gawe pepati, gumbira, dyatmika, ngurang-urangi, merak ati, kawentaring aran, kajen-keringan, iku kabeh tandha-tandha kang ana ing sakabehe kang ana ing donya iki, kang dumadi saka Manira.

06. Sapa kang wus ngerteni marang Manira, jalaran anggone ngrumangsani Panguwasa Manira ingkang tanpa watesan lan Jumeneng Manira ngebaki gumelaring jagad, iku sayekti tetep ora pisah karo Manira. Manungsa kang mangkono iku cetha wus nyawiji.

07. Manira ingkang murba-misesa jagad iki. Saka Manira jumedhule sagung kang dumadi. Kanthi pangreti kang mangkono iku, para sadu padha manembah marang Manira, sinartan anteping iman kang saya rumasuk.

08. Jroning urip mung sedya leladi marang Manira, ora pegat eling marang Manira, padha silih nenangi anteping atine, jroning sarasehan mung Manira kang dadi pokok rerembugane, wong- wong mau tansah suka-syukur, tentrem lan ayem atine.

09. Wong-wong kang wus padha nyawiji iku, kang kanthi bekti lan sungkem tansah manembah lan leladi (Ibadah) marang Manira, nuli Manira bangkitake jumenenge budine, kang anjalari wong- wong mau banjur bisa ngadhep marang Manira, lan wekasane bisa manunggal karo Manira.

10. Karana welas-asih Manira, wong-wong mau Manira entasake saka pepeteng lan saka alam jahiliyah (kebodohan). Sebab Manira sajatine kang jumeneng ing telenge pribadine, kang banjur nguripake urupe kawicaksananing budine.”

11. Harjuna nyelani : “Padhuka punika Parabremba (Pathining Brahma), Paradama (Padunungan kang luhur), Mahasuci, Purusa ingkang tanpa wekasan, sarta Pangeran ingkang wonten saking Karsa Pribadi.

12. Mekaten punika sampun dipun ngendikakaken dening para Maharsi sadaya, ugi, dening Sang Suci, Hyang Narada, salajengipun sang Asita, sang Dewala lan sang Wiyasa. Lan sapunika Paduka ingkang paring katerangan.

 13. Kula saged ngraosaken, manawi sadaya ingkang Paduka ngendikakaken punika leres, dhuh Kesyawa! Boten wonten Jawata utawi Danawa ingkang nyumerepi pangejawantah Paduka.

14. Namung paduka piyambak ingkang saged nguningani pangejawantah Paduka, Dhuh Jiwa ingkang Maha Agung, tuking sagung kang dumadi, Gustinipun para manungsa, Dewaning para dewa! Saestu Paduka ingkang nguwaosi Jagad punika.

15. Kersaa Paduka nerangaken kados pundi kodratipun panguwaos Paduka ingkang Mahaluhur wau, ingkang nyrambahi lan nglimputi sagung bawana punika, sanadyan ta Paduka punika tanpa mosik, obah utawi mingset.

16. Kersaa Paduka paring priksa dhumateng kawula, kados pundi lumantar olah yoga, kula saged nyekseni jumeneng Paduka, kersaa paring priksa, dhuh Sri Kresna, sipat-sipat Paduka ingkang pundi, ingkang saged kula gagapi dening pangripta kawula.

17. Kersaa Paduka nerangaken kanthi satapis-tapisipun Jumeneng Paduka saha Panguwaos Paduka ingkang tanpa wangenan punika. Rumaos boten saged tuwuk-tuwuk necep maduning pangandika Paduka.”

18. Ingkang Maha Mulya ngandika : “Mara ta, bakal Manira terangake marang sira sipat-sipat Maha Agung Manira, ingkang tuhu maneka rupa iku, nanging kanthi cekak bae, sebab ora ana enteke.

19. Manira iku Ingsun, Ingkang Jumeneng ana ing telenging batine saben titah. Manira. Awal, Madya lan Wusanane sagung dumadi, heh Gudhakesya!.

20. Tumrap para Aditya, Manira iku Wisnu, yen pepadhang Manira iku srengenge. Tumrap para Maruta, Manira iku Marici lan tumrap lintang-lintang, Manira iku rembulan.

21. Tumrap kitab-kitab Wedha, Manira iku Samawedha. Ing antarane para dewa, Manira iku Bathara Siwah, ing antarane indriya, Manira Manas, Nalar sajroning saben titah.

22. Manira Syasyankara tumrape para Rudra (Panggedhe dewaning prahara), lan tumrape para Yaksa lan Raseksa, Manira Witesya. Yen Gunung, Manira iku Maha-Meru.

23. Kawruhana, tumrap para ulama agung, Manira iku Brihaspati. Manira iku Skandha, Dewaning perang para senopati. Tumrap telaga lan kedhung, Manira iku Samodra Agung.

24. Antarane para Maharsi, Manira iku Sang Bregu. Manira sabdasucine  sakeh  kang  bisa  celathu,  japamantrane  sakeh upacara sesaji kurban. Antarane gunung-gunung, Manira gunung Himalaya.

25. Yen tumrap wit-witan, Manira iku wit Aswata (witing urip, sajaratu al hayyi) tumrape para Dewarsi, Manira Bathara Narada, Manira Citraratane para gandarwa, lan Kapilane para kang sampurna ing Ilmu.

26. Ing antarane para turangga, Manira Ucahisrawa, kuda ingkang dumadi nalika para jawata padha ngebur samodra nggoleki Banyuning Urip, ing antarane depangga, Manira Gajah Ajwarata lan Maharaja tumrape manungsa.

27. Tumrap sakeh gegaman, Manira iku bledeg, Yen rajakaya, Manira iku Kamadanu (sapi kang susune bisa mujudake sakeh panuwuning manungsa), Kandharpa tumrap sakeh kang turun- tumangkar, Wasuki ing antarane ratune para sarpa.

28. Tumrap para naga, Manira iku Ananta, tumrap sakeh kang padha urip ing samodra, Manira Baruna. Yen tumrap para leluhure manungsa, Manira Aryama, tumrap kang darbe panguwasa Manira Pati.

29. Manira Prahladane para ditya, Kala tumrap keh petungan waktu, singa tumrap kewan-alas, lan Garuda tumrap kang darbe suwiwi. Tumrap sakeh kang bisa gawe resik, Manira angin.

30. Antarane para raja-sinatriya kang darbe sanjata kang ampuh, Manira Rama, antarane para mina, Manira Makara, Bangawan Silu Gangga antarane sakeh kali lan ilen-ilen.

31. Manira Awal lan Akhire kabeh kang gumelar, lan uga madyane, heh Harjuna! Yen pangawikan, Manira iku Pangawikaning Pribadi (Zelfkennis), lan nalare para kang pinter micara.

32. Tumrap hanacaraka, Manira aksara Ha, daya penarik antarane kang padha sih-sihan. Manira Jaman kang tanpa awitan lan pungkasan lan ingkang murba-misesa sagung alam bawana iki. Kang meruhi obah mosike sakeh kang dumadi, Manira uga.

33. Manira Siwah, Jawata Panglebur kabeh kang ginelar, Manira uga Pamurbane sakeh barang kang anyar. Kamsyhuran, kemakmuran, kasantosan, kasarjanan, ingatan, pamicara lan pangapura Manira uga.

34. Ing antarane tembang-tembang jroning Kitab Wedha, Manira tembang gedhe. Yen Guru lagu, Manira iku gayatri. Tumrap mangsa papat, Manira Margasirsa, mangsa semi.

 35. Tumrap para kang padha dhemen ngabotohan, Manira iku pangutut (pangareparep bakal menang). Manira sorote sakeh kang sumunar utawa mawa cahya, Jaya kawijayan, kateguhaning karep kang tan weruh ing mingset, kasunyatane kang wus padha tinarbuka.

36. Wasudewa tumrap trah Wresni lan Dananjaya tumrap para Pandhawa. Yen kanggone para muni, Manira iku Wiyasa. Ing antarane para pujangga gedhe, Manira Usiyana.

37. Pangwasane kang padha ndarbeni panguwasa, Manira. Manira laku kanegarane politik para kang mbudi kaunggulane bangsan, Manira wadi jroning batine kang padha mbisu, lan pangawikan para sarjana.

38. Wijine kabeh kang Ana, iku Manira, heh Parta! Ora ana barang apa wae kang ana iki bisa dumadi tanpa Manira, heh Harjuna!.

39. Satuhune ora ana enteke kawujudan kang dadi pangejawantah Manira, Manira mung nyebutake sawatara kawujudan wae, minangka nggambarake Kamulyan Manira.

40. Apa wae ingkang utama, besik, mawa cahya, mawa wibawa lan kuwasa, dumadine mesthi saka Dat Manira, mesthi cuwilan saka Kamulyan Manira.

41. Nanging apa tegese kabeh mau tumrap sira, heh Harjuna? Sabab sabenere, kabeh iku, sira wus mangerti. Manira kang nguripi jagad kang gumelar iki, kanthi cuwilan Manira. Wondene Manira iki tetep wutuh!.


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Sadasa, winastan : Panunggal lumantar Ksluhuranipun Kawibawaning Pangran.


11. VISVA RUPA DARSANA YOGA 
Wejangan ingkang kaping Sawelas : Penunggaling Kawula Gusti lumantar nyekseni Jumenenge Sang Hyang Tunggal Kanthi Ainul Yaqin


01. Harjuna matur : “Karana sih paduka dhuh Gusti. Paduka sampun kepareng nerangaken dhumateng kawula kawontenanipun Adyatma, wadi ingkang luhuring aluhur sarta sanget sinengker. Sapunika sampun sirna sadaya klintu panampi.

 02. Dumadi miwah leburing jagad sampun Paduka terangaken dhumateng kawula, saha Paduka ugi sampun kepareng mejangaken Kamulyan Paduka ingkang asipat langgeng, dhuh ingkang anetra pindha sekar tunjung.

03. Kawula saestu kepengin sanget nyekseni kanthi wewantahan wewujudan ingkang nembe Paduka terangaken dhumateng kawula, ingkang nggambaraken Kamulyan Paduka ingkang Adi Luhur punika, dhuh Jiwa ingkang Linuhur.

04. Bokbilih miturut penggalih Paduka kula saged nyekseni kawujudan Paduka ingkang makaten wau. Mila keparenga Paduka mitontonaken dhumateng kawula, dhuh Gustining Yoga, Pribadi Paduka ingkang tan kenging ing risak punika”.

05. Ingkang memayu hayuning bawana ngandika : “Heh Parta, tontonen Kahanan Manira ingkang atusan, maewu-ewu rupa lan warnane, yekti tan ana wilangane, ngebaki sagung bawana!

06. Waspadakna sakeh Aditya lan Wasu, Rudra Aswin lan Maruta, Tontonen heh Barata, kahanan Manira, ingkang tuhu nggumunaken iku ingkang durung tau sinipatan dening panduluning manungsa.

07. Heh Harjuna! Mara ta sawangen sagung alam bawana, sakeh ingkang obah utawa mogok-mogok, dadi siji dumunung ana ing raga Manira. Sira kepengin ndulu apa wae, kabeh sayekti ana ing wadhag Manira.

