Headlines

Dalaning Kasampurnaning Urip Sejatining Rasa ( Undak-undak kaping I )


Ora ana
Dadi ana
Nanging ora katon ana
Lair
Terus mati
Mati nanging urip
Urip sajroning alam rasa
Terus lair
Ilang
Terus katon
Katon riyep-riyep
Terus ilang
Byar
Padang trawangan
Iku Gusti Allah kang murbeng dumadi
Wis tekan titi wancine
Nemu kanugrahan kang sejati
Kanggo manjing kasampurnaning urip
Pet terus
Ora ana

Manusia mempunyai 3 tingkatan hidup atau perjalanan sebelum lahir dan sesudah lahirpun ada 3 tingkatan :

Didalam alam kandungan sudah merasakan yang dinamakan sankan paraning dumadi pembarep atau awal yaitu :
1. Alam sangkan atau dikenal darimana, dengan arti mahluk hidup sebelum hidup berasal dari awang uwung lalu masuk kedalam 2 jenis air yang disatukan dalam sebuah ritual.hidup maka hiduplah. Bersatunya 2 air manusia laki-laki dan perempuan menjadikan kekuatan urip. URIP tau HIDUP.
2. Paraning atau dikenal sebagai tujuan atau perjalanan, dengan arti setelah 2 air bertemu lalu jadi urip maka setelah urip air tersebut mencari gantungan hidup atau gumandul urip seperti buah randu yang bergantungan. Pencarian tempat bergantung lalu hidup dalam proses menuju pembesaran atau penuaan janin sampai akhirnya menjadi 4 bulan untuk terisi TAKDIR dari SANG MURBENG DUMADI. Sampailah pada umur tujuh bulan untuk menerima tingkatan hidup dan berurut menuju tingkatan sembilan bulan menanti yang dinamakan DUMADI atau JADI.
3. Dumadi atau yang dikenal tujuan atau jadi dengan maksud setelah janin menjadi sempurna baik jiwa dan raganya akan mencari jalan keluar tingkatan urip pamadya dengan melampaui tahapan dumadi untuk mencari jalan keluar masuk kedunia tahap kedua. Alam raga atau alam tengah.

Raga menjadi sempurna lalu gua garba membuka jalan dan lahirlah PONANG JABANG BAYI. Bayi lahir keduania akan melampaui 3 tahapan hidup.
1. Anak anak atau alam sangkan
2. Dewasa atau alam paraning
3. Tua atau alam dumadi menuju awal kembali

Raga mati menjadi tanah dan abu mengikuti alam berputar dan jiwa akan masuk kedalam alam penantian dan sukma sejati kembali ke alam awang uwung untuk menanti perintah SANG MURBENG DUMADI kembali. Dan hanya TUHAN yang MAHA TAHU.

Gusti Allah punika ingkang dados sumberenipun manungsa agesang. Gesang ingkang kalawaunipun mboten wonten cahya dados wonten cahaya. Kala rumiyin saderengipun ndunya manika wonten, naming enten cahya ingkang ageng. Agengipun mboten saget kinukur. Swalajengipun kraos panas ingkang panasipun mboten sanget kinukur utawi dipun ukur. Perkawis punika jagad gede. Ingkang jagad cilik awonten batos manungsa gesang. Irah-irahipun rasa ingkang dipun bedakaken lan dipun cacah dados:
1. rasa nyilih raga
2. raga nyilih rasa
3. pikir nyilih rasa
4. pikir nyilih raga
5. raga nyilih pikir

Rasa iku urip
Pikir iku dumeh
Raga iku batur utawi kacung bebondotan

Rasa iku mulya
Pikir iku dunya
Raga iku nista utawi hina

Rasa iku pletikane Gusti Allah
Pikir iku awang uwung
Raga iku bumi

Gusti kang manunggal diarani Dzat
Gusti kang njiwa manungsa diarani karawuhan
Karawuhan kang sejati diarani sampurnaning urip
Urip kang sampurna kuwi ngerti sing nggawe lan akarya jagad
Lan seisinipun yaiku jagad gede lan jagad cilik

Rasa iku bendara
Pikir iku abdi
Raga iku kawula

Raga kudu nguasani pikir
Pikir kudu nguasani raga
Ratuning manungsa urip kuwi rasa
Rasa kang sejati yakuwi rasa Gusti Allah

