Headlines

Urip mung mampir ngombe



Ukara iku banget populer ing satengahe bebrayan Jawa, nyebutake yen urip kaya mung mampir ngombe. Kepiye tegese ukara iku? Kanggo mangerteni tegese ukara, wong kudu ngerti luwih dhisik tegese tembung siji lan sijine.

Mikir lan ngrasak-ngrasake tetembungan sing diadhepi kanthi jembaring wawasan ing bab basa lan jeroning rasane, tetembungane mung nduweni teges wantah (lugas) apa ngandhut surasa pasemon ( kiasan) ?

Apa tegese tembung mampir?

Kabeh wong Jawa ngerti arti lugas tembung mampir, yaiku tumrap wong mlaku sing leren duwe perlu ing sawijining panggonan. Sawuse cukup enggone mampir, duwe perlu, banjur mlaku maneh nerusake laku.

Mengkono sanepane tumrap wong urip iki . Uripe kaya wong mlaku, mampir ing ngalam ndonya. Tembung 'mampir ' iku ndeweni teges mung sedhela. Sawuse rampung enggone mampir, sateruse mlaku maneh tumuju menyang jaman asal - usule uripe.

Kaya wong mlaku paribasane, butuh mampir ngombe ing sawijining omah. Kenapa kok butuh ngombe? Jalaran ngorong, ketelak, garing gorokane. Ngombe iku mau bisa uga nduweni teges (1) yen wong urip perlu ngombe 'kawruh' utawa 'ilmu' kanggo sangune mlaku. (2) Yen wujud banyu, ya kari gumantung banyu sing kepiye. Yen ngombene banyu resik, awake bisa sehat, slamet lair - batine, kepenak enggone nerusake laku. Nanging yen ngombene banyu kotor sing bisa gawe laraning awake ,mangka isih butuh nerusake laku, terus kepiye? Yen awake lara , apa ora ambruk ing ndalan, apa enggone mlaku mulih bisa tekan omahe ?

Share this:

 
Copyright © Babad purna. Designed by OddThemes