08. Yen sira ora kuwat ndulu sarana netraning wadhagira, mara ta Manira bukak netraning jiwanira. Sawangen Yoga Manira ingkang Adi-Luhur!”

09. Sanjaya matur : “Telas sabdanipun Sang Hari, gustining para yogi ingkang Adiluhur, Panjenenganipun lajeng mitontonaken dhumatheng Sang Harjuna. Kawujudanipun ingkang Maha Agung, Pangejawantahipun Pangeran ingkang ngebaki gumelaring jagad.

10. Kanthi lesan lan netra ingkang tanpa wicalan lan sesawangan ingkang ajaib-ajaib, rinengga ing busana ingkang adiluhur, sarta ngasta sanjata-ssanjata ingkang maneka warna saha maha ampuh.

11. Ngagem jamang, sumping sekar rinonce, saha entran-entran sesekaran sanes-sanesipun, linuhur ing wewangi, boreh lan sapanunggalanipun saking kaswargan, pindha jawata ingkang tuhu ngeramaken, wewujudan ingkang boten wonten awitan lan pungkasanipun, pandulunipun tumuju dhateng pundi-pundi kemawon.

 12. Manawi wonten surya kembar sewu dumadakan jumedhul ing cakrawala, makaten wau bok manawi sawe kenging dados lantaran nggambaraken edi-peninipun gebyaring sorotipun Sang Maha Atma”.

13. Makaten sagung alam bawana punika, sanadyan maneka warna lan rupa kawujudanipun, kawawas dening Sang Parta dados satunggal dumunung ing Raganipun Jawatanipun para Jawata,

14. Lan Sang Dananjaya, kanthi marasing tyas, rikma njegrak, githok mengkorok, tumungkul mustakanipun, sarana ngapurancang lan anor-raga, lajeng matur dhumateng Sang Wisnumurti.

15. “Sapunika, adhuh Gusti, kawula saged nyumerepi ing salebeting Salira Paduka para dewa sadaya lan sakathahing titah sanes-sanesipun. Kawula saged nyumurupi Hyang Braha, ingkang saweg lenggah ing sanginggiling ron tunjung, saha Resi lan para Ananta.

16. Kanthi netra, bau lan lesan ingkang tanpa wicalan, makaten anggen kawula mawas Paduka. Sagung Bawana sayekti sesak, kebeken iang kawujudan Paduka, Ingkang tuhu tanpa watesan. Tanpa pungkasan, madya lan awitan, makaten Paduka punika, dhuh Gustining sagung bawana, dhuh Kawujudan ingkang sumrambah ngebaki jagad.

17. Ngagem makutha ingkang maneka-rupa, ngasta cis lan salib minangka tandha panguwasa, prasasat prabata cahya, ingkang sumorot nelahi gumelaring bawana. Makaten anggen kawula mawas Paduka gumebyar lir uruping thathit mblerengi netra, tanpa upami, pindha Hyang Surya piyambak.

18. Saestu punika, pepuntoning gegayuhan pangripta, raja- peninipun sagung bawana, sesengkeran ingkang sanget winadi, pangayomaning angger-anggering kasutresnan ingkang sipat abadi. Sapunika kula sampun mangertos, bilih Paduka punika Purusa ingkang sakawit.

19. Tanpa pungkasan, awitan lan madyantara, daya-kekiyatan ingkang tanpa tepi, bau tanpa wicalan, surya lan candra mingka netra, pasuryan Paduka gumilang kadya cahyaning agni sesaji. Cahya Paduka sumunar nyrambahi sagung bawana.

20. Langit, Bumi lan dirgantara satuhu kebeken dening kawontenan Paduka. Tribawana mringkus jalaran saking miris ningali kawujudan Paduka, ingkang tuhu ngeram-eramaken punika.

 21. Lan sadaya jawata sami lumebet ing Salira Paduka. Sarana ngapurancang lajeng sami ndedonga: Swasti, swasti, Maharsi, Sida! Saha lajeng sami ngalembana Paduka sarana kekidungan ingkang nggeteraken bawana.

22. Para Rudra, Wasu, Aditya, Sapiya, Wisywan, Aswin, Maruta, Pitri, Gandarwa, Yaksa, lan Sida sami sumlengeren anggenipun nyawang Kawujudan Paduka.

23. Tuhu ngedap-ngedapi Kawujudan Paduka punika, netra lan lesan tana wicalan, bakuh santosa wragangan Paduka, ingkang pundi-pundi wonten bau lan pupunipun, gembung ugi tanpa wicalan lan siyung ingkang sanget nggegirisi. Nyumerepi ingkang makaten punika, sadaya sami ajrih gumeter, makaten ugi kawula.

24. Kanthi warna ingkang maneka-neka sulakipun, sorot Paduka manembus dirgantara saha nelahi kurebing langit. Tutuk sami pating plongo, netra pating padelik mentheleng. Ngawuningani sadaya punika, atma kawula, mulabukaning gesang kawula, gumeter ajrih. Sirna sadaya daya kekiyatan kawula, saha katentreman kawula, dhuh Wisnu!.

25. Asta lan tutuk ingkang tanpa wicalan sami ngajrih-ajrihi, nggegirisi. Paduka tinon lir agnining Hyang Kala ingkang nedya nglebur jagad. Mlajara dhateng pundi kemawon, saestu boten wonten ingkang badhe saged kawul damel ngungsi. Keparenga Paduka ngluberaken sih kawelasan Paduka dhumateng kawula dhuh Allah, pangungsenipun sagung alam bawana.

26. Putra-putranipun uwa Drestharata sadaya, sarta sadaya para nata ingkang ngasta panguwasa ing bumi punika, miwah eyang Bisma lan bapa Durna, lan pun Sutasiwi tuwin para senapatining wadyabala kita.

27. Katingal sami gita-gita lumajar tumuju dhateng tutuk-tutuk Paduka dados mangsa Paduka, ajur kumur-kumur kakemah kemah dening denta-denta Paduka ingkang tuhu nggegirisi.

28. Kados ilining lepen-lepen lan bengawan-bengawan ingkang mangombak-ombak, sumedya nggebyur ing samodra agung, makaten para pahlawaning bumi wau, gita-gita sami lumebet ing tutuk-tutuk Paduka ingkang murub makantar-kantar damel girising manah.

29. Kadya kupu wengi ingkang nyerbu lumebet ing urubing damar, kados-kados, kumedah pados margining lebur sirna, makaten ugi tiyang-tiyang punika sami adreng lumebet ing tutuk- tutuk Paduka ngupadi lebur sirnanipun.

 30. Sinartan urubing agni ingkang makantar-kantar, ndilat-ndilat, nedya nglebur jagading manungsa tutuk-tutuk Paduka ngrangsang punapa mawon ingkang saged kasahut ing bumi punika. Kaluhuraning cahya Paduka ngebaki sagung alam bawana. Urubing grana Paduka nyirnakaken salwiring kawontenan.

31. Kaparenga Paduka nerangaken, dhuh Gusti, punapa ta kawujudan Paduka ingkang makaten punika, ingkang tuhu nggegirisi punika, dhumateng abdi paduka, ingkang tansah memundhi-mundhi Paduka, dhuh luhur-luhuring Jawata. Kula saestu kepengin sanget ngertos mulanukaning jumeneng Paduka, margi tumanduking panguwaos Paduka (Abngal), kulo boten mudheng babar pisan”.

32. Panylameting Jagad ngandhika : “Manira iku kala, kang tanpa leren nglebur isining jagad, ngejawantah ing jaman iki, sumedya nglebur sakeh manungsa ingkang padha tumindak dosa. Hanjambakake sira, heh Harjuna, ora ana sinatriya siji wae, kang padha siyaga ing medhan laga kene, kang bisa ngoncati takdire, ya iku nemahi lebur ing palagan.

33. Mula lakonana dhawuh Manira, ngadeka sarta majua ing medhan laga, murih njaga kawibawanira! Yen sira ngasorake mungsuh-mungsuhira,sira bakal ngrasakake kanikmataning donya. Sajatine mungsuh-mungsuhira iku, wus Manira kalahake dhewe. Mula lahire dadiya sarana wae, heh Harjuna!.

34. Durna, Bisma lan Jayadrata, mangkono ugo Karna lan para pahlawan liya-liyane, ingkang padha pacak baris nedya andon yuda, Manira sajatine ingkang mateni. Mula aja sumelang, pethukna! Sira mesthi luhur juritira!”

35. Sanjaya nerusaken aturipun : “Sasampunipun midhanget pangandikanipun Sang Kesyawa ingkang makaten wau, Harjuna ingkang ngagem makutha kaprabon, nuli sumungkem ing siti, sarta kabekta saking ajrih lan raos kurmatipun, matur kanthi pedhot-pedhot wijiling suwantenipun.

36. “Boten kalentu, dhuh Harsikesya, bumi tan pegat ngalembaa Paduka. Jagad gumbira bingah tansah memuja-muja Paduka. Para raseksa sami mlajar sapurug-purug, nanging para sampurna ing budi tanpa kendhat sami memundhi Paduka.

37. Sampun samesthinipun sagung titah memundhi Paduka, dhuh Allah, Pangeran ingkang langkung luhur tinimbang Hyang Brahma ingkang akarya jagad, dhuh Pangerane para jawata, ingkang tuhu tanpa watesan, tanpa padunungan, wondene jumeneng Pangayomaning jagad. Saestu Sastra punika Paduka. Ana lan ora Ana ugi Paduka. Paduka Dat ingkang luhur piyambak.

38. Paduka Adidaiwa lan Purusa ugi, ingkang sampun wonten duk makuna-kuna, raja peni ingkang boten wonten pindhanipun ajinipun. Panagawikan lan ingkang Mikani Paduka, saha Paduka punika padununganing Gesang ingkang adiluhur, dhuh Anantarupa! Ingkang anggelaraken alam bawana punika saestunipun boten sanes kajawi Paduka.

39. Hyang Bayu, Agni, Baruna, Candra sarta Hyang Prajapati ugi Paduka. Paduka Bapa Babuning Jagad Karahayon lan pamundhi- pundhi sampun samesthinipun tumuju dhumateng Paduka ngantos tikel maewu-ewu utawi langkung malih saking punika.

40. aking ngajeng, saking wingking, saking kiwa lan saking tengen, miwah saking sadaya panjuru pangalembana tumuju dhumateng Paduka, dhuh Gusti kang mawa Kawibawan lan Kasantosan ingkang tanpa tepi. Sadaya punika Paduka ingkang kagungan, amrgi Paduka anyrambahi lan anglimputi sagung dumadi.

41. Manawi salebeting manah utawi gagasan kawula, Paduka kula anggep mitra kawula, utawi kula ngaturi Paduka namung nyebut asma Paduka Kresna utawi Yadawa thok, makaten wau jalaran kula kirang ngertosi kaluhuran Paduka. Kula kirang migatosaken tata-krami, saking kulinanipun lan tresnanipun dhumateng Paduka.

42. Manawi salebeting lawan sabda nalika kasukan utawi nalika kembul dhahar bojana, nalika sesarengan ngaso, utawi nalika piyambakan kaliyan Paduka, utawi sesarengan kaliyan tiyang- tiyang sanes, kawula kirang ngaosi dhumateng Paduka, dhuh Pangeran kersaa Paduka paring pangapunten dhumateng kawula.

