Headlines

YATNA YUWANA LENA KENA

 



Paribasan :

YATNA YUWANA LENA KENA

Tegese : Prayitna njalari slamet, sembrana njalari cilaka.


yatna = prayitna

yuwana = slamet


Ukara tinggalane embah-embahe wong Jawa mengkono iku bener banget. Wong kudu tansah waspada enggone nglakoni urip amrih uripe bisa slamet. Yen sembrana nerak-nerak lakune bakal nemoni bilahi. Mengkono iku wis mesthi, elinga marang unen-unen yen wong urip ngundhuh wohing pakarti. Wong, slamet utawa ora, beja utawa ora, ya saka tumindake dhewe.


Nanging lumrahe wong urip, yen nemoni bilahi utawa nemoni lelakon sing ora kepenak, akeh-akehe nyalahake wong liya, ora gelem metani awake dhewe. Apa enggone cilaka iku ora saka ngundhuh pakartine dhewe? 

Share this:

 
Copyright © Babad purna. Designed by OddThemes