Headlines

Aji Lathi Lan Busana


 

Ana pitakonan saka sedulur Endhenk Sona Sunu, apa tegese AJINE DHIRI SAKA LATHI lan apa tegese AJINE RAGA SAKA BUSANA.

AJINING DHIRI SAKA LATHI

Lathi ( cangkem ) iku banget penting ing panguripane manungsa awit makili swaraning batin. Merga makili swarane ati, apa kang diucapake ya kudu cocog karo batine, karo tumindake. Yen mung apik cangkeme thok, nanging tumindake nasar, enggone kumecap apik arane mung lamis , munafik. Yen kaya mengkono, lathine ora diajeni wong.

Yen kepengin dhirine diajeni, kudu sing bener enggone nggunakake lathiine. Wong, dipercaya utawa ora ya saka lathine.Awake nemoni kepenak ya saka lathine, dikamplengi wong ya saka swarane cangkeme sing nglarakake atine wong.

AJINING RAGA SAKA BUSANA

Wong ya kudu empan papan yen nyandhang nganggo busana ( pakaian ). Umpamane, wong duwe jabatan dhuwur ing kantore, metu mrana-mrana mung kathokan kolor karo kaosan. Mengkono iku ya patut disawang wong, katon kaya enggone ora bisa ngajeni ragane ( awake ). Nanging yen enggone kathokan kolor iku mung ana ing omah utawa ing sawah merga pancen ya seneng tani apik wae , cocog karo papane yen ing sawah ora kudu macak nganggo clana.

Dadi, wong nyandhang nganggo iku ya kudu ngelingi papane.Sawijining priyayi , pegawai, utawa wong sugih, mangkat buwuh (nyumbang) menyang omahe wong duwe gawe kok sandhangane luthu-luthu srandalan japit, ya ora pantes. Kejaba yen wong mlarat, nduwene mung kuwi, ora ana sing ngrasani. Nglayat macak necis nganggo mas-masan ngretep ya oratrep karo swasanae. Kok kaya pamer, mangka sing ditekani iku lagi belasungkawa, susah atine. Kejaba yen mangkat nekani resepsi, ana pantese. 

Share this:

 
Copyright © Babad purna. Designed by OddThemes