43. huh Gusti, Mulabukaning sagung bawana, Bapa-babune sagung kang tan mosik lan sagung kang obah, kang langkung pantes kapundhi-pundhi dening saben titah tinimbang Hyang Guru; dhuh Gusti kang tan ana pepadhane! Sinten ta ingkang nglangkungi Paduka? Saestu, salebeting tribawana boten wonten panguwaos ingkang nyameni panguwaos Paduka.

44. Pramila sarana sumungkem ing ngarsa Pada Paduka, kawula nyuwun sih pangapunten Paduka, dhuh Gusti pepundhen ingkang linuhur! Pindha bapa ingkang suka pangapunten dhumateng sutanipun,  utawi  mitra  dhumateng  mitra,  pindha  ingkang kebeken sih pangapunten dhumateng ingkang sanget ngajeng- ajeng sih pangapunten, kersaa Paduka ngluberaken samodra pangaksama dhumateng kawula.

45. Kawula bingah sanget dene kawula saged nyumerepi punapa ingkang dereng nate dipun sumerepi dening tiyang sanes. Wondene manah kawula kebeken ing raos miris. Pramila, dhuh Pangeran, kersaa Paduka wangul ngrasuk kawujudaning manungsa! Kersaa Paduka paring pangaksama dhumateng kawula, dhuh Gusti, paleremaning jagad sawegung!.

46. Ngagem makutha lan ngasta cis lan salib, makaten kawula kepengin nyawang Paduka malih, Kersaa Paduka wangsul bahu sekawan, dhuh Wisya Murti ingkang bebahu maewu-ewu”,

47. Ingkang memayu ayuning bawana ngandika : “Heh Parta! Marga saka sih Mnira marang sira, lumantar yoga manira, sira wis bisa nyekseni kawujudan ingkang mangkono iku, mawa cahya ingkang nyrambahi sagung dumadi, kawujudan ingkang durung nate diweruhi liya manungsa.

48. Ora sarana nyinau kitab-kitab Wedha, ora sarana caos sesaji kurban, ora sarana dedana, utawa nindakake amal soleh, lan ora sarana nglakoni tapabrata, manungsa ing donya iki bisa meruhi apa kang lagi sira sekseni iki, heh Pahlawan trah Kuru!.

49. Mula aja sira wedi lan aja sumelang meruhi kawujudan Manira iki, Kipatna marasing tyasira lan digembira ing tyas! Manira balekake kawujudan Manira kaya ing uni!”

50. Sanjaya munjuk : “Sinambi ngandika makaten punika, sang Wasudewa lajeng mitontonaken dhumateng sang Parta kawujudanipun ingkang lami. Tumuli tinon dening sang Parta, ingkang lir rinujit-rujit manahipun dening raos maras-miris. Sang Maha Atma kados ingkang sampun-sampun. Tuhu resep ing pandulu!”

51. Harjuna matur : “Sasampunipun Paduka ngrasuk kawujudaning manungsa malih ingkang tuhu resep ing pandulu, dhuh Janardana, lajeng pulih kasadaran kawula. Kula saged enget purwa duksina malih”.

52. Ingkang memayu ayuninng bawana ngandika : “Ora gampang meruhi kawujudan kaya ingkang mentas sira sekseni iku. Para jawata bae tansah ngidam-ngidamake bisa ngalami kawujudan kang mangkono iku.

53. Ora ana kawruh kang sinengker ing kitab-kitab Wedha, ora ana lakuning tapabrata, ora ana caos sesaji kurban, ora ana nindakake dedana, kang bisa anjalari manungsa kaparingan kanugrahan, bisa ngalami kahanan, kaya kang nembe wae sira sekseni iku.

54. Mung, sarana bakti ingkang kandhas ing Telenging batin, heh Parantapa, mbokmenawa manungsa bisa meruhi Dat Manira lan banjur manunggal karo Manira.

55. Sarana nglakoni amal, sumarah marang Karsa Manira lan memundhi-mundhi Manira minangka pepuntoning gegayuhan, sarana bakti marang Manira, tanpa luwih ngebotake apa wae ing donya iki, sarana welas asih tumrap sakeh titah Manira, manungsa bisa manunggal karo Manira.


Punika piwucal winadi ingkang kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Sawelas, winastan : Panunggal lumantar anyekseni Jumenenge Sang Hyang Tunggal kanthi Ainul Yaqin.


12. BHAKTI YOGA 
Wejangan ingkang kaping Kalihwelas: Penunggaling Kawula Gusti lumantar Asih-Bekti jroning Pasuwitan


01. Harjuna nyuwun priksa : “Tiyang ingkang tansah ngudi katentreman, sarta tansah enget dhumateng Paduka lan ngunjukaken sadaya pakartining gesangipun ing Ngarsa Paduka, minangka tandha bektinipun dumateng Paduka, punapa tiyang makaten wau tiyang ingkang mumpuni piyambak seserepanipun ing bab olah yoga? Pundi ingkang langkung mumpuni, piyambakipun utawi tiyang ingkang ngawula dhumateng ingkang Sipat Langgeng lan Gaib?

02. Ingkang memayu ayuning jagad ngandika : “Sapa kang pangriptane wus manjing ing Manira, sarta suwita marang Manira kanthi masrahake kabeh uwohe pakartine uripe marang Manira minangka tandha gedhene bektine marang Manira, sinartan iman ingkang linuhur, yogane wong ingkang mangkono iku terang becik dhewe.

03. Sapa ingkang memundhi kang sipat Gaib, tan kena kinayangapa, tan kena ing rusak, ana ing saenggon-enggon, wondene tan kena ginrayang ing pangripta, teguh lir watu karang tan ana mingsete, lan tan kena ing owah gingsir.

 04. Sinartan tansah ngendhaleni rakitan indriya-indriyane, ora mbedak-mbedhakake siji-sijine, wong iku uga bisa manunggal karo Manira, sebab dheweke mung tansah mamrih karahayoning jagad.

05. Naging ora gampang tansah wling marang kang Si[at Gaib iku, sebab dalan ingkang tumuju mrono, iku angel ambah- ambahane tumrap uwong kang isih ngrasuk badan wadhag ing donya iki.

06. Nanging sapa ingkang masrahake uwohe sakeh pakartine marang Manira, kang nganggep yen Manira iku pepuntone gegayuhaning urip, sajroning olah yoga tansah ngudi manunggal karo Manira, kang tansah eling marang Manira, sinartan kawaspadaning batin.

07. Wong iku mesthi enggal Manira entasake saka Cakra panggilinganing urip lan pati lan panguwasaning jaman. Sayektine, wong kang jiwane tansah tumanem ing Manira, bakal nemu kamulyan kang linuhur lantaran manunggal karo Manira.

08. Mula gandhengna pangriptanira karo Manira, supaya budinira bisa manjing ing Manira. Yen mangkono uripira ora bakal pisah saka Manira nganti tumekane akhir jaman.

09. Nanging yen kirane, jiwanira ora bakal bisa tansah tumanem ing Manira, mula mbudidayaa nggayuh Manira sarana nglatih olah Yoga.

10. Yen sira ora keduga nglatih olah yoga, mula lakonana wae sakeh kwajibanira kang suci, kaya dene nglakoni dhawuh Manira. Yen kabeh pakartinira sira tindakake minangka tandha bektinira marang Manira, sajroning pasuwitanira marang Manira, sira mesthi bisa tumeka ing kasampurnan.

11. Yen sira uga ora keduga nglakoni kang mangkono iku, mula sajroning olah yoga, ngayoma wae marang Manira. Yen sira masrahake uwohe sakeh pakartinira marang Manira, tindakna pakartinira iku kanthi wening lan waspada.

12. Pangawikan iku luwih dhuwur tinimbang laku, nanging semedi luwih dhuwur tinimbang pangawikan. Luwih dhuwur tinimbang olah semedi, yaiku ngurbanake uwahing pakarti.

13. Manunga kang ora darbe sengit marang sawenehing titah, kang tansah nedya gawe bungahe liyan lan kebekan ing welas asih, ora kanggonan murka lan angkara, tetep jenjem jroning ngalami bungah lan susah.

 14. Manungsa kang mangkono iku, kang tansah gembira atine, kang tansah nguwasani pribadine lan tetep teguh pambudine jroning ngudi manunggal karo Manira, kang jroning batine tansah gegandhengan karo Manira, manungsa mangkono iku yogi lan bakti ingkang sejati. Yogi lan bakti kang mangkono iku tuhu kekasih Manira.

15. Manungsa kang ora gawe gendraning jagad, wus ora mobah jalaran saka owah gingsire kahanan, yekti wus ora magepokan maneh karo rasa was-was, kuwatir. Amnungsa kang mangkono iku tuhu kekasih Manira.

16. Kang wus ora kepengin apa-apa, suci, mumpuni, ora keguh ing kahanan, sepi ing reribeting batin, kang wus ora darbe gegayuhan maneh, manungsa kang mangkono iku, tuhu kekasih Manira.

17. Kang wus ora kasengsem marang apa wae, kang uga wus ora ngandhut sengit marang saweneh kahanan, kang wus ora bisa digawe sedhih jalaran kahanan apa bae, ora ngarepake apa-apa maneh, bisa nampa ala lan becik, begja lan cilaka tanpa gingsir katentremane, sang bakti kang mangkono iku tuhu kekasih Manira.

18. Ing bathin tangkepe padha bae marang mungsuh lan mitra, ora bungah lamun dipundhi-pundhi utawa nandang wirang yen dicacat, adhem panas, bungah susah ditampa kanthi tentreming ati, sepi ing sakeh pamrih.

19. Ora mobah kahanane batine yen dicacat utawa tampa pangalembana, anane mung meneng, jenjem, sakeh kahanan ditampa kanthi narima lan suka sukur, nadyan ta mung kemul mega kandhang langit, nanging tansah teguh ing pambudi, manungsa kang mangkono iku tuhu kekasih Manira.

20. Kabeh bae kang padha nginum tirta marta ingkang suci iki, kang padha manembah lan suwita marang Manira kanthi sumarah ingkang sapurna, kang nganggep Manira luhuring aluhur kanthi Iman kang gilig lan gumolong kawruhana yen wong mau banget manira tresnani”.


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Kalihwelas, winastan : Panunggal Lumantar Milahake Jagad lan Saksine.

 

13. KSEMETRA & VIBAGHA YOGA 
Wejangan ingkang kaping Tigawelas : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Milahake Jagad lan saksine


01. Harjuna nyuwun priksa : “Prakriti lan Purusa, saha Jagad lan Saksinipun, kula kepengin ngertos kados pundi maknanipun. Salajengipun kula ugi kepengin ngertos samukawising pangawikan ingkang perlu dipun sumerepi”

03. Ingkang rumeksa ing karahayoning Jagad ngandika : “Weruha heh Kunthi putra! Yen ana kang rerasan bab Jagad, iku sabenere kang dikarepake raga iki. Dene kang ndarbeni raga iki, iku kang diarani Saksining Jagad.