Manungsa bisa urip ing alam kadunyan iki ana patang sebab utawa patang perkara:
1. Dzat ilining banyu utawa tirta
2. Dzat ilining bayu utawa angin
3. Dzat ilining agni utawa geni
4. Dzat ilining siti utawa lemah
Katiup kanggo sukma sejati sejatining urip yaiku nurcahyo.
Gregeh tangi katiup rasa “ urip”. Urip dadi Dzat kang jejibah kanggo manungkul lan nyembah gusti kang akarya jagad.
Takdir niro dadi kewan kang nduwe akal budi. Kang ngagemi agama. Wasis ing babagan pitu yaiku:
1. nyurung anduwe warta
2. nyurung anduwe banda dunya lan wisma
3. nyurung anduwe wanita
4. nyurung anduwe tahta
5. nyurung anduwe agama
6. nyurung anduwe tata susila
7. nyurung anduwe curiga lan turanggaweni
gonjang ganjing pangawak brojol. Brol tetungguling urip ing kasunyatan. Mbalela tangis makantar-kantar nyunggih wakul beras kuning kanggo sampur gawe slamet sapada-pada. Miwah dadi horeging warta sumpena ing kinatur dhateng kang maha kuwaos.
Banendra atur sang tapa mungguhing sampurna dhateng alam padang alam kadunyan. Mungguhing sirna layu ing akhir jaman.
Sukma sejati madeg dadi ratu. Ratu ing kalbu nira.
Ratu kang kinabdi dening sukma pengiring kang cacah dadi:
1. abdi seta
2. abdi wukir
3. abdi galih
4. abdi warna
5. abdi jaran lawung
6. abdi bajul koneng
7. abdi macan brojol
8. abdi teja
9. abdi julung caplok
10. abdi surung wakul
11. abdi jurang sewu
12. abdi rujak blonjo
13. abdi ruda peksa
14. abdi tungkul ghoib
15. abdi pengapesan
16. abdi pengasihan
17. abdi kamulyan
18. abdi kasusahan
19. abdi lena wuyung
20. abdi geger sewu
21. abdi pangiri bronto
ingkang manggeni kraton batok bolu isi madu. Madu retno kang dadi punjering ratu manunggaling kawulo lan gusti. Gusti Allah kang dadi ratu reratuning manungsa. Kang dadi sumbere kekuatan cremeti sewu manungsa. Kang mrentah sakabehing prentah nunggal nyawiji. Horeg,
bumi rengkah ceplok jiwa kang prayangan . wisa ula dumung kasedut dlamakan sewu. Wus dadi awu awing uwung blebeg pirang- pirang atus merguru langit pitungpuluh pitu dadi watesing manungsa lan kang gawe urip.
Urip dadi watesing jaman,
Jaman kang mungguh nggawe cuwaning rasa
Jaman kanga wit peteng, padang lan peteng saekoproyo.
Lintang kemukus kan cemlorot mangidul dadi horeging ndunya sasuwene lair ing alam lan jagad gede.
Liyep-liyep dadi sumunar gede. Gede anggawe padang trawangan naging tanpa diwilang-wilang mungguh wohing akarep-karep njumbul njumbul kaya tuk tinableg watu gilang. Padang kaya sumunar cahya lintang kang kawedar.
Sosoking susuk bundel kajiret mega. Uwal saka bebaya kang kalem pit ing batos. Eloking,
Agama kuwi mustaka wenehipun manungsa agesang. Ingkang gadah bale somah rasa kang kawentar mungguhing akurmat dumateng kang dewaji inggil.
Gusti Allah punika ingkang gadah jejer lan wasesaning urip.
Agunging pakurmat sapa sira sapa insun.
Sun kang dadi mungguhing ratu batos, ratu kang nduwe sadayaning urip. Watu kang urip kewan gegodongan lan sapanunggale urip.
Kabeh urip.
Urip sepisanan sing kudu nduwe arti sejati.
Aja gung adigang adigung lan adiguna.
Insun sira mungguh dadi siji tanpa winates nanging sira ana wates marang”insun”.
Gusti Allah nduwe akarya kang inggil.
Inggil kang tanpa kinukur.
Jalma padang peteng ora ana beda
Kang beda lamun batin kang anyembah siji
Yakuwi Gusti Allah kang nduwe dunya lan seisine