Cathetan : Prakriti lan Purusa utawi Zat lan Dat, ing jaman sapunika dipun lambangaken dening Zat lan Gaya utawi Matter lan Energy. Miturut pamanggihipun filsafat, jagad punika wonten warni kalih, inggih punika Jagad Alit (raganing manungsa) lana Jagad Ageng, inggih punika Alam ingkang gumelar punika (Raganing Pangeran).

03. Kawruhana heh Barata, yen Manira iku Saksining Jagad (Jagad Ageng) ingkang jumeneng sajroning jagad kabeh (Jagad alit) Pangawikan bab Jagad lan Saksining Jagad, iku kang dadi pathine sakeh pangawikan.

04. Saka apa dumadine Jagad iku, kapriye kahanane, kapriye obah mosike, apa kang dadi abngale (pakarti), rungokna katerangane, kang bakal Manira paringake kanthi cekak.

05. Bab iku, satuhune wus diterangake dening para Resi, rinengga ing tembang-tembang lan gendhing-gendhing. Lan sabanjure akeh ukara-ukara ing Layang Brahma Sutra kang njlentrehake maknane kanthi patitis.

06. Ing sakawit prakriti, pathine sakeh kang kena sinipatan, kang sawuse ginelar dadi jagad gedhe kang gumelar iki. Asal kamulane prakriti dumunung ana ing Gaib. Sateruse pangripta, angkara, anasir lima, bumi, banyu, angin, geni lan pepadhang (ether), indriya lima lan wahanane : mripat, kuping, irung, ilat lan kulit daging.

 07. Lan dhemen lan sengit, bungah lan susah, wangun, cipta, pangripta lan karep, kabeh iki kang anjalari dumadidne jagad iki, obah mosike sarta wolak walike.

08. Lan andhap asor, ngreti ing empan papan, ora gawe pepati, kajujuran lan karahayon, miturut marang prentahing guru, kasucian, pangendhalinig pribadi lan kateguhaning karep.

09. Ora kumudu nggayuh samubarang kang kasrambahan dening indriya, sepi ing kamurkan jalaran wus ngerti yen kahananing dumadi, yaiku pangalaman dadi bocah, wong anom lan wong tuwa, nganti tumekane pati, anane mung ngrasakake kasusahan lan kasangsaran.

10 Ora darbe kuwajiban maneh mikirake kaluwarga lan balegriya, bojo lan anak-anak, merdika nuruti karepe pribadi ingkang suci, tansah tentrem batine, nadyan nemu kamujuran utawa alangan.

11. Jroning olah yoga mung Manira ingkang tansah pinundhi pundhi lan ora ana liyane kang dadi tujuane uripe, wus ora tuwuh sengseme tumrap apa bae kang edi peni; uga ora rumangsa seneng sesrawungan karo wong-wong liya.

Jroning batin tansah krasa jumeneng Manira; wikan marang 12. jatining pangawikan. Iku kang disebut kawicaksanan kang sejati, Dene liya-liyane kabodohan kabeh.

13. Saiki bakal Manira wedharake marang sira, kawruh apa kang kudu kadarbe supaya bisa nggayuh banyu pruhitasari, yaiku kawruh bab Parambrahma kang tanpa mula buka, Dat Mutlak, ingkang Ana lan Uga Ora Ana.

14. Dat Mutlak iku ing endi-endi ana tangan-tangane lan sikil- sikile, mripat-mripate, sirah-sirahe lan cangkem-cangkeme. Uga ndarbeni kuping ing endi-endi bae. Dat mutlak nglimputi sagung kahanan, wondene ora owah lan gingsir.

15. Duwe indriya tanpa wilangan, wondene ora merlokake wahana apa bae. Ora magepokan lan ora sesenggolan karo apa bae, nanging dadi kekuwatane sakeh kang dumadi, tanpa prabot bisa ngrasakake sakabehe.

16. Dumunung ing sanjabaning lan sajroning saben tidah, meneng jroning obah, lan obah sajroning meneng, tan kena ginepok marga saka aluse, Dat iku adoh, nanging iya cedhak banget.

17. Dumunung ing saben titah, wondene tetep wutuh, Dat mijilake, nguripi lan nglebur sagung alam bawana.

 18. Dat iku pepadhang sajroning cahya, ora magepokan karo peteng, Dat iku pangawikan kang dadi tujuane lan kang kudu diweruhi dening sang wiku, Dat iku sabenere ana jroning atining manungsa.

19. Mangkono keterangane bab Jagad, Saksi lan Pangawikan. Manungsa kang tuhu bekti marang Manira, lan bisa ngresepake jroning jiwane kabeh pitutur Manira iki, yekti nyedhaki Manira.

20. Prakriti lan Purusa, karone tanpa ana awale. Naging anane sakeh kang kena sinipatan, lan kang tansah owah gingsir iki, mulabukane saka Prakriti.

21. Tandang tanduke utawa obah mosike titah, iku kang diwastani Prakriti. Dene apa kang dadi sababe anane bungah lan susah iku Purusa.

22. Purusa manjing ing sajroning prakriti, iku kang nimbulake Triguna, lan tumandange triguna bebarengan, iku kang nuwuhake Ana lan Ora Ana kabeh iki.

23. Pangawas, Ingkang Kuwasa ngabulake sakeh panuwun. Seubere sakeh kekuwatan. Ingkang ngrasakake sakeh nikmat, Ruh Suci, Pangeran ingkang linuhur, kabeh iku sejatine kahananing Purusa, lan Purusa iku jumeneng jroning raga iki.

24. Sapa kang bisa ngresepi kahanan Purusa, Prakriti lan Triguna ingkang mangkono iku, ora bakal tumitah maneh ing donya, nadyan dikayangapa kelakuane.

25. Jroning semedi, ingkang nganti kandhas ing dhasaring uripe manungsa bisa nyesekni jumenenge Purusa ing sajrone pribadine. Ana kang bisa ngalami kang mangkono iku lumantar Sangkya Yoga utawa lumantar Karma Yoga.

26. Ana uga ingkang ora mangerti apa-apa bab laku loro mau, nanging memundhi marang Manira miturut pituduhe wong liya. Uwong iku uga bisa nguwasani pati, janjine mituhu anggone nglakoni pituduh-pituduh mau.

27. Lan samubarang ingkang dilahirake ing ndonya iki, kang bisa obah lan kang ora bisa obah kawruhana yen dumadine kabeh iku saka pulete Sasi lan Jagad.

28. Jumenenge ing sajroning sakeh titah, anane Pangeran ingkang Maha Luhur tetep tanpa owah nadyan magepokan karo sakeh kang ngalami kamusnan. Kang bisa ngreteni kahanan kang mangkono iku, iku bener pandulune.

29. Kang nyipati yen Pangeran ingkang Maha Tunggal padha- padha ana ing jrone sakeh kang dumadi, wong iku ora nglakoni dosa nadyan gawe pepati, lan mesthi bakal ngambah dalan kang adiluhur,

30. Kang wus ngresepi yen sajatine Prakriti ingkang tumandang ing sakeh panggawe, lan ngreti yen Atma ora tumandhang babar pisan, iku manungsa kang bener kawruhe.

31. Manungsa kang bisa maspadakake yen kahanan kang maneka-neka iki, sajatine jumeneng kang sipat bineka tunggal, iku prasasat ngrasakake jumenenge Pangeran.

32. Tanpa awal, ora magepokan karo tumandange Triguna, jumenenge Pribadi kang Adiluhur ing jagad iki, yaiku jroning raga iki, tetep suci, tanpa mobah tanpa mosik.

33. Lir angkasa, wahananing pepadhang ingkang nglimputi sakeh kahanan, ora mobah marga saka aluse, Ingsun kang nyrambahi sakeh raga, tetep meneng tanpa mosik.

34. Srengenge kang madhangi jagad kang gumelar iki mung sawiji. Mangkono uga, sumorot nelahi bumi lan langit, mung sawiji kang darbeni jagad iki.

35. Kang kanthi netraning kawicaksanan, bisa maspadakake bedane Jagad lan kang dadi Saksining Jagad, lan jalaran saka iku mentas saka pangaruhe Prakriti, kawruhana yen manungsa kang mangkono iku wus tumuju marang luhuring aluhur.


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Tigawelas, winastan : Panunggal Lumantar Milahake Jagad lan Saksine.


14. GUNA TRAYA VIBHAGA YOGA 
Wejangan ingkang kaping Kawan Welas : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Maspadakake Tumandange Triguna


Imaning manungsa iku ora nyebal saka manungsane. Iki wis ora kena diganggu-gugat, heh Barata! Lan sateruse, kahanane uriping manungsa iku gumantung saka imane. Apa kang dadi piyandhele (Imane) iku mesthi bakal dumadi.

01. Ingkang damel rahayuning jagad ngandika : “Manira bakal nerangake marang sira luhur-luhuring pangawikan. Saben muni kang wus ngerteni pangawikan iku, mesthi bisa katurutan gegayuhane ingkang luhur dewe.

02. Sapa kang darbeni pangawikan mau minangka pangayomane, lan bisa ngrasuk kasucian Manira, ora bakal melu tumitah yen jagad digelar maneh lan ora bakal nemahi kamusnan.

03. Kang dadi guwa garba Manira iku Kelanggengan. Nanging Manira ingkang mapanake wiji ing kono. Wiji mau dadi mulabukane apa kang gumelar ing donya iki.

04. Guwagarba endi bae kang nuwuhake kawujudan kang mawa urip ing donya iki, kawruhana yen Kalanggengan kang dadi Babune guwagarba iku, lan yen Manira kang dadi Yogane wiji kang tuwuh ing kono.

05. Satwa, Rajas lan Tamas, kawruhana yen guna telu iku, kasektene Prakriti, kang nancang Dheweke kang sipat langgeng jroning raga iki minangka kunjarane.

06. Antarane guna tetelu mau, Satwa nancang lumantar migatekake marang kasucian, papadhang, kasarasan, kamulyan jati, lan lumantar sengsem marang sakeh pangawikan.

07. Dene Rajas, kawruhana yen iku dadi dhasar-dhasare sakeh pepenginan. Jalaran saka Rajas mau, manungsa tansah kumudu kudu ngarasakake obah mingsete urip kadonyan. Rajas nancang manungsa ing donya iki, marga dheweke ora bisa meneng, tansah kudu tumandang.

08. Dene Tamas, iku nuwuhake kabodhohan, kacublukan, kapengungan, lan gawe bingunge kang dumunung jroning raga iki. Tamas nancang lumantar rasa sungkan, keset, aras-arasen, heh Parta!.

09. Satwa iku uletane karo kamukten, Rajas karo panggawe, heh Harjuna! Namung Tamas, kang ngaling-ngalingi kawicaksanan, kawruhana, uletane karo kacublukan, rasa sungkan, keset ala sapanunggalane.

10. Yen Rajas lana Tamas lagi lerem, Satwa kang ngobahake uriping manungsa, Kerep-kerepe Rajas kang kuwat dhewe. Ing kono banjur Rajas kang nglakokake uriping manungsa. Ana kalane Tamas kang nguwasani uriping manungsa.

11. Yen saka palawanganing netra cahyaning katresnan katon sumunar mancar, kawruhana yen Satwaguna lagi kuwasa ing jiwaning manungsa.

 12. Kamurkan, dahwen, goreh-ronggeh, kumudu tumandang, anane sakeh pepenginan, kawruhana yen kabeh iku tuwuhe sala polahe Rajasguna kang lagi ngrembaka.

13. Nanging ulet peteng, keset, sungkan, anane sakeh salah tampa lan salah pangerti kang aneh-aneh, sarta kabodhohan lan kapengungan, iku asale saka Tamasguna kang lagi tuwuh kekuwatane.

14. Yen Satwa kang unggul, nalika jiwaning manungsa lolos saka ragane, jalaran nemahi ajale, manungsa iku parane marang panggonan kang suci, kasuwargan. Lan besuk yen bali lair ing donya iki, panggonane ana ing kaluwargane para wiku kang mumpuni.

15. Nangning yen patine mau, ing nalika dheweke dikuawasani dening Rajasguna, dheweke bakal bali dilahirake marang ing donya ana ing kaluwargane wong-wong kang padha pethel ing panggawe. Wondene yen nalika patine dheweke iku kerem ing Tamasguna, dheweke bakal bali dilahirake maneh ing donya lumantar guwagarbane wong kang tuna ing kawruh.

16. Uwohe panggawe kang becik iku mesthi mawa Satwa, suci ora ana regede. Uwohe panggawe jalaran saka panguwasane Rajas, mesthi mung nyedhihake. Dene uwohe panggawe kang tuwuh saka pangaruhe Tamas, mung pepeteng.

17. Satwa nuwuhake kawicaksanan, kamurkan tuwuhe saka Rajas, Uwohe Tamas kacublukan, masabodho, kang pungkasane nuwuhake pepeteng.

18. Sapa kang kanggonan Satwa bakal jinunjung drajating uripe. Kang kanggonan Rajas drajate tiba tengah-tengah. Dene kang kanggonan Tamas, marga tansah ginubel dening samubarang kang ala lan jahat, mesthi keplorot drajate.

19. Sang Resi kang wus waspada yen sajrone sakeh pakarti utawa obah mosike batine, kang padha tumandang iku ora liya ya mung para guna, lan kang wus nyekseni yen Dat iku ora magepokan karo pakarti, ing tembe mesthi manunggal karo Manira.

20. Yen kang manggon sajroning raga iki wus bisa luwar saka pangaruhe Triguna, dheweke ya banjur bisa uwal saka cakra panggilinganing urip lan mati, sedhih lan samar, lan banjur bisa nikmati urip ingkang langgeng”.

21. Harjuna nyuwun priksa : “Punapa tandha-tandhanipun manungsa  ingkang  sampun  saged  nguwaosi  Triguna?  Kados pundi solah bawanipun, lan kados pundi caranipun piyambakipun saged lepas saking panguwasananipun Triguna?”

22. Kang ora nedya ngoncati pepadhanging Satwa, usreking Rajas lan pepetenging Tamas, ora nggoleki yen koncatan lan ora nyingkiri yen kampiran.

23. Tansah waspada, ora ketabetan yen sinenggol dening tumandange Triguna, kang bisa maspadhakake yen obah mosike jagad iki, kabeh jalaran saka tumandange Triguna; kang bisa ngawasi tumandange Triguna kaya dene wong kang mung nontonlan ora ana gepok senggole;

24. Mandhiri lan merdika, ora beda kahanane sajroning bungah utawi susah, kang ora ambedakake bletok saka emas; tangkepe padha bae tumrap mungsuh utawa mitra, tetep tentrem yen dialem utawa di cacat.

25. Ora krasa marem yen entuk pakurmatan, lan ora mangkel jengkel yen diwirangake; jujur tumrap kawan lan lawan, lan wus ora darbeni prakarsa apa-apa maneh, iku manungsa kang wus mentas saka panguwasane Triguna.

26. Lan yen dheweke tanpa nyaleweng tansah ngawula marang Manira sajrone nglakoni Bakti Yoga, kang wus mesthi dheweke bisa ninggalake kabeh Guna, lan pantes manjing ing Hyang Brahma.

27. Jroning Manira papan-padunungane Hyang Brahma kang linuhur, Manira telenge Amerta (Urip Langgeng), padunungane Kasucian lan Karahayon kang abadi, padunungane Kamulyan kang Linuhur;


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Kawanwelas, winastan : Panunggal Lumantar Maspadakake Tumandange Triguna.


15. PURUSHATAMA YOGA 
Wejangan ingkang kaping Gangsalwelas : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Purusa Utama


01. Kang ngayomi jagad ngandika : Oyod-oyode ana ing kasuwargan, pang-pange ana ing donya. Iku uwit Aswata, kang tan kena ing rusak, kang godhong-godhonge wujud kekidungan. Sapa kang wus ngerti maknane uwit iku, wus ngreti uga isine sakeh kitab Wedha.

Cathetan : Uwit Aswata punika Uwiting Gesang. Ing Kitab Qur’an dipun wastani Sajaratu al Hayyi.

02. Lung-lunge anak ingkang ngrembaka munggah, ana ingkang mudhun, entuk panguripan saka tumandange Triguna. Kang dadi sulur-sulure barang-barang kang nenangi indriyaning manungsa. Ana uga oyod-oyod kang tuwuhe medhun, kang dadi tali kang tuwuhe medhun, kang dadi tali kang nelikung jiwaning manungsa karo uwohe amale ing donya.

03. Kapriye wujude uwit iku, durung ana wong ing bumi iki kang wus meruhi. Awite utawa pungkasane lan dhasare uga ora ana kang meruhi, Nanging yen uwit Aswata iku wus kapagas oyod- oyode, sarana pambengkase sakeh pepenginan minangka wadhunge.

04. Mula banjur manungsa entuk pancadan kang bakuh kanggo napakake sikile ing Marganing Kasidan Jati (syiratul Mustaqimu). Lan dheweke banjur bisa tumeka ing Mula Purusa, kang dadi sumbere sakeh kekuwatan ing donya iki.

05. Kang wus bisa nyingkirake angkarane (Egoisme, AKU), sulaping paningal, utawa sengseming ati, sarta ora pegat anggone manjing jrone telenging Ingsun, sepi ing sakeh pepenginan lan wolak-walike kahanan, sarta pangaruhe bungah lan susah, mesthi kanthi waspada bisa ngambah marganing Kasidan Jati,

06. Dalan iku ora kapadhangan dening soroting srengenge utawa rebulan, utawa uruping geni. Sapa kang wus lumaku ing dalan iku, ora bakal bali lair ing donya maneh. Ingkono Padunungan Manira ingkang luhur dewe.

07. Mung sunar tunggal kang mijil saka Manira, kang dadi Jiwa, kang nguripi kabeh iki, kang banjur ngrasuk indriya lima, enem karo pangripta, minangka sananing urip ing jagading prakriti.

08. Ing kalane Pangeran ngrasuk Raga utawa nilar Ragane, Dheweke manjing lan ngoncati, anggendeng pangripta lan indriya, kaya gandaning kembang kang katut lakuning angin.

09. Jroning pangrungu, pandulu, pangganda, panggap, pangrasaning ilat, pangripta ingkang jumeneng jroning indriya lima, dheweke nikmati samubarang ingkang dadi pakaremane indriya.

10. Nalika Dheweke anyrambahi utawa ngoncati, utawa lagi nikmati lelangening panca-indriya, wong-wong kang isih pengung ora bisa nggrahitani jumenenge Dhewe, Mung Pandhuluning Kawicaksanan kang bisa ngreteni jumenenge Dheweke.

11. Lan para Yogi, sajroning pangudine bisa nyekseni Dheweke jumeneng sajroning Atma. Nanging wong-wong kang durung tangi wiwekane, kang durung bisa manjing jroning katentreman, ora bisa meruhi Dheweke, sanadyan ta nggolekana salawase urip.

12. Cahya kang sumorot saka srengenge kang madhangi jagad sakelir, cahyaning rembulan lan uruping geni, kawruhana yen kabeh iku asale saka Manira.

13. Lumebu ing telenging bumi, Manira nguripi kabeh titah lumantar caya Manira, lan kabeh tetuwuhan Manira uga ingkang nguripi lumantar rumembese Tirta Suma kang nagekake gumregeting urip.

14. Lan lumantar Waiswanara, Manira lumebu jroning saben titah. Sarana manjing mlebu lan mijile napas, Manira mbasmi panganing manungsa lan sato.

15. Manira jumeneng ing atine saben titah, Saka Manira anane Pangawikan. Eling lan Lali uga saka Manira. Manira kawruh kang sinengker jroning sakeh Kitab Wedha. Kawuh ing Wedha Manira ingkang murba. Manira ingkang nggelarake lan mejangake kawruh mau.

16. Donya iki weruh ana Purusa loro. Sing siji kena ing pati, sijine ora kena ing pati. Purusan kang kena ing pati iku jumeneng ing sajroning manungsa. Purusane Pangeran iku tan kena ing pati lan tan kena ing owah gingsir.

17. Purusa kang luhur iku kang diarani Para Atma. Yaiku Dheweke kang murba misesa jagad iki kabeh, sarana jumenege dadi Hyang Brahma, Hyang Wisnu lan Hyang Siwah, utawa Pamurba, Pangayom lan Panglebure Jagad.

18. Ing sarehne Manira ora gepok senggol karo karusakan, dadi isih luwih luhur tinimbang karo kang Tan Kena Ing Rusak, mula manunggal lan kitab-kitab Wedha ngarani yen Manira iku Purusa Utama.

19. Sapa kang bisa ngreteni, tanpa nganggo kliru panampa, yen Manira iku Purusa Utama, iku prasasat mahawikan, heh Barata!  

Manungsa kang mangkono iku memundhi Manira Lumantar kawutuhaning uripe.

Cathetan : Ingkang memundi wau boten namung cipta lan riptanipun!

20. Kawruhana, iki piwulang Manira ingkang winadi banget, kang wus Manira wedharake marang sira. He Anaga! Yen sira wus ngreteni wejangan Manira iki, sira tuhu wicaksana. Lan yen kabeh mau wus sira rapung kuwajibaning Uripe.


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Gangsalwelas, winastan : Panunggal Lumantar Purusa Utama.


16. DAIVASURA SAMPAD VIBHAGA YOGA 
Wejangan ingkang kaping Nembelas : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Wiweka


01. Ingkang ngayomi karahayoning Jagad Ngandika : “Tanpa was sumelang, kasucian ingkang sampurna, teguh anggone olah Yoga, kawicaksanan, pangurbanan tanpa ngarep-ngarep uwohe, nguwasani pribadine, berbudi yen dedana, ngudi kawruh, tapa brata, netepi kebeneran.

02. Ora gawe pepati, ngluhurake kasunyatan, merak ati, tentrem, pasrah, jujur, welas asih marang kabeh ingkang sipat urip, nrima ing pandum.

03. Lega lila, alus ing budi, santosa, murni, sepi ing rasa sengit lan rasa kumingsun, iku kabeh nggambarake Dating Pangeran, kena dititeni jroning jiwane kabeh titah, heh Barata!