Pitung werna golonganing manungsa :
1. Manungsa manungsa
Manunggaling rasa gusti
2. Manungsa sing kaya manungsa
Kadunyan
3. Manungsa sing kaya kewan
Kadurakan
4. Manungsa kewan
Cacating manungsa
5. Manungsa sing wis dadi kewan
Ora eling
6. Manungsa sing wis dudu manugsa
Edan. Manungsa nanging ora kamanungsan
7. Ora katon manungsa
Siluman. Manungsa kang nyekutoni bangsane jin abangan, iblis, banaspati, lelembut, pesugihan lan sapanunggale

Cahyo putih ———————— Cumloroting wahyu tetesing inten alus
Cahyo kuning ———————— Cumloroting ndaru tetesing emas alus
Cahyo abang ———————— Cumloroting brojo brahala, tenung,
santet lan sapanunggale tetesing
kuningan, perunggu, ewesi lan waja
cahyo ireng ———————— Cumloroting penyakit tetesing bangke
sewu kewan lan rajane begal rasa
manungsa.tetesinreregeting uwuh kang teles lan garing

Sejatinipun urip agesang teng ndunya punika dibagi wonten werninipun :
1. Alam ndunya pengarep
2. Alam ndunya panderek
3. Alam wadag
4. Alam rasa
5. Alam nurcahyo utawi alam ruh suci

Alam nurcahyo utawi ruh suci punika inggih sukma sejati. Sukma sejati menika pletikipun Gusti Allah. Sukma sejati punika bebener ingkang utama. Sukma sejati dipun goda parigoda dening sukma pangiring ingkang katahipun 21 sipat. Utawi sipat salikur. Alam ruh dipun pageri kangge utawi dening alam rasa.
Alam rasa punika alam ingkang gadah kalih perkawis. Ingkang kaping setunggal menika rasa becik lan ingkang kaping kalih menika rasa culika utawi mboten becik.
Alam rasa dipun pageri dening alam wadag. Alam wadag menika wadah kangge panguripanipun alam rasa lan alam ruh suci utawi alam sukma sejati.
Alam wadag utawi badan dipun pageri dening alam dunya panderek. Ndunya panderek menika banda dunya mas picis raja brana ingkang muliaaken manungsa agasang ing alam padang.
Alam dunya panderek dipun pageri dening alam pengarep. Alam angen-angen. Awang-uwung kadunyan ingkang saget mbledi manungsa lan nggered lumebet dumateng alam neraka, alam kasangsaran, alam nista ndunya akherat.

4 TATARAN KEHIDUPAN

1.Amarah= nafas = organ sadar
2.Lawwamah = memiliki, membayangkan = pengembara
3.Mul hamah = menerima ilham Tuhan = pemilih benar/ salah = keingingan kehendak dan
jiwa = tak terikat ruang dan waktu = masa silam = dejavu
4.Mutmaimah = masa lalu, sekarang, masa dating

TALANGAN
Watak : tidak bisa menyimpan harta benda berlama-lama dan hasil yang didapat hanya diberikan kepada saudara-saudaranya tanpa meminta persetujuan suami/ pasangannya.
Bunganya : kenanga
Harinya : Suruh matahari terbenam.

KANTONG BOLONG
Watak : tidak bisa menyimpan dan menggunakan hasil
Boros dan tak terkendali Hidup selalu dalam kekurangan, iri dan dengki Cepat putus asa dan ceroboh
Bunganya : Melati
Harinya : Matahari condong

BERAS WUTAH
Watak : Tidak bisa menyimpan banyak dan selalu bingung
Kekurangan harta benda walaupun sudah kaya raya
Hidupnya selalu bingung dan gelisah tidak meraup sebanyak-
banyaknya.
Bunganya : Mawar
Harinya : Matahari jatuh tengah

PENDARINGAN
Watak : Bisa menyimpan dan mengeluarkan hasil dengan sebaik-baiknya dan
dengan cara yang sebijak-bijaknya Tidak boros dan penuh dengan
perhitungan
Bunganya : Cempaka/ kantil
Harinya : Matahari terbit
Senin, 16 – 06 – 2003
Jam : 02.00 wib

Aja kumalungkung kaya kluntung
Glundung-glundung, thung-thung
Thung-thung dadio balung
Balung sengkleh
Iber-iber kaya kewan mabur dhuwur
Wis dadi dipercaya
Tlepuk tiba wis dadi pestine
Wingi urip, sesuk mati dina iki waras
Kluntung tumelung mangklung-mangklung
Sapiturute dadi amun-amun
Wis dadi pestine
Urip mulya wis dadi nasibe
Mati urip wis dadi karepe Gusti ingkang Maha Suci

Share this:

 
Copyright © Babad purna. Designed by OddThemes