04. Lega lila, kemunafikan, ketakaburan ingkang tanpa dhasar, daksiya, kasar lan kecubluka, kawruhana iku kabeh sifat-sifating raseksa kang tumempel ing manungsa kang isih asor drajate.

05. Sipat-sipat ingkang alus iku bisa nylametake manungsa, dene sipat-sipat ingkang kasar saya nenarik manungsa marang tindak kadursilan lan pakarti kang nistha lan ala. Mula aja samar maneh heh Pandhawa! Sira iku wus tinakdir ngambah dedalane kabecikan lan kaluhuran.

 06. Rong rupa sipat-sipate sakeh kang gumelar ing donya iki. Ana ingkang darbe sipat-sipat sura utawa kadewatan, lan ana ingkang darbe sipat-sipat asura, utawa karaseksan. Sifat-sifat sura wus Manira terangake ing ngarep. Rungokna saiki apa ingkang dadi kosokbaline..

07. Apa kang pantes ditandangi, lan apa kang wus genah kliru yen ditandangi, iku para asura ora bisa milahake. Para asura iku ora ngerti apa sing diarani kasusilan, kajujuran lan kasunyatan.

08. Rumangsane ing donya iki ora ana dhasar dhasar kasusilan lan kasunyatan. Mituru panemune para asura, kabeh ing donya iki dumadine mung saka uwohe birahi antarane kang sipate lanang lan wadon, saka polahe hawa nafsu seksuil. Allah iku ora ana!.

09. Kanthi rasa lan pikiran kang isine kaya mangkono iku, lan kabodohan kang melasake, wong-wong iku tanpa nidakake panggawe ala kang gawe cilakane liyan.

10. Kekarepane ora ana mareme, kang dipundhi-pundhi mung dhiri pribadi. Riya, sengguh, saking bodhone, kelakuane nganti kaya kelakuane wong kang ora waras. Mula uwohe panggawene ora liya mung kajahatan.

11. Atine ginubel ing reribet kang ora ana uwise, kang temahan mung gawe sirnane bibite kaluhuran. Gegayuhane ora liya mung bisaa ngrasakake kanikmatan.

12. Tinlikung ing jagading kadursilan, karana panggawene kang ala, tansah ngarep-ngarep bisaa gawe mareme angkarane, daksiya, srakah, uring-iringen, kang diajab mung dhuwit kanggo nuruti kekarepane kang asor.

13. Dina iki, iki wus bisa kecekel. Muga-muga sesuk aku bisa entuk kae. Yen wus iki banjur ika lan kae, mesthi tembene aku bisa dadi sugih.

14. Mungsuhku kang siji wus bisa tak sirnakake. Liya-liyane mesthi uga bisa tak pateni. Aku iki tinakdir ngrasakake kanikmatan ing donya iki, ora beda karo Allah. Mula menyang endi wae, kabegjan tansah tutwuri uripku!

15. Awit lahir aku wus tinakdir entuk kabegjan. Sapa ta kang padha karo aku. Tak caos kurban lan tak dedana kang akeh. Urip iku perlune rak seneng-seneng. Mangkono pikirane wong-wong kang padha ora waras mau.

16. Thenguk-thenguk ngalamun ngetutake lakune pikirane ingkang  pating  saluwir,  kasrimpet-srimpet  ing  jaringaning kacublukan, kepatuh ngetutake kakarepaning hawa napsu, wong- wong iku mesthi bakal kacemplung ing naraka.

17. Memundhi marang dhirine, gumedhe, mendem kasugihan lan angkuh, yen sesaji kurban dongane ora terus ing batin, mung lambene sing komat-kamit. Dadine lamis, ora miturut piwulang kang wus dianggo kuna makuna.

18. Karemane mung nuruti angkarane, ngendelake panguwasane, dhemen muring-muring, murka lan sawenang-wenang. Wong- wong iku satemene sengit karo Manira kang jumeneng ana ing sajrone ragane dhewe lan ragane sesama manungsa.

19. Wong-wong kang nyenyengit iku dhemen muring-muring lan daksiya, sayektine jiwa-jiwa kang elek dhewe ing donya iki. Manira lahirake jiwa-jiwa mau lumantar guwagarbane wanita- wanita kang darbeni watak raseksi, srakah lan murka.

20. Dumadi ana ing sajrone guwagarbaning raseksi, kasasar-sasar saya adoh saben tumimbal lahir, wong-wong iku ora bakal bisa tumeka ing ayunan Manira, nanging padah sileb, ambles marang dedalan ingkang asor dhewe.

21. Dalan marang neraka, cecoba tumrap Ingsun kang luhur, iku ana telung rupa : Nuruti kekarepane angkara, uring-uringan lan kamurkan. Mula singkirana wewatekan telung prakara iku.

22. Sapa kang bisa uwal saka wawatekan telung prakara mau, wus ngadohi pengaruhe Tamas, kang nuntun marang jagading pepeteng. Dheweke banjur tumuju marang karahayoning dhiri, tumapak ing dedalan kang mulya dhewe.

23. Nanging sapa kang ora migatekake piwulanging Kitab, mung nuruti kekarepane napsu, iku ora bakal bisa nyandhak gegayuhaning manungsa kang luhuring aluhur. Ora ana kamulyan tumrap dheweke, marga dheweke nyimpang saka dalaning kautaman.

24. Mula dadekna piwulanging Kitab iku pandom tumrap apa ingkang wajib sira lakoni lan apa ingkang kudu sira singkiri. Kanthi migatekake piwulanging Kitab, lakonana kuwajibanira ing donya iki.


Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Nembelas, winastan : Panunggal Lumantar Wiweka utawi Pembedanipun ingkang Nyata lan ingkang Samar.

 

17. SRADDHA – TRAYA – VIBHAGA YOGA 
Wejangan ingkang kaping Pituwelas : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Iman Ingkang Tigang Warni


01. Harjuna nuwun priksa : “ Manungsa ingkang sampun nilar sarengating Gami, nanging kanthi teguh tansah ngrumiyinaken kawigatosanipun liyan, kersaa Paduka nerangken derajatipun manungsa ingkang makaten punika. Punapa piyambakipun punika ngenggeni Satwa, Rajas punapa Tamas?

02. Kang ngayomi karahayoning bawana ngandika : “Kahananing imaning manungsa iku ana telung rupa, gandheng karo dhasar wateke kang dadi gawan, nalika wong mau dilahirake, yaiku : Satwa, Rajas utawa Tamas. Mulo rungokna!

03. Imaning manungsa iku ora nyebal saka manungsane. Iki wis ora kena diganggu-gugat, heh Barata! Lan sateruse, kahanane uriping manungsa iku gumantung saka imane. Apa kang dadi piyandhele (Imane) iku mesthi bakal dumadi.

04. Wong-wong kang imane dhedhasar Satwa, padha memundi lan caos kurban marang para dewa utawa malaikat. Kang Imane dhedhasar Rajas, padha memundi kasugihan lan kekarepaning hawa nafsu. Kang Imane dhedhasar Tamas, padha memundi dhemit, setan, lelembut lan sapanunggalane.

05. Sapa kang ngluwihi apa kang dadi kuwajibane miturut piwulange Kitab, tansah tapa lan nganiaya jiwa ragane, mubal katakaburane, gedhe angkarane lan tansah ditunggangi hawa napsune;

06. Sapa kang kanthi andelarung tansah nganiaya serandhuning badane, lan jalaran saka iku uga nganiaya Manira, kang jumeneng jroning ragane, kawruhana, iku kelakuane kaya para raseksa.

07. Bab pangan wewatekan uga ana telung rupa. Mangkono uga bab kurban, tapa lan dana. Mula rungokna kanthi patitis.

08. Pangan kang nuwuhake kuwanen ndadha lelakoning urip, resik, suci, nuwuhake kesarasan, kekuwatan lan kagumbiraan, mirasa lan becik, kawruhana iku pangan kan dadi pilihane para Satwaka.

09. Pangan ingkang pat, ayit, asin utawa panas, pedhes, kumlitik lan garing, iku pangan kang dadi kasenengane para Rajasa. Pangan kang mangkono iku bisa nuwuhake lelara, kasusahan lan kasangsaran.

 10. Apa kang wus mambu, ora mirasa, meh bosok, wayu, kikil lan sapanunggalane kang reged, iku pangan kang dadi kasenengane para Tamasa.

11. Pangurbanan kang sepi ing pamrih tumrap awake dhewe, kang dilakokake miturut aturaning Kitab, kawruhana heh Barata, yen pangurbanan kang mangkono iku dhedhasar Satwa.

12. Nanging yen pangurbanan mau kanthi tujuwan entuka leliru kang nguntungake, yen anggone nindakake pangurbanan iku sarana lelamisan, kawruhana yen pangurbanan mau dhedhasar Rajas.

13. Dene pangurbanan kang tanpa aturan kang wus tinamtu, tanpa donga, tanpa sesaji panganan, lan dilakokake tanpa iman utawa piandel, kawruhana yen pangurbanan iku dhedhasar Tamas.

14. Memundhi para malaikat utawa dewa, para tinarbuka, para guru, para wiku, memundhi kasucian, kajujuran lan kasusilan, iku tapane wong kang nedya ngresikake jiwa ragane.

15. Pangucap kang ora gawe seriking ati, merak ati, nyata lan banget mitulungi, ngapalake isining Kitab-kitab suci, iku tapaning pangandika.

16. Ngudi gembiraning tyas jroning kahanan kang kayangapa uga, ngudi katentreman, ora kakehan micara, ngendhaleni hawa napsu, nyenyuci telenging urip, iku kan diarani tapaning Jiwa.

17. Kang kanthi iman kang kandel nindakake tapa telung rupa mau, ora ngarep-ngarep lelirune utawa upahe, tansah ayem lan tentrem, kawruhana, wong iku nindakake tapa kang dedasar Satwa.

18. Tapa kang dilakoni kanthi lelamisan, sarana pamrih entuk pangaji-ajining liyan, lan kawentaring namane, iku tapa kang dhedhasar Rajas. Wong mangkono iku mesthi ringkih imane, ora kena dipercaya.

19. Sabanjure tapa kang dilakoni tanpa mikirake panandhanging raga, kang sesambat marga kinaniaya, lan kanthi sedya gawe cilakane lan sangsarane liyan, tapa kang mangkono iku dhedhasar Tamas.

20. Dana kang diwenehake kanthi kawigaten kang pantes, tanpa nganggo ngarep-ngarep lelirune, nganggo ngelingi empan lan papan, iku dana kang dhedhasar Satwa.

 21. Nanging dana kang diwenehake kanthi ngarep-arep lelirune, keuntungan utawa upah, utawa dana ingkang kanthi kapeksa anggone menehake, dana iku dhedhasar Rajas.

22. Dana kang diwenehake tanpa nganggo noleh empan lan papan, marang wong kang ora pantes didanani, lan diwenehake kanthi cara kang nyimpang saka tatakrama lan kasusilan, dana mangkono iku dhedhasar Tamas.

23. Aum Tat-Sat mangkono unine tembung telung wandha, kang kanggo nyebut Hyang Brahma. Kanthi japamantra iku disucekake wong-wong kang padha ngudi kaluhuraning dumadi sarana dadi Brahmana, kitab-kitab Wedha lan sesaji-sesaji pangurbanan.

Cathetan : Tembung A U M punika tegesipun tunggal misah kaliyan tembung AMEN utawi AMIN ingkang suraosipun percaya bilih punapa ingkang sinedya bandhe kalampahan.

24. Mula kabeh pangurbanan, dana utawa tapa, kayadenen ingkang diwulangake dening kitab-kitab suci, supaya diwiwiti nganggo tembung A U M, yen ingkang tumindak iku lumaku atas asmane Hyang Brahma.

25. Kabeh uwong kang sesaji kurban, dedana utawa tapa, kang ora ana pamrihe bab opah utawa leliru, lan mung nedya nggayuh kamukswan (pejah tanpa nilar raga) supaya ngawiti tumindake iku kanthi ngucapake tembung T A T.

26. Kasunyatan lan kasucian rumaket ing tembung S A T. Mangkono uga kabeh panggawe kang utama, gandheng karo tembung S A T, heh Parta! Mula kabeh panggawe kang utama iku prayoga dipucuki dening tembung S A T.

27. Tumrap sesaji pangurbanan, tapa lan dana, S A T tegese kateguhan. Mula kabeh panggawe kang dilakoni kanthi gegayuhan kang kalebu wewengkone S A T prayoga diwiwiti uga kanthi ngucap SAT.

28. Apa kang dikurbanake tanpa Iman, awujud dana utawa tapa, utawa apa bae liyane, iku diarani a-SAT. Ing donya iki lan ing akherat ora bakal nenuntun marang DAT.



18. SAMNYASA YOGA - MOKSHA 
Wejangan ingkang kaping Wolu las : Penunggaling Kawula Gusti lumantar Ngungkurake Donya

 

01. Harjuna matur : “ Bab mungkur ing Donya kula kepengin sanget ngertosi inti-sarinipun. Makaten ugi bab ngeklasake uwohing pandamel. Karsaa Paduka nerangaken bedanipun.

02. Ingkang rumeksa ing karahayoning jagad ngandika : “ Sapa kang wus eklas, ora kepengin nglakoni panggawe kang dianggo utama dening jagad, iku kang diarani wong kang wus mungkur ing karameyan utawa Donya. Dene wong kang nglakoni sakeh panggawe minangka tadha bektine marang Manira, tanpa ngarep- ngarep apa-apa, iku kang diarani wong kang wus ngeklasake uwohing panggawe.

03. Panggawe apa wae, iku mesthi dadi mulabukane sawiji kang ora prayoga. Ngadohana sakeh panggawe! Akeh wong kang darbe panemu kang mangkono iku. Ora ! Pangurbanan, dedana lan tapabrata lan latihan-latihan ngendhaleni hawa napsu lan angkara kudu dilakoni. Akeh uga kang darbe panemu kang mangkono iku.

04. Mula rungokna apa kang dadi panemu Manira bab ngeklasake uwohing panggawe, kang kaprahe diarani Tiyaga, ana panemu telu.

05. Aja nganti nglirwakake sakeh panggawe nglelatih jumbuhe Kawula Gusti, sakeh panggawe ingkang tumuju marang dedana, utawa panggawe pangurbanan. Panggawe telung prakara iku dadi sesuci tumrap sang Wiku.

06. Nanging sajrone nglakoni panggawe telung prakara mau, eklasna uwohe, lan aja sira duwe rasa seneng bisa ngrampungake panggawe iku. Wondene pangawe-panggawe mau lakonana kanthi kateguhaning budi, ora beda karo uwong kang isih kasengsem marang kadonya.

07. Ngungkurake panggawe kang dadi kuwajibane, iku jenenge nglirwakake darmane. Satemene mangkono iku ora prayoga banget, jalaran nutupi dalan kang tumuju marang kasampurnaning urip. Sapa kang jalaran saka bodhone, nglirwakake darmane, iku sajatine wong Tamasa.

08. Tapa kang ditindakake jalaran saka wedi bakal nemu kasusahan, banjur ora diterusake, mopo, leren anggone nglakoni tugas kanthi ngeklasake uwohe panggawene, kawruhana yen Tiyagane wong iku dhedhasar Rajas. Laku kang mangkono iku ora ana gunane.

 09. Nanging sapa kang jalaran ngrumangsani darbe kuwajiban, nglakoni kuwajibane mau sepi ing rasa marem lan pamrih bab uwohe, wong kang mangkono iku diarani wong Satwaka.

10. Dheweke ora wegah nglakoni panggawe kang abot-abot sanggane, lan uga ora ngarep-ngarep panggawe kang nyenengake. Sang Tiyaga kang mangkono iku, kang tansah linimputan dening dhasar-dhasar Satwa, tuhu wicaksana lan wus ora darbe rasa tidha-tidha maneh.

11. Sajatine ora ana wong kang isih ngrasuk raga, kang bisa sepi babar pisan saka tumandhang. Mula mung wong kang ora ngarep-arep uwohe panggawe kang kena diarani wong kang wus mungkur ing donya.

12. Nyenengake, ora nyenengake utawa tiba tengah, telung rupa uwohe pakarti iku, tumrap jalma kang isih ngarep-ngarep uwohe panggawene. Jalma kang wus ngungkurake Donya ora mikirake anane uwoh mau.

13. Kawruhana, heh Prajurit sinakti, jalaraning pakarti iku ana limang prakara, yen dietung-etung, tumrap pakarti kang wus kalakon. Sapisan jalaran anane raga, Kapindho anane kang ngobahake raga.

14. Kaping telune anane indriya lima, kaping papate anane sakeh daya kekuawatane alam, lan kaping limane Karsaning Pangeran.

15. Panggawe apa wae kang dilakoni dening manungsa, nadyan ta mung dibatin, utawa mung dikandhakake, utawa dilakoni temenan, kanthi tujuan ala utawa becik, mesthi anane limang prakara mau kang dadi sebab bisane kalakon.

16. Mula sapa kang duwe rumangsa, yen dheweke ingkang ngrampungake panggawe mau, panemune iku kliru, jalaran isih tuna ing pangawikan.

17. Nanging jalma kang wus sepi ing angkaran, kang budine wus resik saka sakeh rereged, jalma kang mangkono iku, nadyan ngayahi dadi prajurit, dudu jalma kang gawe pepati, lan ora bakal dheweke nemahi akibat-akibat kang ora becik saka panggawene mau.

18. Pangawikan, Kang darbeni pangawikan, lan samubarang kang gumelar, kawruhana, iku kang dadi pucuke sakeh pakarti. Kang nindakake pakarti, pakartine lan piranti-pirantine, telung prakara mau kudu ana supaya sawenehing panggawe bisa kalakon.

 19. Pangawikan, panggawe lan Kang tumindak, siji-sijine ana telung warna miturut dhasar gunane. Mara ta semaken kapriye kahanan siji lan sijine mituru Triguna.

20. Apa ingkang anjalari Kang Langgeng lan Tunggal bisa disipati jumenenge sajrone saben titah, wutuh sanadyan panggonane tanpa wilangan. Kawruhana pangawikan kang mangkono iku dhasare Satwa.

21. Nanging pangawikan kang ngretine mung kahanan kang maneka-neka, kang padha beda-beda kabeh, sakathahing titah ora ana gegayutane siji lan sijine, kawruhana pangawikan kang mangkono iku dhasare Rajas.

22. Dene kang darbe panemu yen kawruhe dhewe iku nyukupi kanggo titah sajagad kabeh, sarta kanthi beguguk mutawaton ngukuhi panemune mau, sarta ngemohi panemune liyan, kawruhana yen pangawikan mangkono iki dhasare Tamas.

23. Sapa kang tumandhang miturut prentahe darmane, lan ora ngarep-ngarep uwohe panggawene, kelakuane jalma ingkang mangkono iku dhasare Satwa.

24. Nanging kang tumandhange saka ajakane pepenginan- pepenginan, kang nindhakake panggawene jalaran kasurung dening angkarane, lan terus-terusan nyambut gawe, ngliwati ingkang salumrah, ngaya, kawruhana kelakuaning jalma kang mangkono iku dhasare Rajas.

25. Kang ora merduli akibat-akibate pakartine, temahan gawe rugine utawa natoni atine wong liya, nindhakake panggawene nganggo sakarep-karepe dhewe, kawruhana yen kelakuane wong iku dhedhasar Tamas.

26. Kang ora tansah ngungasake angkarane, sepi ing rasa seneng marem, tansah teguh lan linimputan ing Iman kang kandel, ora keguh jroning malang utawa mujur, wong kang mangkono iku diarani pelaku Satwaka.

27. Nggih, kang diajab mung entuka kauntungan, srakah, daksiya ing budi, tansah ginonjang-ganjing dening bungah lan susah, wong ingkang mangkono iku diarani pelaku Rajas.

28. Wong ingkang tumindak sakarep-karep, ora kena dijagakake tindak-tanduke, kasar, bodho, julig, dhemen mblenjani, keset, sungkan, ngleler, wong iku diarani pelaku Tamas.

29. Nalar lan karsa iku uga ana telung prakara, heh Barata! Prayoga siji lan sijine Manira terangakae marang sira, heh Dananjaya!.

 30. Nalar kang wus bisa milahake anane kawigaten kang jumendhul, banjur metu tumuju marang jagadhing karameyan lan kawigaten kang jumedhul banjur mlebu tumuju marang jagading kasunyian, lan jalaran saka iku ngreti apa kang kdu dilakoni ana apa kang kudu disingkiri, bisa mbedakake apa kang bisa nekakake katentreman; apa kang bisa nyupeketake lan apa kang bisa nuwuhake cecongkrahan, kawruhahana nalar kang mangkono iku dhedhasare Satwa.

31. Nalar kang ora bisa mbedakake ala lan becik, ana kang kudu dilakoni lan apa kang kudu disingkiri, kawruhana, heh Parta, yen nalar kang mangkono iku dhedhasar Tamas.

32. Kang pandulu batine linimputan dening pepeteng, nganti tumrape dheweke ala lan becik, kabeh dadi sungsang buwana balik, nalare wong kang mangkono iku dhedhasar Tamas.

33. Karsa kang tetep teguh, kena kinarya ngawasi obahe pangripta, mlebu metune napas, lan obah mosike indriya, jroning olah panunggal, kang tan kena dislewengake, kawruhana yen karsa mau dhedhasar Rajas.

34. Dene sapa kang ing donya iki mung nuruti karepe napsune, tansah ngoyak kacekele semat, derajat lan keramat saking senenge utawa marga pangarep-arep bakal entuk manfaat, kawruhana yen wong kang mangkono iku karepe dhedhasar Rajas.

35. Dene uwong kang dhemene mung turu kanggo ngoncati rasa was-sumelang lan pikiran-pikiran kang gawe petenging ati, ora duwe pengarep-arep apa-apa, dhemene minum, madat, main lan sapanunggalane, kawruhana, heh Harjuna, yen wong iku karsane dhedhasar Tamas.

36. Saiki he trah Barata kang pinunjul, bab anane kanikmatan telung rupa, kang dadi kasenengane manungsa, marga padha duwe panemu, yen kanikmatan-kanikmatan mau bakal mungkasi kasusahan kang lagi disandhang.

37. Apa ingkang sakawit rasane pahit, getir kaya upas, jebul wekasane rasane kaya banyu puruhitasari, kawruhana yen kanikmatan kang mangkono iku dhasare Satwa, kang tuwuh saka pangaruhe budi lan atma.

38. Kanikmatan kang tuwuh saka mendeme indriya, ing sakawit rasane kaya banyu puruhitasari, nanging wusanane, jebul dadi upas kang mandi, kawruhana yen kanikmatan kang mangkono iku watake Rajas.

 39. Kang ing sakawit lan ing pungkasan padha wae, sanyata ora bisa aweh kamareman, kanikmatane wong kang keset lan mung dhemen turu, kawruhana yen kanikmatan kang mangkono iki dhedhasare Tamas.

40. Sajtine ora ana manungsa ing donya iki utawa para dewa ing kahyangan, kang terus-terusan bisa uwal saka pangaruhe Triguna.

41. Uga panggawene para Sudra, Waisya, Satriya lan Brahmana, heh Parantapa, pilah-pilah miturut wateking guna kang aweh pengaruhe.

42. Ngendhaleni angkarane, olah katentreman, tapa brata, nyenyuci budi, nindakake kajujuran, patuh lan telaten, olah pangawikan lan kawicaksanan, Iman marang Allah, kawruhana yen kabeh mau dadi panggawene para Brahmana.

43. Sabanjure kawruhana, yen kasudiran, kateguhan, katrampilan olah kridaning perang, tan ngerti ing mundur jroning perang tandhing, dhemen peparing lan kautaman, iku kabeh wewatakaning satriya. Denen kuwajibane para satriya iku mernata lan ngayomi angger-angger adeging urip bebrayan, murih negara bisa lestari kertaraharja.

44. Tani, nangkarake raja kaya, makarti gawe barang-barang kaperluwaning urip bebrayan (Industri), dagang lan sapanunggalane, kawruhana yen iku kuwajibane para waisya, lan magawe miturut prentahe liyan, yaiku buruh, iku dadi kuwajibane para Sudra.

45. Manawa kabeh wong iku nglakoni kuwajibane dhewe-dhewe, mesthi dheweke bisa nyandak gegayuhan kang luhur dhewe. Marma midhangetake kapriye bisane saben tindak entuk kasampurnan.

46. Sarana ngalembana kang dadi mulabukane kabeh kang gumelar iki, lan nglakoni panggawe-panggawe kang dadi kuwajibaning uripe, manungsa mesthi tumeka ing kasampurnan.

47. Luwih becik nglakoni dharmane dhewe, nadyan ta mung remeh banget, tinimbang karo nindhakake kuwajibane wong liya kang minulya lan entuk ngaji-aji wong akeh. Manungsa kang tansah ngrampungake darmane dhewe, mesthi luput ing dosa.

48. Karma utawa panggawe-panggawe kang dadi kuwajibaning urip jalaran saka papesthen, gandheng karo lingkungan kelahiran, iku kudu di rampungake, sanadyan ta susah banget anggone  nglakoni.  Kaya  dene  urubing  geni  kang  linimputandening kukus, panggawe-panggawe kang dadi kuwajiban iku katone kurang nyenengake.

49. Kang budine wus luwar saka sakeh bebandhan, lan kang tansah nguwasani pribadine, lan kang wus tanpa pepenginan, iku mesthi tumeka ing kasampurnan. Wong mangkono iku tuhu wus mungkur ing donya.

50. Lan sapa kang entuk kasampurnan, mesthi ya wus manunggal kari Brahma. Prayoga kahanan ingkang luhur dhewe iki, Manira terangake marang sira.

51. Kang wus bisa manunggal jalaran saka sucine budine, lan kanthi teguhing karsa nguwasani pribadine, sarta ora keguh maneh dening sakeh kahananing urip, ora dhemen ora gething.

52. Hemen dumunung ing sepi, sinartan pangan kang prasaja lan pininta, nguwasani obahing raga, mlebu metune napas, wijiling pangandika lan osiking jiwane, ora kendhat mbudi panunggal minangka tandha bektine marang kang kang ngayomi uripe.

53. Kang wus bisa nyingkirake angkarane, watek dakmenang, dhemen muring-muring, takabur, kamurkan lan pepenginan- pepenginan, sarta tansah ana sajroning katentreman, lan narima ing pandum, manungsa kang mangkono iku wus siyaga manjing ing jatining Brahma.

54. Yen dheweke wus manunggal karo Hyang Brahma, sajroning katentremaning jiwane, dheweke wus ora duwe pepenginan maneh, sarta wus ora bisa kataman ing rasa was sumelang lan susah sedhih.

55. Lan jalaran saka bektine kang tansah tumuju marang Manira, dheweke bisa jumbuh karo Manira, lan uga bisa njajagi Dat Manira. Lan sapa kang bisa meruhi Dat Manira, mesthine uga bisa manjing ing Dat.

56. Sapa kang tansah nglakoni lan ngrampungake kabeh panggawe kang dadi kuwajibane, kanthi tansah ngayom marang Manira, karana sih Manira, dheweke ing wekasan bisa manjing ing Sawiji kang tan kena ing rusak.

57. Pramula anggawe apa wae kang kudu sira lakoni, lakonana ing sajroning pangriptanira minangka tandha bektinira marang Manira. Aja mingset anggonira ngudi panunggal lumantar bangkite budinira, sarana jiwanira tansah tumanem ing Manira.

58. Yen sakeh pangriptanira tansah tumuju marang Manira, mesthi sira tansah Manira ayomi. Nanging yen karana angkaranira sing tansah mbugegeg, ora gelem ngrungokake marang pitutur kang becik, akhire sira bakal nemahi kaleburan.

59. Nadyan sira dhedhelikan ing sajroning pagedhongan wesi, sarta ngoncati palagan jalaran saka derdahe batinira, mangkono iku sajatine tanpa guna sebab kahananing lalakon bakal meksa sira nindakake peperangan.

60. Cinancang dening kodrating pribadi, sira kapeksa kudu nindakake tugasira. Kuwajiban kang sira lirwakake jalaran saka bodhonira, gelem ora gelelm, ora wurung kudu sira lakoni.

61. Allah iku jumeneng ing ati sanubarining saben titah, lan ngobahake kabeh titah miturut laku jantrane dhewe-dhewe.

62. Mula nyuwun pitulungane utawa pangayomane Pangeranira, kanthi sumarah ing Panjenengane, heh Barata, Karana palimarmane, sira bakal oleh kamulyan, ing katentreman kang langgeng.

63. Mangkono gelaraning kawruh kang dadi wadining wadi. Mula yen sira wus bisa nampa kabeh mau sarana gamblang, enggal tumandhanga miturut pakone atinira.

64. Lan saiki rungokna wadi Manira kang linuhur, kang nedya Manira wedharake marang sira. Kawruhana sira iku kekasih Manira. Mula apa kang Manira gelarake iki, muga-muga neguhake karahayinira.

65. Kanthi pangritanira tansah tumanem ing Manira, asunga bekti marang Manira, kurbana marang Manira. Manira ora bakal mblenjani janji Maniraiki, heh mitra Manira.

66. Sajrone nglakoni darmanira, pasrahna pepesthenira marang Manira, sarana nyumanggakake karahayoning uripira marang Manira. Mesthi Manira bakal ngluwari sira saka sakeh dosa. Mula singkirana sungkawanira.

67. Dingati-ati, aja nganti sira ngandhakake apa kang Manira wecakake iki marang sapa wae, kang ora gelem sumarah marang Manira lan ora gelem nglakoni prihatin, utawa marang sapa kang ora mbutuhake, utawa kang ora darbe Iman marang Manira.

68. Sapa kang nerang-nerangake wadi Manira kang adiluhur iki marang wong-wong kang padha asung bekti marang Manira, iku mesthi ora suwe banjur manunggal karo Manira.

69. Sebab ing antarane pra manungsa ora ana kang panggawene luwih becik, miturut panemu Manira, tinimbang karo wong iku. Mula ing salumahing bumi ora ana titah kang luwih Manira tresnani tinimbang karo dheweke.

 70. Sapa kang tansah budidaya bisane netepi piwulang kang winaca ing lawan sabda kita iki, iku prasasat asung kurban kang rupa kawicaksanan marang Manira, kurban iku kurban kang becik dhewe.

71. Sapa kang kanthi Iman ingkang kandhas ing telenging atine, ngrukokake lawan sabda kita iki, iku bakal sinucekake lan linuwaran, lan bakal pinaringan padunungan ingkang adiluhur, yaiku suwargane para suci.

72. Heh Parta! Apa sira wus ngrukokake lan bisa nampa kanthi mathenging jiwanira apa kang Manira wedharake iki? Apa saiki pepeteng kang ngalang-alangi panggrahitanira wus sirna, Heh Dananjaya?

73. Harjuna matur : “Sampun sirna babar pisan Pangrahita kawula sampun bangkit maragi saking palimara Paduka, dhuh Atiyuta! Sapunika sampun mantep manah kawula, sarta kawula badhe tumindak miturut dhawuh Paduka”.

74. Sanjaya matur : “Kawula saged mirengaken pangandika ingkang mijil saking tutukipun Sang Wasudewa tumuju dhateng Sang Parta ingkang tuhu luhur bebudenipun, pangandika ingkang sanget ngeram-eramaken saha damel njegraging rikma.

75. Saking palimarmanipun Sang Wiyasa, pangandika kang medharaken wadining-wadi ingkang adiluhur. Inggih punika latihan-latihan minangka nggayuh sampurnaning gesang, saged kula tampi saking Pangeran ingkang misesa gesang piyambak.

76. Dhuh Sang Prabu! Saben-saben kula kemutan lawan sabdanipun Sang Kesyawa lan Sang Harjuna, kapranan, trenyuh sanget manah kawula, margi katuwuhan marem lan bingah ingkang tanpa upami.

77. Saben-saben manawi kula manah-manah kawujudan Sang Harimurti, ingkang tuhu Agung lan ngedhap-edhapaken wau, kapranan malih manah kawula lan kawula lajeng saged ngraosaken malih kanikmatan ingkang boten wonten pindhanipun.

78. Ing pundi jumenengipun Sang Kresna, Gusti ning Yoga lan Sang Parta ingkang mboten nate pisah kaliyan gandhewanipun, ing riku tuhu dumununganipun Jaya Kawijayan, Kamulyan lan Karahayon. Punika sampun mboten wonten tidha-tidhanipun malih”.

 

Punika piwucal winadi ingkang kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Wolulas, winastan : Panunggal Lumantar Ngungkuraken Donya.



Tamat. Serat Bagawad Gita. Pangalembana konjuk dhumateng Sang Kresna kang Suci. Karahayon lan Katentreman mugi tuwuh ing Jagad. Aum... Aum...Aum.


Melai Ngetik : Jumungah Wage (Jawa) 14 Juni 2013 Karampungake : Rebo Wage (Boge) 19 juni 2013


..............................

Penulis : Drs. Ir. R.M.S. Suryo Hudoyo Penerbit : Yayasan “Djojo Bojo” Surabaya


Share this:

 
Copyright © Babad purna. Designed by OddThemes